Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 2.2: Sinau Online


Bagian 3 dari 4 Bagian

 

Sinau Online

Amarga anane virus corona ya covid 19 kang teka ing Indonesia mula wiwit sasi Maret 2020, mentri pendidikan dhawuh menawa pasinaon dianakake kanthi cara on line saka ngomah wiwit saka Paud, TK, SD, SMP, SMA lan perguruan tinggi.  Bu Guru lan pak guru anggone maringi materi lan tugas-tugas liwat WA manut jadwal kang wis ditetepake. Wiwitane aku seneng amarga anggone sinau bisa sakkepenake ora spaneng. Malah bisa sinau ing peturon, rasah adus dhisik ya rapapa, ra sah nganggo sragam wis pokoke kepenak. Tugas digarap yen wis rampung difoto banjur dikirimake bu guru utawa pak guru. Ana sik digarap nganggo google form ana sik nganggo google class room, yen soale pilihan ganda mung kari ngeklik jawaban kang bener, sa wise rampung biji langsung metu. Wis pokoke kepenak.

Bareng pasinaon on line lumaku rong sasi rasane suwe suwe kok ya jeleh wis kangen kepengin ketemu kanca-kanca, bapak ibu guru. Kepengin gojek ing sekolahan meneh. Nanging pemerintah durung ngolehake amarga virus corona durung sirna. Kanthi sabar aku kudu tetep sinau ana ngomah stay. ad home . Supaya ora sumpeg aku karo mbakyuku sawise rampung anggone sinau gawe ketrampilan werna-werna saka bahan saanane kayata gawe kembang saka tas kresek, gawe kembang saka klobot, saka botol air minum , seka sedhotan plastik lly. Pranyata asile lumayan bisa kanggo pajangan, mbok menawa yen wis akeh bisa didol.

Sinau on line semester loro dipungkasi kanthi nggarap soal-soal Penilaian Akhir Tahun (PAT) . Anggone nggarap saka ngomah nggunakane HP / Lab top lewat googlee form . Kabeh mata pelajaran anggone nggarap lewat googlee form. PAT dilaleksanakake seminggu suwene, sawise rampung kari nunggu anggone mbagi raport, kanggo nemtokake munggah kelas apa ora. Yen ora ana memala virus corona biasane bar nggarap soal PAT ana classmeetting pertandingan werna-werna antar kelas. Wektu iki ora ana apa-apa tetep stay ad home, njaga karesikan nganggo masker sregep mbasuh tangan nggunakake sabun utawa hand sanitiser.

Ya kaya mengkene iki pengalamanku sinau kanthi cara on line ora bakal tak lalekake, ya seneng ya susah pokoke kudu sabar lan tetep semangat senajan sinau ing ngomah. Kang ndadekake aku susah rikala sinau on line yaiku menawa anggone nggarap pas ra dhong ra isa nyuwun pirsa bapak/ bu guru kanthi langsung. Mung liwat WA dadi rada kangelan anggone nampa pelajaran. Kejaba iku amarga sinau on line saka ngomah dadi terus ra diparingi sangu, merga dhuwite entek nggo tuku quota. Muga-muga virus corona ndang sirna saka ndonya ora ngrekasakake kabeh manungsa.

 

Bagian 2.2.1.
  1. Sawise maca cerita pengalaman kasebut coba critakna maneh kanthi ringkes kepriye dudutane (kesimpulane) crita kasebut!
  2. Jentrehna pitutur/ amanat kang ana ing crita pengalaman kasebut!
  3. Jlentrehna seneng lan susahe sinau kanthi cara online?
  4. Anane virus corona kepriye manut panemumu yen padha nglanggar aturan?

 

Praktek Maca Crita Pengalaman

Sawijining cerita pengalaman bisa nyenengake utawa ora, narik kawigaten utawa ora gumantung anggone maca. Pawongan kang ngayahi jejibahan maca supaya critane nengsemake kepenak dirungokake kudu nggatekake:

  1. Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamedhare pengalaman kanthi pocapan kang cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamngucapake aksara kanthi bener, umpamane mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
  2. Wirama/Tata cara/Etika nalika crita yaiku lagu/iramane, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine crita. Lamun anggone crita kanthi dhasar karangan (tema) crita kang nengsemake, anggone crita  sing sora lan semangat, beda karo yen crita bab kesusahan, anggone crita ya kudu luwih alon lan sareh.
  3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi crita, cocok/penere anggone negesi crita. Wirasane nalika crita kudu kaetrepke karo isining crita umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
  4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

 

Bagian 2.2.2.

Kanggo gladhen ayo dibentuk kelompok, saben kelompok bocah papat, banjur maju bareng kelompoke. Kelompok kang durung maju mbiji kelompok kang maju lan menehi cathetan kekurangan lan keluwihane. Mengko yen wis rampung kanthi wewarahe bapak ibu guru kanggo rembugan utawa dhiskusi bebarengan. Carane mbiji bisa kaya mangkene:

Kelompok 1
  • Wicara: …..
  • Wirama: …..
  • Wiraga: …..
  • Wirasa: …..
  • Jumlah: …..
Kelompok 2
  • Wicara: …..
  • Wirama: …..
  • Wiraga: …..
  • Wirasa: …..
  • Jumlah: …..
Kelompok 3
  • Wicara: …..
  • Wirama: …..
  • Wiraga: …..
  • Wirasa: …..
  • Jumlah: …..
Kelompok 4
  • Wicara: …..
  • Wirama: …..
  • Wiraga: …..
  • Wirasa: …..
  • Jumlah: …..
Kelompok 5
  • Wicara: …..
  • Wirama: …..
  • Wiraga: …..
  • Wirasa: …..
  • Jumlah: …..

Cathetan kritik/ saran: …..

 

Kanthi paugeran kasebut wacanen crita pengalaman iki!

Sepasaran Bayi

Dina Minggu aku diajak ibu neng ndaleme bulikku sik lagi kagungan putra ing Bantul. Acarane sepasaran bayi karo njenengke bayi utawa maringi tetenger. Sepasaran  tegese umure bayi uwis ana 5 dina utawa sepasar, biasane bareng karo puputan. Puputan iku pusere bayi wis pethil.  Ya ing wektu iki bayi dimong-mongi kanthi gawe bancakan wujude sega tumpeng lan panganan jajan pasar werna-werna. Sawise ubarampe wis siyap tangga teparo kang diundang padha teka. Sawise didongani bancakakan didumake kanggo sik padha teka kalebu kanggo bocah cilik-cilik.

Ya mbarengi sepasaran iki bayi diwenehi jeneng utawa tetenger utawa maringi pusaka asma kang biasane wis disiapake sak durunge.. Dadi wong jawa yen maringi jeneng wis dipikir tenan amarga duwe ngararep arep jeneng kuwi mujudake pandonga “ asma kinarya Japa” Ya lagi iki aku ngerti yen wong jawa duwe tradisi kaya ngene. Anggone maringi jeneng marang putrane carane werna-werna kayata;

  1. nganggo dhasar wektu anggone lahir mula dijenengke Alip, Suro, Ratri bengi, Anggara selasa, Respati kamis,
  2. nggunakake dhasar urutane anggone lahir mula dijenengke 1. Eko, 2 dwi, 3 tri, 4 catur, lst.
  3. manut Kanane utawa swasanane upamane widada, slamet, prihatin, sugeng.
  4. ana kang maringi jeneng nganggo arane tokoh kang becik watake kayata Dananjaya, Arjuna, Bima, Wisnu.
  5. bisa uga adhedhasar tembung tembung kang tegese becik Sabar, Asih, Jatmika, Darsono.
  6. bisa uga nggunakake arane alam semesta kayata srengenge, surya, rembulan, kembang, sekar  cahya, kartika, lsp.

Upacara tradhisi jawa kanggo bayi kang lagi lahir iki werna-werna kawiwitan ngubur ari-ari, brokohan, sepasaran, puputan, aqiqah, selapanan. Kabeh mau duweni ancas kanggo ngaturake rasa syukur marang Gusti Alloh kang wus maringi momongangan kang dadi idham-idhamane saben kulawarga.

 

Bagian 2.2.3.
  1. Sawise maca cerita pengalaman mau diwaca banjur rembugen karo kelompokmu, isine bab apa!
  2. Anane upacara tradhisi kayata sepasaran, selapanan miturut panemumu kepriye !

 

Kawruh Basa

  • Sepasar tegese limang dina
  • Tetenger tegese menehi jeneng
  • Uba rampe tegese piranti, alat-alat
  • Bancakan tegese slametan
  • Dibancakki tegese dislameti

Arane Dina

Basa Jawa : Basa Kawi

  • Senin : Soma
  • Selasa : Anggara
  • Rabu : Budha
  • Kamis : Respati
  • Jumat : Sukra
  • Sabtu : Tumpak
  • Minggu : Ditya

Arane Dina Pasaran:

  • Kliwon
  • Legi
  • Paing
  • Pon
  • Wage

 


Bagian 4 dari 4 Bagian

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *