DAFTAR ISI
Bagian 2 dari 4 Bagian
Tirokna Pacelathon iki!
Agung:
“Wingi sore ana lindhu, kowe padha krasa ora?”
Bayu:
“Iya, aku wedi banget. Aku lagi sinau ana jero omah.”
Gilang :
“Yen aku lagi turu awan, dadi ora krasa. Aku mung kaged nalika krungu wong-wong padha mbengok ana lindhu.”
Siti :
“Iki ana wartane ing koran. Pusate lindhu ing Selat Sunda gedhene 5,2 skala Richter, jarene amarga lempeng tektonik.”
Bayu:
“Nanging ora nganti tsunami, ta?”
Agung:
“Untunge ora.”
Siti:
“Yen ora salah, minggu kepungkur uga ana lemah longsor, ta?”
Agung:
“Iya, Masarakate ora gelem njaga lingkungan.”
Bayu:
“Dhuh, peristiwa alam kok ya akeh men ya? Awake dhewe kudu waspada lan ngati-ati.”
Siti:
“Iya bener kuwi.”
Gilang:
“Kejaba kuwi, supaya lingkungan tetep lestari, awake dhewe kudu gelem njaga resike lingkungan.”
Agung, Bayu, Siti:
“Iya bener.”

Pitakon ing ngisor iki wangsulana nganggo basa krama lesan wae!
- Apa sing dirembug ing pacelathon iku?
- Geneya Bayu wedi banget nalika ana lindhu?
- Geneya Gilang kaget nalika ana peristiwa kuwi?
- Pira gedhene lindhu kang dumadi ing Selat Sunda?
- Kepriye supaya lingkungan tetep lestari?
Ukara-ukara ing ngisor ucapna sing bener!
- Ora kena jajan saenggon-enggon, bisa lara weteng!
- Aja menyang pinggir kali, kaline lagi banjir!
- Jatmika bledhege nyamber-nyamber, kowe aja teka saiki!
- Sari ora susah mulih saiki, udane deres banget!
- Sugeng, welingku aja lali, kancane diajak gotong royong!
- Aja pati-pati mulih, yen banjire durung surut!
- Sapa wae ora kena ndumuk, mbebayani!
- Aja susah atimu, ibumu enggal kondur!
- Lestari, kowe ora susah mrene!
- Thukul ora kena mrene, sadurunge terang udane!

Apa tegese tembung-tembung mangsa ing ukara-ukara iki!
- Ing mangsa rendheng adate akeh banjir. Mangsa iki tegese …..
- Mangsa tekana dina iki, wong lagi mangkat wingi esuk. Mangsa iki tegese …..
- Ibu wingi maringi oleh-oleh madu mangsa. Mangsa iki tegese …..
- Macan kae lagi mangsa daging sapi. Mangsa iki tegese …..
- Tun iki akeh udan salah mangsa. Mangsa iki tegese …..
- Sekolahe adhimu dakpasrahake kowe, mangsa bodhoa anggonmu ngajari. Mangsa iki tegese …..
Pacelathon ing dhuwur iku wacanen batin bola-bali! Sabanjure saben bocah papat majua ana ngarep kelas, nirokna pacelathon iku kanthi lagu lan solah bawa kang luwes!
Bagian 2 dari 4 Bagian
Hack
Noob or yes wkwkwkwkwkwkw
Raffa ibnu Hafidz
Tembung pachelaton