Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 1.5: Unggah-ungguh Kanggo Aruh-aruh


 

Bagian 6 dari 6 Bagian

 

Wong urip iku tansah mbutuhake wong liya, jalaran pancen kodrate yen manungsa iku kalebu makluk sosial kang tegese ora bisa urip dhewekan. Kanggo nyukupi kebutuhan anggone sesrawungan karo liyan awake dhewe mbutuhake sarana yaiku basa. Basa kang bener lan becik digunakake nalika sesrawungan yaiku basa kang trep karo unggah-ungguhe. Wujude sesrawungan yaiku kanthi sapa aruh marang wong liyan. Nalika awake dhewe  sapa aruh marang  wong kang wis tepung embuh kuwi kanca, sedulur utawa bapak ibu guru ing sekolahan utawa ing lingkungan masyarakat becike gelem aruh-aruh kanthi becik. Kanthi aruh-aruh awake dhewe wis nambah rumakete paseduluran utawa kekancan. Aja nganti nalika kepethuk bapak utawa ibu guru kok mung meneng wae kepara malah nylingker mlayu ndhelik. Kepriye anggone aruh-aruh becik disemak bab-bab ngisor iki.

  1. Kanggo sapa aruh awake dhewe kudu bisa nglarasake kahanan, umpamane marang sapa, ing ngendi, kepriye kahanane lan sakpanunggalane.  Ing ngisor iki tuladha-tuladha ukara kanggo aruh-aruh.
  2. Nalika ing wayah esuk, kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Sugeng enjang, Bu!”
  3. Nalika wayah awan  kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Sugeng siyang, Bu!”
  4. Nalika wayah sore kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Sugeng sonten, Bu!”
  5. Nalika ing warung kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Badhe mundhut menapa, Bu?”
  6. Nalika ing dalan kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Badhe tindak pundi, Bu?”
  7. Nalika ing ngomah ana tamu kepengin ketemu bapak utawa ibu,  bisa aruh-aruh kanthi ukara “Nuwun sewu, badhe pinanggih sinten, Bu?”

 

Kanthi kelompok gawea cengkorongan utawa skenario awujud pacelathon nalika kowe ketemu bapak utawa ibu guru umpamane ing warung, ing puskesmas, ing swalayan, ing perpustakaan lan liya-liyane sabanjure gawenen wacan pacelathon. Paragakna pacelathon kasebut ing ngarep kelas!

 

Jam pitu kurang seprapat,  Sinta wus tekan sekolahan. Mlebu regol sekolahan dheweke nuli salaman marang ibu kepala sekolah, kang jumeneng ing ngarep regol kanthi matur,”Sugeng enjang Bu”.

“Inggih, enjang” ngendikane ibu kepala sekolah kanthi polatan kang sumeh. Sinta nuli nerusake laku tumuju ing kelase.  Ing ngarep kelas wis ana Renita, Nanang lan kanca liyane. Sinta nyalami kanca-kancane. Ora let suwe kanca-kanca liyane padha teka kabeh. Jam pitu pas keprungu tembang Gambang Suling minangka tandha bel mlebu kelas. Para siswa padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Esuk iku kanggo jam kapisan ing kelase Sinta piwulangan basa Jawa. Bu  Ranti wis rawuh ing ing kelas. Para siswa uga wis tata kabeh. Sinta minangka ketua kelas nuli aweh aba-aba,”Kanca-kanca mangga ndedonga sesarengan”

Sakwise  sauntara wektu anggone ndonga Sinta nerusake, cekap” Sakbanjure Sinta ngabani,”Atur salam”.

Kabeh siswa sakkelas banjur muni, “Sugeng enjang Bu!” Bu Ranti mangsuli, “Sugeng enjang”.  Sakwise iku piwulangan banjur diwiwiti

 

Bagian 1.5.1.
  1. Jam pira Sinta tekan sekolahan?
  2. Tekan regol sekolahan Sinta ngapa?
  3. Minangka tandha mlebu kelas ditandhani nganggo apa?
  4. Kepriye Sinta anggone ngabani kancane?
  5. Nalika ketua kelas wis aweh aba-aba kanggo ndonga kepriye sikepmu?

 

Bagian 1.5.2.
Pranyatan ing ngisor iki ganepana kanthi unggah-ungguh kang trep!
  1. Pranyatan: Ketemu ibu guru nalika wayah esuk.
    Unggah-ungguh anggone aruh-aruh: …..
  2. Pranyatan: Anggone atur salam nalika piwulangan jam pungkasan.
    Unggah-ungguh anggone aruh-aruh: …..
  3. Pranyatan: Nalika wayah sore kepethuk bapak guru ing toko alat tulis.
    Unggah-ungguh anggone aruh-aruh: …..
  4. Pranyatan: Nalika ketemu kanca SD kang saiki beda sekolahane.
    Unggah-ungguh anggone aruh-aruh: …..
  5. Pranyatan: Dina Minggu esuk Bu Darti miyos ngarep omahmu lan kowe lagi nyapu latar.
    Unggah-ungguh anggone aruh-aruh: …..

 

Bagian 1.5.3.

Gawea teks pacelathon nalika sliramu arep tuku kertas kanggo gawe tugas ketemu ibu guru ing toko alat tulis kang arep mundhut flashdisk!

 


 

Bagian 6 dari 6 Bagian


 

8 comments
  1. Aisyah Warastri Ningrum 7D

    Wangsulana
    1. sinta tekan sekolahan jam pitu kurang seprapat
    2.Mlebu regol sekolahan Sinta nuli salaman marang ibu kepala sekolah, kang jumeneng ing ngarep regol kanthi matur,”Sugeng enjang Bu”.
    3.tandha mlebu kelas di tandhani nganggo bel mlebu kelas
    4.sinta ngabani kancane,”Kanca-kanca mangga ndedonga sesarengan”
    5.sikap kula wis tata kabeh lan lungguh anteng.
    Isenana
    1. unggah ungguh anggone aruh aruh:sugeng enjang bu guru
    2. unggah ungguh anggone aruh aruh : sugeng siang bu guru
    3. unggah ungguh anggone aruh aruh:sugeng sonten bapak ibu guru, badhe mundhut menapa pak/bu?
    4.unggah ungguh anggone aruh aruh : kepriye kabare koe lan keluarga mu
    5. unggah ungguh anggone aruh aruh :sugeng enjang bu darti …badhe tindak pundi?
    GLADEN
    Aku : Sugeng sonten Bu Guru…badhe mundhut menapa Bu?
    Bu Guru : Sore Aisyah…bu guru arep mundhut flashdisk.
    Lha kowe arep tuku opo ?
    Aku : Kula badhe tumbas kertas folio bu, kagem ndamel tugas.
    Monggo bu sekecakaken…kula ngrumiyini riyin.

  2. Nama:Amalia Restu Palupi

    Bagian 1.5.1
    1.jam pitu kurang seprapat
    2.salaman marang ibu kepala sekolah lan matur sugeng enjang
    3.tembang gambang suling
    4.ngadek seng bener ,suara kang banter teros ngomong kanca kanca mangga dedungo sesarengan
    5.ngrungokke abane
    Bagian 1.5.2
    1.sugeng ejang
    2.matur nuwun Bu/Pak
    3.sugeng sonten pak
    4.dina apa kabare
    5.sugeng ejeng bu lan keidalan
    Bagian 1.5.3
    Nanda;Asalamualaikum
    Ibu guru;waalaikumsalam eh ana nanda
    Nanda;inggih bu
    Ibu guru;arep tumbas apa nda
    Nanda;bade tumbas kertas bu
    Ibu guru;kertas go apa nda
    Nanda;kertas kangge gawe tugas sekolah bu.kula juga pade mundhut flashdish bu
    Ibu guru;oh nggono ya nda
    Nanda;inggih bu.kula gipitan nggih bu.Assalamualaikum bu
    Ibu guru;inggih ati ati ya nang ndalan.waalaikumsalam
    Nanda;nggih bu

  3. Axsel daniswara

    1. Sugeng enjang bu. Badhe tindak pundi.
    2.sugeng siang bapak/ibubguru
    3.sugeng sonten bapak/ibu guru.bahde mundhut nopo.
    4.piye kabare mas/ mbak suwe ora ketemu
    5.Bu Darti : Lagi nopo mbak/mas iki dino minggu prei anggone sekolah yo.
    Aku : nggeh ibu kulo prei sekolah teras kangge resik resik latar

  4. Axsel daniswara

    1. Sugeng enjang bu. Badhe tindak pundi.
    2.sugeng siang bapak/ibubguru
    3.sugeng sonten bapak/ibu guru.bahde mundhut nopo.
    4.piye kabare mas/ mbak suwe ora ketemu
    5.Bu Darti : Lagi nopo mbak/mas iki dino minggu prei anggone sekolah yo.
    Aku : nggeh ibu kulo prei sekolah teras kangge resik resik latar

  5. Syalawa yoelian angel Octavia

    1. Sugeng Enjang Bu guru.
    5.Dina Minggu Enjang Bu darti miyos ngarep omahmu lan koe lagi nyapu latar
    2.angone matur salam nalika piwulamge jam pungkasan

Tinggalkan Balasan ke Aji indryagung Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *