Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 1.1: Unggah-Ungguh Basa lan Tatakrama


 

Bagian 2 dari 6 Bagian

 

Tegese unggah-ungguh basa miturut bausastra yaiku tata pranataning basa miturut lungguhe tatakrama.  Tembung  tatakrama iku kedadeyan saka tembung tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap.  Tembung  tata krama bisa ditegesi pangetrape patrap utawa pratingkah kang becik dene tembung unggah-ungguh bisa ditegesi cak-cakan utawa pangetrape basa kang becik.

Ing jaman saiki unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Mungguh jlentrehe mangkene:

 

Basa Ngoko

Basa Ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.

 

1. Ngoko Lugu

Ngoko lugu tegese kabeh tembung-tembung kang digunakake ngoko. Lumrahe ngoko lugu iki digunakake kanggo:

  • Sapadha-padha kang wis kulina upamane siswa karo kancane.
  • Wong kang kalungguhane luwih cendhek upamane wong tuwa marang anake, guru marang murid.
  • Yen pinuju ngudarasa.
  • Crita kang dhapur andharan upamane crita cekak.

  1. Apa kowe wis sida menyang perpustakaan?
  2. Bukumu iki regane pira, Rin?
  3. Ndhuk, yen rampung sinau lampune dipateni!
  4. Le, latare sapunen!
  5. Saeba senenge menawa aku bisa nembang macapat.
  6. Jam setengah pitu kahanan prapatan Bibis isih sepi, beda kaya adat sabene. Biasane wayah mene iki papan iku rame kendharaan pating sliwer kadu bebanteran ngoyak wektu tumuju kantor utawa papan penggaweyan….

 

2. Ngoko Alus

Ngoko alus tegese ngoko kang alus kanthi tetembungan ngoko dicampur  krama alus utawa krama inggil. Basa ngoko alus lumrahe digunakake kanggo :

  • Pasrawungan wong dewasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget.
  • Wong tuwa marang wong dewasa kang luwih dhuwur pangkate.

  1. Panjenengan mau ngasta ing kelas pira , Pak?
  2. Sliramu mau bengi apa sida mriksani kethoprak, Mas?
  3. Mengko yen tindak jagong aku diampiri.
  4. Saiki penjenengan ngasta ing ngendi, Mas?

 

Basa Krama

Basa krama dibedakake werna loro, yaiku krama lumrah lan krama alus.

 

1. Krama Lumrah

Krama lumrah utawa krama lugu panggone tetembungan andhap kabeh. Basa krama iki digunakake kanggo :

  • sapadha-padha kang durung kulina.
  • bocah marang wong tuwa
  • murid marang guru.

  1. Sampeyan griyanipun pundi?
  2. Kula wau tumbas buku.
  3. Kula dereng adus.
  4. Kula tilem sakbibaripun sinau.

 

2. Krama Alus

Krama alus lumrahe kabeh tetembungan kang digunakake tembung-tembung krama lan krama inggil. Basa krama alus digunakake kanggo :

  • Wong tuwa
  • Wong tuwa kang durung akrab.
  • Priyayi kang duwe pangkat utawa jabatan luwih dhuwur
  • Kanggo sesorah lan Pranatacara

  1. Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng.
  2. Pak guru sampun rawuh.
  3. Ibu nembe siram.
  4. Eyang nembe sare.
  5. Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan…lsp.

 

Pranatan lan Karaharjan

Urip ing tengahing masyarakat  ora kena  nggugu sakarepe dhewe jalaran ana pranatan kang kudu dituhoni senajan pranatan mau ora tinulis. Apa  ta pranatan iku? Pranatan iku padha karo aturan utawa tatanan tegese pepacak kang wis didhawuhake, dene tegese pepacak miturut Bausastra  Jawa yaiku  sakabehing solah tingkah kang ginawe becik. Kanthi mangkono pranatan bisa ditegesi sakabehing solah tingkah, patrap, tindak tanduk kang ginawe becik manut apa kang didhawuhake.  Pranatan tumrap cak-cakane wong micara lumrah diarani unggah-ungguh, dene pranatan tumrap cak-cakane tumindak, solah bawa utawa patrap lumrah diarani tatakrama.

Miturut Bausastra Jawa kang ditulis dening S. Prawira Atmodjo, kababar dening Yayasan Djojo Bojo, unggah-ungguh duwe teges tata pranataning basa manut tatakrama, dene tatakrama iku kedadeyan saka tembung tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap.  kanthi mangkono tata krama bisa ditegesi pangetrape patrap utawa pratingkah kang becik.

Unggah-ungguh lan tatakrama kudu dicakake kanthi bebarengan, tegese nalika micara sabisa-bisa kudu nuhoni mring lungguhing basa sarta dikantheni patrap utawa pratingkah kang becik. ukara iki mengku teges kang jembar.

Nuhoni cak-cakaning basa utawa unggah-ungguh mengku karep menawa nalika micara awake dhewe kudu bisa mapanake dhiri pribadine, marang sapa anggone guneman, apa wigatine, ing ngendi papane  uga  ing suwasana kang kepriye. Guneman marang kanca sapepadhane mesthi wae beda basane nalika guneman marang wong kang luwih tuwa apamaneh marang piyayi kang kagungan pangkat. nepakake basa lan patrap kang trep iku paribasane bisa empan papan. Nalika awake dhewe bisa nepakake basa lan tatakrama kanthi trep, bener lan pener  ateges awake dhewe bisa nindakake pakarti kang becik utawa bebuden kang luhur. Geneya bisa mangkono? Jalaran nalika awake dhewe micara kanthi basa kang bener lan becik, pilihan tetembungane becik, ora kasar, ora saru, patrape andhap asor, anggone nggunem alus, ora nyentak-nyentak, sinartan polatan kang sumeh grapyak semanak, mesthi gawe seneng lan sengseme wong kang diajak guneman. Kanthi guneman kang bener, pener lan becik ateges awake dhewe ngedohi rasa serik, nyingkiri rasa drengki lan ara gawe lara atine liyan.  Kanthi migunakake basa kang bener, pener  lan becik ateges awake dhewe wis ngurmati lan ngajeni marang wong liya. Kanthi ngetrapake unggah-ungguh lan tatakrama kang bener ateges awake dhewe bisa mangun rasa kekancan, paseduluran lan karukunan ing bebrayan.

Mula kanthi  anane pranatan kang lumaku kasebut kaajab  kabeh warga masyarakat  bisa urip bebarengan kanthi becik lan  bisa urip sesandhingan kanthi rukun.  Menawa kabeh wargane bisa urip kanthi rukun, ora padha crah, arang pepadon mesthi wae bisa nuwuhake swasana kang tentrem. Suwasana kang tentrem ing sajrone masyarakat bisa dadi daya kanggo makarya apa wae laras karo kabisane, trep karo pakaryane. Kanthi mangkono para warga bisa nyukupi kabutuhane  tanpa rasa was sumelang utawa kuwatir.

Bagian 1.1.

  1. Bakuning gagasan wacan ing ndhuwur kasebut ngandharake apa?
  2. Terangna tegese tembung ‘unggah-ungguh’ miturut bausastra!
  3. Terangna tegese tembung ‘tatakrama’ miturut bausastra!
  4. Unggah-ungguh basa lan tatakrama kudu ditraoke kanthi bebarengan. Terangna karepe!
  5. Micara kang becik iku micara kang kepriye?
  6. Geneya awake dhewe kudu micara kanthi unggah-ungguh kang bener?
  7. Apa pangajape kanthi lumakune pranatan ing masyarakat?
  8. Menawa kabeh warga padha rukun bisa nuwuhake swasana kang kepriye?
  9. Swasana kang tentrem bisa dadi daya kanggo apa?
  10. Geneya unggah-ungguh basa lan tatakrama bisa mangun karaharjan ing masyarakat?

 

Tata Krama Bertamu

 

Tata Krama Lungguh

 


 

Bagian 2 dari 6 Bagian

 

13 comments
  1. Veronica Adenia Pradnya Dewi

    1.yen wicara kan tumindak kaliyan wong liya Kedah nerapake tatakrama lan unggah ungguh kang becik
    2.tata pranataning basa miturut lungguhe tatakrama.
    3.tembung tatakrama iku kedadeyan saka Tembung tata kang tegese becik pangetrape,lan Krama ateges pratingkah Utawa patrap
    4.nalika micara sabisa-bisa kudu nuhoni miring lungguhing basa sarta dikantheni patrap Utawa pratingkah kang becik.
    5.micara kanthi basa kang bener lan becik,ora kasar,ora satu,patrape andhap asor,anggone nggunem alus,ora nyentak-nyentak,sinartan polatan kang semeh grapyak semanak,mesti gawe seneng lan sengseme wong kang diajak guneman
    6.kanthi migunakake basa kang bener,pener lan becik ateges awake dhewe wis ngurmati lan ngajeni marang wong liya
    7.solahtingkah masyarakatipun becik manut apa kang didhawuhake
    8.nuwuhake swasana kang tentrem
    9.bisa dadi daya kanggo makarya apa wae Laras Karo kabiasane,trep Karo pakaryane
    10.kanthi ngetrapake unggah-ungguh lan tatakrama kang bener ateges awake dhewe bisa mangun rasa kekancan,paseduluran lan karukunan ing bebrayan

  2. Rajendra Cetta Dhirapurusa

    1.Bakune gagasan lan pranatan eng duwor ngandarake pranatan lan karaharjan.
    2.Miturut bahusastro unggah ungguh due teges toto pranataneng boso manot totokromo.
    3.Miturut bausastra tatakrama due teges pangetrape patrat utowo pratingkah kang becik.
    4.unggah ungguh lan tatakrama kudu di cakake kanthi bebarengan tegese naliko micoro sabiso biso kudu nuhoni mreng lungguh eng boso sarto dikanthnei patrat utowo pratingkah kang becik.
    5.Micoro kang becik iku tegese awake dewe kudu biso mapanake diripribadine marang sopo anggune gu eman. Opo wigatine lan engendi papane ugo eng suasana kang keprie.
    6.Jalaran naliko awake dewe micoro kanti boso kang bener lan becik, pilihan tetembungane becik ora kasar, ora saru, patrape andap asor, anggone gunem alos, ora nyentak nyentak, sinartan polatan kan summeh grapyak semanak mesti gawe seneng lan seng seme wong kang diajak guneman.
    7.Kanti migunakake bodo kang bener, pener lan becek ateges awake dewe wes ngormati lan ngajeni marang wong lio .
    8.menowo kabeh rukun biso nuwohake suawasan kang tentrem.
    9.Suosono kang tentrem biso dadi doyo kanggo makaryo opo wae laras karo kabisane trep karo pakaryane
    10.kanti ngetrapake unggah ungguh lan tatakrama kang bener ateges awake dewe biso mangon roso kekancan pas seduluran lan kerukunan eng bebrayan

  3. Rajendra Cetta Dhirapurusa

    1. Bakuning gagasan wacan ing ndhuwur kasebut ngandharake babagan Unggah-ungguh lan tatakrama naliko Urip ing tengahing masyarakat
    2. ‘Unggah-ungguh’ miturut bausastra ateges tata pranataning basa manut tatakrama,
    3. ‘Tatakrama’ miturut bausastra artine tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap
    4. Nalika micara sabisa-bisa kudu nuhoni mring lungguhing basa sarta dikantheni patrap utawa pratingkah kang becik. ukara iki mengku teges kang jembar
    5. Micara kang becik iku kudu Nuhoni cak-cakaning basa utawa unggah-ungguh mengku karep menawa nalika micara awake dhewe kudu bisa mapanake dhiri pribadine, marang sapa anggone guneman, apa wigatine, ing ngendi papane uga ing suwasana kang kepriye
    6. Jalaran nalika awake dhewe micara kanthi basa kang bener lan becik, pilihan tetembungane becik, ora kasar, ora saru, patrape andhap asor, anggone nggunem alus, ora nyentak-nyentak, sinartan polatan kang sumeh grapyak semanak, mesthi gawe seneng lan sengseme wong kang diajak guneman
    7. Kanthi guneman kang bener, pener lan becik ateges awake dhewe ngedohi rasa serik, nyingkiri rasa drengki lan ara gawe lara atine liyan.
    8. Menawa kabeh wargane bisa urip kanthi rukun, ora padha crah, arang pepadon mesthi wae bisa nuwuhake swasana kang tentrem.
    9. Suwasana kang tentrem ing sajrone masyarakat bisa dadi daya kanggo makarya apa wae laras karo kabisane, trep karo pakaryane.
    10. Mula kanthi anane pranatan kang lumaku kasebut kaajab kabeh warga masyarakat bisa urip bebarengan kanthi becik lan bisa urip sesandhingan kanthi rukun.

  4. Veronica Adenia Pradnya Dewi

    1. Urip ing tengahe masyarakat kudu migunakake tata Krama lan unggah ungguh sing becik
    2. Tata pranata ning basa miturut lungguhe tata krama
    3. Kedadeyan saka tembung tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap
    4. Tegese nalika micara sabisa-bisa kudu nuhoni mring lungguhing basa sarta dikantheni patrap utawa pratingkah kang becik
    5. Micara kanthi basa kang bener lan becik, pilihan tetembungane becik, ora kasar, ora satu, patrape andhap asor, anggone nggunem alus, ora nyentak-nyentak, sinartan polatan kang sumeh grapyak semanak, mesti gawe seneng lan sengseme wong kang diajak guneman
    6. nepakake basa lan patrap kang trep iku paribasane bisa empan papan. Nalika awake dhewe bisa nepakake basa lan tatakrama kanthi trep, bener lan pener ateges awake dhewe bisa nindakake pakarti kang becik utawa bebuden kang luhur
    7. Kabeh warga masyarakat bisa urip berbarengan kanthi becik lan bisa urip sesandhingan kanthi rukun
    8. Nuwuhake suasana kang tentrem
    9. Dadi daya kanggo makarya apa wae laras karo kabisane, trep karo pakaryane
    10. Menawa kabeh wargane bisa urip kanthi rukun, ora padha crah, arang pepadon mesthi wae bisa nuwuhake swasana kang tentrem.

  5. Raihan Hafiz Al Ghaffar

    1.Pranatan dan karaharjan

    2.tata pranasing basa miturut lungguhe tatakrama

    3.becik pengetrape lan Krama ateges pratingkah utawa patrap

    4.nalika micara sabisa-bisa kudu nuhoni mring lungguhing basa sarta dikantheni patrap utawa pratingkah kang becik.

    5.nganggo bahasa kang sopan lan santung,ngnggo tata
    Krama,nganggo bahasa krama

    6.amerga kanggo ngornati lan ngajeni

    7.kaajab kabeh warga masyarakat bisa urip bebarengan kanthi becik lan bisa urip sesandhingan kanthi rukun

    8.ayem lan tentrem

    9.kanggo makarya opo wae laras Karo kabiasane

    10.amerga masyarakat iso saling ngurmati lan ngajeni

  6. Fadhil Hasan Shidqi

    Tidak usah membeli buku bahasa jawa mahal-mahal…
    Karena sudah ada naming.id yg bisa memberikan materi yg bermanfaat…

  7. Purwanti

    Para putra putri siswa kelas VII A SMP N 1 Sleman sugeng sinau, ngangsu kawruh ing naming.id. Ampun kesupen garap gladhenipun nggih. Matur nuwun kangge Universitas Aisyiyah Yogyakarta ingkang sampun paring media sinau Basa Jawa. Mugi Universitas Aisyiyah Yogyakarta tansah jaya saha ngrembaka. aamiin.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *