Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 1.3: Unggah-Ungguh Pamitan


 

Bagian 4 dari 6 Bagian

 

Bab kang kudu digatekake nalika siswa pamitan:

  1. Matur kanthi santun, tegese nganggo basa kang becik.
  2. Sikepe sopan kanthi ngadeg jejeg sirah ndhungkluk.
  3. Praenan kang sumringah, aja mbesengut.
  4. Tangane salaman sokur bage kanthi diaras.
  5. Aja lali nyuwun dongane wong tuwa.
  6. Ora kesusu.
  7. Ora karo sembrana apa maneh cengengesan.

Unggah-ungguhe nalika pamitan:

“Pak kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Donga pangestunipun bapak ingkang kula suwun”.

“Pak kepareng kula nyuwun pamit badhe mlampah. Donga pangestunipun bapak ingkang kula suwun”.

 

Galang  saiki wis kelas pitu SMP mula bocah iku katon dewasa pamikirane. Kanggo kaperluane saben dina dheweke kulina nyawisake dhewe kayata klambi, sepatu, lan buku-buku kanggo wulangan saben dinane. kaya padatan, jam enem esuk  dheweke wis rampung  anggone adus banjur  nganggo sragam sekolah kang wis cawisake. Galang  banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jenenge Raisa. Sawise rampung sarapan Galang  lan  Raisa padha  njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibune. Galang ngajak salaman bapakne karo diaras astane.

 

Galang:

“Pak, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Kula nyuwun donga saha pangestunipun Bapak!”

Bapak:

“Iya le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan lancar anggonmu sinau!”

Galang:

“Matur nuwun Pak donganipun”.

(Sawise iku Galang uga banjur pamit marang ibune semono uga Raisa nindakake kaya apa kang ditindakake kakangne iku.)

Raisa:

 “Pareng nggih Pak, Bu, nyuwun pamit rumiyin!”

Ibu:

“Iya Ndhuk. Ngati-ati ing dalan! Sing waspada anggone ngepit, aja gojegan!”

(Sakpungkure bocah loro iku bapakne  Galang  uga banjur tata-tata budhal kerja.Ora lali uga pamitan marang garwane.)

Bapak:

“Wis ya Bu! Bapak budhal dhisik!”

Ibu:

“Iya Pak. Ngati-ati!”

(Sakwise garwane tindak, ibune Galang nuli nutup pager omahe sakbanjure nerusake pagaweyane)

 

Bagian 1.3.1.
  1. Sapa kang dicritakake ing pacelathon kasebut?
  2. Kepriye watake Galang?
  3. Sakwise rampung sarapan bocah loro iku banjur ngapa?
  4. Kepriye anggone matur nalika pamitan?
  5. Geneya para siswa kudu pamitan marang wong tuwa nalika arep menyang sekolah

 

Bagian 1.3.2.
Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese!
  1. diaras tegese …
  2. mlithit tegese …
  3. sakpungkure tegese …
  4. waspada tegese …
  5. gojegan tegese …

 

Bagian 1.3.3.
Undha-usuk tembung ing ngisor iki ganepana!
  1. Ngoko: adus
    Krama: …
    Krama inggil: …
  2. Ngoko: adhi
    Krama: …
    Krama inggil: …
  3. Ngoko: akeh
    Krama: …
    Krama inggil: …
  4. Ngoko: banjur
    Krama: …
    Krama inggil: …
  5. Ngoko: bareng
    Krama: …
    Krama inggil: …
  6. Ngoko: bocah
    Krama: …
    Krama inggil: …
  7. Ngoko: omong
    Krama: …
    Krama inggil: …
  8. Ngoko: dadi
    Krama: …
    Krama inggil: …
  9. Ngoko: dina
    Krama: …
    Krama inggil: …
  10. Ngoko: duwe
    Krama: …
    Krama inggil: …

 

Bagian 1.3.4.
Isenana nganggo ukara kang trep karo pranyatan ing ngisor iki!
  1. Pranyatan: Dewangga pamit marang bapak lan ibune arep budhal sekolah.
    Ukara kang trep: ……….
  2. Pranyatan: Widuri pamit marang ibune arep mangkat menyang kegiatan ekstrakurikuler pramuka.
    Ukara kang trep: ……….
  3. Pranyatan: Wijaya sowan simbahe. Sakwise cukup keperluane Waskitha pamit mulih marang simbahe.
    Ukara kang trep: ……….
  4. Pranyatan: Bagaskara sowan pakdhene saperlu ngaturake layang. Sakwise rampung kang dadi keperluane banjur pamitan.
    Ukara kang trep: ……….
  5. Pranyatan: Cahyaningrum sowan bulik Rini saperlu takon babagan tugas sekolahan. Sakwise rampung banjur pamitan.
    Ukara kang trep: ……….

 

Bagian 1.3.5.
Ukara-ukara ing ngisor iki salinana nganggo basa krama kang trep!
  1. Jam enem Gunadi wis adus.
    Wangsulan: …..
  2. Sakwise adus banjur nganggo sragam.
    Wangsulan: …..
  3. Gunadi banjur sarapan bebarengan bapak, ibu lan adhine.
    Wangsulan: …..
  4. Bocah loro banjur padha njaluk pamit.
    Wangsulan: …..
  5. Tangane bapakne diambung.
    Wangsulan: …..
  6. Bocah loro iku katon rukun banget.
    Wangsulan: …..
  7. Anggone sekolah numpak pit onthel.
    Wangsulan: …..
  8. Gunadi saben dina sinau kanthi seneng.
    Wangsulan: …..
  9. Bocah loro iku uga bekti marang wong tuwane.
    Wangsulan: …..
  10. Juwita lan Gunadi pancen becik bebudene.
    Wangsulan: …..

 


 

Bagian 4 dari 6 Bagian