Bagian 3 dari 4 Bagian
Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi tradhisional ing tlatah Jawa sing nganggo paugerane telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Guru gatra yaiku cacahing gatra ing saben pada. Guru lagu yaiku dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
Manut Tejohadisumarto tembang macapat sepisanan karipta dening Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari, ratu ing Sigaluh, nalika taun 1191 Jawa utawa taun 1269 Masehi. Nanging panemu liyane nerangake menawa tembang macapat iku sing ngarang ora mung wong siji. Ana para wali kang uga ngripta tembang macapat, kayata Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Gunungjati, Sunan Kalijaga, lan liya-liyane. Para wali iku pancen jembar kawruhe.
Tembang macapat iku gunggunge ana sewelas yaiku: Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung. Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn saben patang wanda. Manut Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé “nglagokaké nada kapapat”.
Tembung-tembung ngisor iki golekana tegese utawa dasanamane!
Tlatah: wewengkon, kukuban, wilayah
- Paugeran: …..
- Gatra: …..
- Cacah: …..
- Pungkasan: …..
- Karipta: …..
- Wali: …..
- Gunggunge: …..
- Dijarwakaké: …..
- Cekakan: …..
- Frasa: …..
- Tembang macapat iku apa?
- Apa tegese guru lagu?
- Apa tegese guru gatra?
- Apa tegese guru wilangan?
- Manut Tejohadisumarto, sapa sing ngripta tembang macapat sepisanan?
- Kapan tembang macapat sepisanan karipta?
- Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari iku ratu ing ngendi?
- Sapa sing para wali kang uga ngripta tembang macapat?
- Pira cacahe tembang macapat?
- Apa wae jenenge tembang macapat?
Ing wacan iku tinemu ukara “Para wali iku pancen jembar kawruhe.” Jembar kawruhe tegese “akeh ngelmune”. Tembung jembar kawruhe iku kalebu jinise tembung entar. Tembung entar iku tembung sing duwe teges dudu teges salugune.
Tembung entar iki golekana tegese banjur gawenen ukara!
Bening atine
Tegese: sumeh
Conto ing Ukara: Utami kae pancen bocah sing bening atine
Dawa tangane
Tegese: clemer/seneng nyolong
Conto ing Ukara: Aja dadi bocah sing dawa tangane
Abang raine
Tegese: …..
Conto ing ukara: …..
Ngemut driji
Tegese: …..
Conto ing ukara: …..
Gedhe tekade
Tegese: …..
Conto ing ukara: …..
Nggegem tangan
Tegese: …..
Conto ing ukara: …..
Luhur budine
Tegese: …..
Conto ing ukara: …..
Golekana conto tembung entar liyane, lima wae! Banjur rembugen apa tegese!
Bagian 3 dari 4 Bagian