Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 1.4: Tata Kramane Wong Mlaku


 

Bagian 5 dari 6 Bagian

 

Ing jaman kang tansaya maju kaya wektu saiki akehe kendharaan uga tansaya tambah. Kanthi akehing kendharaan, kahanan ing dalan uga tansaya rame, akeh para pangguna dalan uga pating sliwere kendharaan. Kanthi kahanan dalan kang tambah ruwet iku mula awake dhewe kudu luwih waspada lan prayitna nalika mlaku ing dalan supaya tansah nemu keslametan. Mula becike awake dhewe tansah nindakake tatakrama nalika  mlaku  embuh kuwi mlaku ijen apa mlaku bebarengan, mlaku ing jero omah apa mlaku ing dalan. Kabeh mau tujuwane supaya slamet tekan kang dituju.

Tegese  wong mlaku becike nganggo tatakrama yaiku  anggone mlaku prayoga tansah nggatekake aturan kang ana ing dalan. Sakliyane iku wigati banget kanthi nganggo tepa salira tegese aja mung mikir awake dhewe nanging uga ngelingi keslametane wong liya.

Bab kang kudu digatekake nalika mlaku yaiku :

  1. Nalika mlaku kudu nganggo tatakrama utawa unggah-ungguh.
  2. Nalika mlaku ing jero omah becike kanthi alon, aja karo mlayu, menawa nganggo sandhal aja diseret saengga nuwuhake suwara kang ngeres-eresi, bisa uga sandhal utawa sepatu docopot banjur diseleh ing papan kang wis dicawisake.
  3. Unggah-ungguhe nalika mlaku liwat ngarepe wong tuwa kanthi mlaku alon, awak rada mbungkuk, karo matur “Nuwun sewu kepareng ndherek langkung”
  4. Unggah-ungguhe nalika mlaku nglancangi wong tuwa kanthi matur “Nuwun sewu kepareng ngrumiyini”
  5. Tatakramane nalika mlaku ing dalan yaiku:
  6. Mlaku turut pinggir sisih kiwa.
  7. Jejer paling akeh loro. Menawa anggone mlaku kakung putrid, sing putrid ana ing sisih kiwa.
  8. Menawa mlaku karo wong tuwa, wongtuwa kang ana ing ngarep, sing enom ana burine.
  9. Kanthi ngati-ati ngawasake ngarep buri, kiwa tengen.
  10. Ora karo bengok-bengok.
  11. Ora sinambi gojegan utawa dolanan HP.
  12. Ora kena sinambi mangan utawa ngombe.
  13. Menawa mlaku bareng kakung putri prayogane sing putri ing kiwane sing kakung.

Tatakramane numpak kendaraan ing dalan:

  1. Layang-layang kang lengkap kayata SIM lan STNK
  2. Menawa numpak montor nganggo helm kang standar
  3. Nganggo sabuk pengaman tumrap kendaraan roda papat.
  4. Boncengan ora luwih saka loro.
  5. Manut pranataning lalulintas.
  6. Kendaraan lengkap kayata lampu, spion, klakson, rem, knalpot lan standar.

 

Sakwise pamitan marang wong tuwane,  Sinta banjur mangkat sekolah. Anggone menyang sekolah mung mlaku jalaran omahe Sinta ora adoh saka sekolahane,  udakara telung atus meteran. Metu saka pager omahe, lakune Sinta mengidul liwat ngarep daleme bu Handaya. Kebeneran wektu iku bu Handaya lagi lenggahan ing teras ngarep. Nalika pas liwat ngarep daleme bu Handaya Sinta aruh-aruh kanthi matur,”Nuwun sewu, Bu. Kepareng ndherek langkung”. Kanthi awak rada mbungkuk sirahe manthuk lan polatan kang sumeh. Bu Handaya mangsuli,”Mangga”. Sinta nerusake lakune. Ora adoh saka ngarepe katon Bu Lilis sajak saka warung ketitik anggone ngasta plastik kresek ngenthuyut. Tindake Bu Lilis mung alon-alon mbok menawa sajak karo olah raga. Sinta arep nglancangi Bu Lilis mula dheweke nuli matur,”Nuwun sewu Bu, kepareng kula ngrumiyini!”. Bu Lilis mangsuli, “Mangga Nak Sinta”.

Lakune Sinta tekan prapatan. Ing prapatan Sinta kepethuk kanca-kancane kang uga arep mangkat sekolah. Sinta lan kancane padha salaman lan nerusake lakune. Anggone mlaku nurut pinggir sisih kiwa. Bocah-bocah iku mlaku jejer loro. Sadalan-dalan lakune padha ngati-ati ora ana kang gojegan apamaneh dolanan HP. Ora suwe lakune wis tekan ngarep sekolahan. Ing ngarep regol sekolahan wis katon jumeneng Bapak Kepala Sekolah lan ibu Yasinta guru basa Jawa, saperlu nyalami para siswa kang padha teka.

 

Bagian 1.4.1.
  1. Anggone mangkat sekolah Sinta kepriye?
  2. Bu Handaya lagi ngapa?
  3. Apa kang ditindakake Sinta nalika liwat ngarepe Bu Handaya?
  4. Sinta arep nglancangi sapa?
  5. Apa kang ditindakake Sinta nalika kepethuk kanca-kancane?

 

Bagian 1.4.2.
Tembung wigati saka wacana ing dhuwur iki tegesana:
  • banjur tegese …..
  • jalaran tegese …..
  • sekolah tegese …..
  • omah tegese …..
  • lenggahan tegese …..
  • teras tegese …..
  • aruh-aruh tegese …..
  • ndherek langkung tegese …..
  • polatan tegese …..
  • sumeh tegese …..

 

Bubar Sekolah

Jam 12.15  piwulangan ing SMP 45 wis purna. Para siswa padha metu regol sekolahan. Ana kang wis dipapag dening wong tuwane, ana kang numpak sepedha lan ana kang mlaku. Katon Sinta lan kancane  aran Desi padha mlaku bebarengan. Ing ngarepe uga ana rombongan siswa kang anggone padha mlaku jejer-jejer  nganti ngebaki dalan malah anggone mlaku sajak karo gojegan,  saengga dalan katon semrawut. Bola-bali  keprungu klakson montor tandha ngelingake supaya mlakune rada minggir.  Dumadakan bruk! “Adhuh!……ana bocah numpak sepedha tiba kesenggol  siswa kang mlaku karo gojegan mau.  Sinta lan kancane age-age nulungi bocah kang tiba iku, dene Desi  ngedegake sepedhane. “Priye ora papa ta?” pitakone Sinta. “Ora kok. Aku ora papa. Nuwun ya  Sin?” wangsulane Renita  bocah kang tiba iku. Sauntara iku bocah kang nyenggol Renita  sak kancane, malah mung padha udur nyalahke. “Wu… .  Kowe ta  Nang, sing nibakke?  Kana ditulungi kana!”salah siji bocah muni karo nyengenges. Sing di sebut jenenge ora gelem kalah kanthi wangsulan, “Aku ya kok joroge ta? Kok njur nyalahke aku” wangsulane Nanang. “Wis-wis ora sah udur. Kabeh slamet. Sing baku saiki anggone  mlaku ora jejer –jejer  ngono kuwi lan ora gojegan”Sinta nengahi.

 

Bagian 1.4.3.
  1. Sapa kang tiba ?
  2. Apa sebabe tiba?
  3. Sapa kang nulungi?
  4. Kapan kedadeyane prastawa iku?
  5. Becike mlaku ing dalan iku kudu kepriye?
  6. Wis ora sah udur. Apa tegese tembung ‘udur’?
  7. Miturut panemumu kepriye sikepe Sinta kasebut?
  8. Miturut panemumu kepriye sikepe Nanang sak kancane iku?
  9. Nalika sliramu nindakake kesalahan becike kepriye?
  10. Menawa sliramu kang ngalami kedadeyan kaya kang dialami Renita kepriye sikepmu?

 

Bagian 1.4.4.
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana kramane!
  1. Ngoko: bubar
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  2. Ngoko: katon
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  3. Ngoko: keprungu
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  4. Ngoko: liwat
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  5. Ngoko: metu
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  6. Ngoko: mlaku
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  7. Ngoko: ngadeg
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  8. Ngoko: numpak
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  9. Ngoko: nyalahake
    Krama: …..
    Krama alus: …..
  10. Ngoko: tiba
    Krama: …..
    Krama alus: …..

 

Bagian 1.4.5.
Pranyatan ing ngisor iki ganepana kanthi unggah-ungguh kang trep!
  1. Pranyatan: Nalika sliramu liwat sakngarepe priyayi sepuh kang lagi jumeneng!
    Unggah-ungguh kang trep: …..
  2. Pranyatan: Nalika sliramu liwat ngarep daleme pak RT.
    Unggah-ungguh kang trep: …..
  3. Pranyatan: Nalika mlaku nglancangi ibu guru ing dalan.
    Unggah-ungguh kang trep: …..
  4. Pranyatan: Nalika mlaku nglancangi kancane ing dalan.
    Unggah-ungguh kang trep: …..
  5. Pranyatan: Nalika mlaku bareng kancane ing dalan.
    Unggah-ungguh kang trep: …..

 

Tata Krama Mlaku

 


 

Bagian 5 dari 6 Bagian