Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 1: Patemon 1


Bagian 1 dari 4 Bagian

  • Memahami teks deskriptif tentang peristiwa alam dan adat istiadat.
  • Menyampaikan teks deskriptif tentang peristiwa alam dan adat istiadat.

Melalui pengamatan, siswa dapat:

  1. menemukan kata-kata sulit dalam wacana.
  2. mengartikannya kata-kata sulit dalam wacana.
  3. menerapkannya dalam contoh kalimat.
  4. Melalui kegiatan bertanya jawab, siswa dapat:
  5. menjawab dan mengajukan pertanyaan.
  6. menjelaskan tentang peristiwa alam dalam ragam ngoko dan krama dengan benar.
  7. Melalui kegiatan mengumpulkan informasi, siswa dapat:
  8. mengungkapkan terjadinya peristiwa alam.
  9. mengungkapkan akibat yang ditimbulkan dari peristiwa alam.
  10. mengungkapkan nilai-nilai yang terkandung dalam peristiwa alam.
  11. Melalui kegiatan pengumpulan informasi, siswa dapat:
  12. menyampaikan informasi tentang peristiwa alam.
  13. menyampaikan hasil kerja kelompok baik lisan maupun tulisan tentang peristiwa alam.

Teks Deskriptif

Teks deskriptif yaiku karangan utawa wacan kang isine nggambarake sawijining papan panggonan utawa wewujudan liyane kanthi gamblang lan cetha. Wong sing maca karangan utawa wacan deskriptif kaya-kaya weruh lan ngrasakake dhewe papan panggonan utawa wewujudan liyane kang digambarake ana ing jroning wacan iku.


Bencana Alam

Bencana alam iku werna-werna: banjir, gunung njeblug, lemah longsor, tsunami, lindhu, lan liya-liyane.


 

 


 

Gatekna video-video iki kanthi premati!

 

Bagian 1.1.1.
  1. Gambar peristiwa alam endi sing wis tau kok ngerteni!
  2. Aranana jenenge peristiwa alam iku!
  3. Apa kang kok rasakne nalika mangerteni peristiwa iku?

 

Gotong Royong

Sasi iki kalebu mangsa rendheng. Wis pirang-pirang dina saben sore mesthi udan. Mangsa rendheng biasane ing sasi Desember nganti tumeka sasi April. Ing mangsa iki, biasane ana pawarta kang gayut karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus, lemah longsor, lan liya-liyane.

Kaya taun-taun kepungkur, warga Padhukuhan Kampung Asri wiwit gotong royong ndhandhani tanggul pinggir kali supaya ora longsor nalikane banjir teka. Pak Dhukuh ndhawuhi wargane supaya padha gotong royong.

Pak Dhukuh Ketua Kampung Asri asmane bapak Sugiharta. Sugiharta tegese sugih dhuwit. Mbok menawa bapak ibune Pak Sugiharta duwe pangajab supaya anake dadi wong sugih dhuwit. Minangka dhukuh, Pak Sugiharta tansah mandhegani para warga supaya padha gelem gotong royong. Garwane Pak Sugiharta asmane Ibu Samirahayu. Samirahayu tegese padha slamet. Mbok menawa bapak ibune Ibu Samirahayu duwe pangajab supaya anake dadi wong kang tansah nemu keslametan.  Ibu Samirahayu ngajak ibu-ibu nyiapake unjukan lan dhaharan kanggo para warga kang padha gotong royong.

Dina Minggu, para warga gotong royong ndandani tanggul ing pinggir kali. Para warga tansah sengkud anggone makarya. Para mudha dipandhegani dening Mas Nugraha, ketua pemuda Padhukuhan Kampung, uga mbiyantu. Manut ibuku, nugraha iku tegese anugrah. Mbok menawa bapak ibune Mas Nugraha duwe pangajab supaya anake tansah pikantuk kanugrahan saka Gusti Kang Mahakuwasa.

Kira-kira jam papat sore anggone gotong royong wis rampung. Tujune dina iku esuk tekan sore iki ora udan. Para warga Padhukuhan Kampung Asri rumangsa tentrem. Upama udan, tanggule ora jebol. Kaline ora mbludag. Padhukuhan Kampung Asri ora katerak banjir.

 

Bagian 1.1.2.
  1. Apa kang ditindakake warga Padhukuhan Kampung Asri?
  2. Mangsa rendheng iku biasane ing sasi apa?
  3. Sapa asmane Pak Dhukuh Kampung Asri? Lan apa tegese?
  4. Apa pangajabe Bapak lan Ibune maringi asma Sugiharta?
  5. Sapa asmane garwane Pak Dhukuh Kampung Asri? Lan apa tegese?
  6. Apa pangajabe Bapak lan Ibune maringi asma Samirahayu?
  7. Apa kang ditindakake ibu-ibu warga Padhukuhan Kampung Asri?
  8. Sapa jenenge ketua pemuda Padhukukan Kampung Asri?
  9. Kapan gotong royong warga Padhukukan Kampung Asri rampung?
  10. Apa sebabe warga Padhukukan Kampung Asri rumangsa tentrem?

 

Bagian 1.1.3.
  1. Sasi: wulan
  2. Mangsa rendheng: …..
  3. Pawarta: …..
  4. Gayut: …..
  5. Kayata: …..
  6. Tanggul: …..
  7. Kepungkur: …..
  8. Pangajab: …..
  9. Mandhegani: …..
  10. Dana lan bau: …..
  11. Sengkud: …..

 

Bagian 1.1.4.

Gawea ukara nganggo tembung-tembung iki!


Tembung: longsor | Ukara: Tanggul kulon kali longsor amarga kaline banjir.


  • Tembung: mangsa rendheng

Ukara: …..

  • Tembung: gotong royong

Ukara: …..

  • Tembung: asmane

Ukara: …..

  • Tembung: pangajab

Ukara: …..

  • Tembung: banjir

Ukara: …..

 

Gatekna jeneng-jeneng iki lan pangajabe!


Sugiharta:

Dadi wong sugih dhuwit

Samirahayu:

Tansah slamet lan tentrem uripe

Nugraha:

Tansah pikantuk kanugrahan saka Gusti Kang maha Kuwasa

Raditya:

Tansah sumunar kaya srengenge

Kuwat Wibawa:

Dadi wong kang kuwat lan wicaksana.

Satria Prambudi:

Dadi wong kang kendel  lan duweni budi pakerti

Basuki:

Tansah slamet uripe

Puji Sulastiya:

Donga kang becik kanggo keslametan

Angger Jatmika:

Dadi wong kang tansah nduweni unggah-ungguh

Beja:

Dadi wong tansah mujur lan seneng uripe.

 

Bagian 1.1.5.

Jeneng-jeneng iki golekana tegese!

  1. Kartika: lintang
  2. Niken: …..
  3. Galuh: …..
  4. Dewi : …..
  5. Endah: …..
  6. Puspa: …..
  7. Bima: …..
  8. Bagas : …..
  9. Sasangka: …..
  10. Raharja: …..
  11. Margana: …..

 


Bagian 1 dari 4 Bagian

 

7 comments
  1. Allif dwi saputra

    Bagian 1.1.1
    1.Banjir
    2.Banjir,longsor,lindu,gunung jebluk
    3Wedi
    Bagian1.1.2
    1.Gotongroyong reresek deso
    2.april
    3.sugiharti,gotong royong
    4berharap
    5.Ibu
    6.supaya anak e dadi wong sugih
    7.masak
    8.pak sugiharta
    9.sore
    10.gotong royong
    Bagian 1.1.3
    1.lintang
    2.gadis desa
    3.permata
    4.sangdewi
    5.apik
    6.kembang
    7.gatotkoco
    8.sehat
    9.madi
    10.Tentrem
    11.Makan

  2. Aline ahza fanya

    1.1.1

    1.banjir
    2.- gunung meletus
    – tanah longsor
    – gempa bumi
    – banjir
    3.wedi.

    1.1.2.

    1.kerja bakti gotong royong
    2.desember nganti tumeko sasi
    April
    3.Sugiharta teges e Sugih Duwet
    4.supoyo anak e dadi wong kang sugih Duwet
    5.Samirahayu teges e Podo Slamet
    6.Supoyo anak e tansah Nemu keslametan
    7.Nyiapke unjukan lan dhaharan kanggo poro kargo kang gotong royong.
    8.Nugraha.
    9.Kiro kiro jam papat sore.
    10.umpomo udan tanggule ora jebol kali e ora bludak.

    1.1.3.
    1.sasi:Wulan.
    2.Mangsa rendheng:wanci e udan
    3.Pawarta:katerangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.
    4.Gayut:Gumantung.
    5.Kayata:contoe
    6.Tanggul:Tembok.
    7.Kepungkur:kalewatan.
    8.Pangajab:penjaluk
    9.Mandegani:mangatepi.
    10.Dan lan bau:tanggung jawab.
    11.Sengkud:rampong.

    1.1.4
    1.Mangsa Rendheng
    Ukara :sakdurung e mangsa rendheng teko warga Samigaluh Podo kerjabakti.
    2.Gotong royong
    Ukara:Warga njagalan Beji Podo gotong royong ngresik i kampong.
    3.Asmane.
    Ukara:Pak dukuh Samigaluh Asmane Pak Sugiharta
    4.Pangajab
    Ukara:pangajab e warga supoyo naliko ora Ono bencana alam.
    5.Banjir
    Ukara:Naliko udan deres kali gajah wong banjir Gedhe.

    1.1.5

    1.Kartika:Lintang
    2.Niken:Anak wedok
    3.Galuh:Putri
    4.Dewi:Sang Dewi
    5.Endah:Elok/Apik.
    6.Puspa:Kembang.
    7.Bima: Wayang
    8.Bagas:Makna
    9.Sasangka:rembulan
    10.Rahaja:Tentrem.
    11.Margana:Panah.

  3. Salsabella rusti handayani

    Video ke2
    Tanah Longsor
    Wedhi,kaget

    1.Gotong Royong
    2.Mangsa rendheng biasane ing sasi Desember nganti tumeka sasi April.
    3.bapak Sugiharta.sugih dhuwit.
    4.pangajab supaya anake dadi wong sugih dhuwit.
    5.Ibu Samirahayu.Samirahayu tegese padha slamet
    6.pangajab supaya anake dadi wong kang tansah nemu keslametan
    7.ibu-ibu nyiapake unjukan lan dhaharan kanggo para warga kang padha gotong royong.
    8.Mas Nugraha,
    9.Kira-kira jam papat sore
    10.Upama udan, tanggule ora jebol. Kaline ora mbludag. Padhukuhan Kampung Asri ora katerak banjir.

    1.wulan
    2.mangsa udan
    3.warta
    4.bareng
    5.podo
    6.tandhegan banyu,kali utawa sawah
    7.wengi utawa mbiyen
    8.arep arep
    9.ketua/pimpinan
    10.dhuwit lan tenaga
    11.mempeng/sregep

    1.wingi dino jumuah mangsa rendheng
    2.dina minggu warga randusari pada gotong royong ngresiki kali
    3.kae asmane sofia
    4.aku arep lungo neng gelora bung karno ndeleng asian gemes 2018
    5.wingi jam papat sore kali mason banjir

    1.lintang
    2.bocah ayu
    3.inten
    4.putri
    5.apik
    6.kembang
    7.wani
    8.sehat
    9.rembulan
    10.tentram
    11.gawean

Tinggalkan Balasan ke Aline ahza fanya Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *