Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 1.2: Unggah-Ungguh Tetepungan


 

Bagian 3 dari 6 Bagian

 

Bab kang kudu digatekake nalika tetepungan yaiku :

  1. Kanggo tetepungan antarane bocah karo bocah lumrahe cukup migunakake basa ngoko lugu.

Ditepungake jenengku Sembada. Aku siswa kelas pitu B.

  1. Kanggo tetepungan marang wong kang luwih tuwa becike nganggo basa krama.

Ndherek nepangaken, nama kula Citra, griya kula Kembang Putihan.

  1. Kanggo wong tuwa marang bocah lumrahe migunakake basa ngoko alus.

Ditepungake, ibu guru iki asma Centhini, pidalem ing Pringgadhing.

 

Tembung-tembung kang perlu digatekake yaiku:

  • aku basa kramane kula
  • jeneng basa kramane nama, krama alus asma
  • kowe padha karo slira, basa krama sampeyan, krama alus panjenengan
  • omah basa kramane griya, krama alus dalem
  • tepung tegese wis kulina, wanuh, kenal
  • anak basa kramane anak, krama alus putra
  • sedulur basa kramane sedherek
  • nyambut gawe basa kramane nyambut damel, krama alus ngasta
  • ibu basa kramane ibu
  • bapak basa kramane bapak

 

Tetepungan

Mlebu kelas ing dina kapisan  taun ajaran anyar mujudake dina kang uga anyar tumrape para siswa  kelas pitu, amarga antarane siswa-siswa iku akeh kang padha durung tepung marang kancane,  sarta  marang bapak ibu guru. Katon siswa anyar kang aran Sefia  marani siswa liyane kang lagi padha lungguhan ing emperan kelas saperlu tetepungan. Sefia ngulungake tangane ngajak salaman. Bocah kang diajak salaman nampani lan mangsuli pitakone Sefia.

 

Sefia:

“Ditepungke, aku Sefia. Aku siswa kelas pitu A. Jenengmu sapa?”

Nastiti:

“Jenengku Nastiti. Aku ya kelas pitu A. Wah yen ngono awake dhewe sakkelas ya?’’

Sefia:

“O,jenengmu Setiti?”

Nastiti:

“Dudu Setiti, Nastiti.”

Sefia:

“Ah,mung kleru sithik, ora papa.”

Nastiti:

“Ora ngono, jeneng kuwi ana maknane, yen ora percaya ayo nyuwun pirsa bu  guru  mumpung iki isih wektu israhat!”.

(Bocah loro banjur mlaku bebarengan tumuju ruang guru)

Sefia:

“Sugeng enjang Bu!”

Bu Ratna:

“Sugeng enjang,ana apa iki kok padha sowan bu guru?”

Sefia:

“Anu  Bu! Napa leres nami niku wonten tegesipun?

Bu Ratna:

“Iya bener, jeneng kuwi ana tegese, ana maknane. Wong tuwa menehi jeneng utawa tetenger marang anak  mesthi duweni karep,duwe tujuan.”

Sefia:

“O, ngaten.”

Bu Ratna:

“Iya,nah amrih luwih cethane iki ana wacan  kang ana gegayutane karo nama utawa jeneng,ayo padha diwaca!’

 

Nama, Peparab, utawa Tetenger

Nama, peparab utawa tetenger kuwi tegese padha yaiku jeneng.  Jeneng iku penting. Mula wong tuwa menehi jeneng anake kang lagi wae lair ora mung waton jeneng. Ana saperangan masarakat ing tlatah Jawa  kang duwe panganggep menawa jeneng iku minangka donga (asma kinarya japa). Dadi kejaba minangka identitas,jeneng uga minangka pangarep- arep. Pangarep- arepe wong tuwa supaya ing tembe bisa dadi anak kaya sing diidham- idhamake wong tuwa.

Owah gingsire jaman njalari owah- owahan wong tuwa menehi jeneng marang anak,kang bisa diklompokake dadi telu, yaiku:

A. Nama utawa Jeneng Jawa Kuna

Nama utawa jeneng Jawa kuna iki anane ing sadurunge taun 1950-an. Titikane :

  1. Ana jeneng cilik lan jeneng tuwa. Jeneng cilik yaiku jeneng kang diwenehake sawise lair, dene jeneng tuwa yaiku jeneng kang diwenehake sawise nikah.
  2. Jeneng cilik ana werna loro, yaiku jeneng cilik kanggo rakyat biasa lan jeneng cilik kanggo masyarakat priyayi. Akeh cara kanggo nemtokake jeneng anak. Ana kang adhedhasar urutan kelairane anak, ana kang adhedhasar kahanan nalikane lair, adhedhasar wektu kelairan, lsp. Tuladha jeneng bocah adhedhasar wektu kelairan:
    • Jeneng adhedhasar dina kelairan.

Bocah kang lair dina pasaran Pon: Poniman, Ponirin, Ponidi, Ponijo, lsp (lanang); Ponirah,Ponikem, Poninten, Ponijah, lsp (wadon)

Bocah kang lair ing dina pasaran wage: Wagiman, Wagimin, Wagino, lsp (lanang); Wagini,Waginah, Waginem, lsp (wadon)

Bocah kang lair ing dina pasaran legi: Legiman, Legimin, Legiyo,Legino, lsp (lanang); Leginah, Legiyem, Legini, lsp (wadon)

Bocah kang lair ing dina pasaran pahing: Paino, Paiman, Paidi, Paijo, lsp (lanang); Painah, Painem, Paini, Paijah, lsp (wadon)

    • Jeneng adhedhasar wulan kelairan.

Bocah sing lair ing sasi sura: Suraji, Suradi, Sorono lsp (lanang); Surati, Suratinah, Suratinem lsp (wadon)

Bocah sing lair ing sasi Sapar: Sapardi, Saparjo, Sapardiman lsp (lanang); Saparni, Sapariyah, Sapardiyah lsp (wadon)

Bocah sing lair ing sasi Besar: Sarjiman, Sarjimin, Sarjito, lsp (lanang); Sarjiyah, Sarjiyem, Sarinah, lsp (wadon)

 

B. Nama utawa Jeneng Jawa Anyar

Nama utawa jeneng Jawa anyar digunakake masyarakat ing tanah Jawa watara taun 1950-an nganti taun 1990-an. Titikane jeneng utawa nama Jawa anyar, yaiku:

  1. Jeneng tuwa wis ora methi digunakake.
  2. Wis ora ana maneh jeneng kanggo masyarakat biasa lan masyarakat priyayi.
  3. Nama utawa jeneng Jawa kontemporer.

 

C. Nama utawa Jeneng Jawa Kontemporer

Nama utawa jeneng Jawa kontemporer digunanake sawise taun 1990-an. Jeneng Jawa kontemporer iku campuran jeneng Jawa, Arab lan Eropa.

 

Bagian 1.2.1.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar pacelathon ing ndhuwur kasebut!

  1. Sapa wae paraga ing pacelathon kasebut?
  2. Sapa paraga kang salah olehe ngucapake jeneng ing wacan kasebut?
  3. Ana ngendi anggone nyuwun pirsa marang bu guru?
  4. Kepriye wangsulane bu guru miturut ing wacan ndhuwur kasebut?
  5. Kepriye unggah-ungguh basane Sefia nalika tetepungan marang bu Ratna?

 

Bagian 1.2.2.
  1. Wenehana tuladha jeneng sing ana gegayutane karo dina pasaran!
  2. Wenehana tuladha jeneng kang ana gegayutane karo sasi Jawa!
  3. Tulisen sapa jenengmu dhewe- dhewe!
  4. Nyuwuna pirsa wong tuwamu apa tegese jengmu iku!
  5. Nyuwuna pirsa marangwong tuwamu apa tujuwane milih jeneng iku!

 


 

Bagian 3 dari 6 Bagian

 

2 comments
Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *