Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 4: Patemon 1


Bagian 1 dari 4 Bagian

 

  1. Memahami unggah-ungguh basa untuk tanya jawab dan menyampaikan ajakan kepada orang lain.
  2. Menggunakan unggah-ungguh basa untuk tanya jawab dan menyampaikan ajakan kepada orang lain.
  3. Memahami kata dan kalimat beraksara Jawa yang mengandung  pasangan.
  4. Menulis kata dan kalimat beraksara Jawa yang mengandung  pasangan.

Melalui ceramah, diskusi, latihan, dan tanya jawab siswa dapat:

  • menemukan arti kata-kata sulit dalam bacaan
  • menjawab pertanyan isi bacaan yang berkaitan dengan unggah-ungguh basa.
  • menjelaskan arti paribasan yang berkaitan dengan unggah-ungguh basa
  • menjelaskan jenis unggah-unggh basa
  • membuat kalimat tanya dengan kata tanya
  • melakukan tanya jawab sesuai unggah-ungguh basa Jawa
  • mengubah kalimat ngoko menjadi kalimat krama
  • menyusun kalimat tanya dengan kata-kata tertentu.
  • membaca dan memahami kata dan kalimat beraksara jawa yang mengandung pasangan.
  • menulis kata dan kalimat beraksara Jawa yang mengandung

  • Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat: ngoko,  ngoko alus, krama, lan krama alus. Basa ngoko iku tembung-tembunge kabeh ngoko. Semono uga ater-ater lan panambange uga ngoko.  Dene basa ngoko alus iku tembung-tembunge ngoko campur krama inggil. Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko. Basa krama iku tembung-tembunge kabeh karma. Ater-ater lan panambange uga krama. Basa krama alus iku tembung-tembunge krama campur krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.
  • Ukara pitakon yaiku ukara kang ukara kang ngemot pitakon. Ukara kang mbutuhake wangsulan saka kang ditakoni. Titikane ukara pitakon yaiku intonasi-ne munggah, nggunakake tembung pitakon lan partikel pitakon.
  • Aksara Jawa

 



 

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Wong guneman nganggo basa Jawa kudu ngerti unggah-ungguh basa Jawa. Unggah-ungguh Jawa yaiku basa sopan santun utawa tatakramane nggunakake basa Jawa. Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat: ngoko,  ngoko alus, krama, lan krama alus.

Basa ngoko iku tembung-tembunge kabeh ngoko. Semono uga ater-ater lan panambange uga ngoko.  Dene basa ngoko alus iku tembung-tembunge ngoko campur krama inggil. Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko. Basa krama iku tembung-tembunge kabeh karma. Ater-ater lan panambange uga krama. Basa krama alus iku tembung-tembunge krama campur krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.

Basa ngoko digunakake kanggo guneman wong tuwa marang putrane, wong tuwa marang wong enom, guru marang muride, lan liya-liyene. Basa ngoko alus digunakake kanggo guneman wong tuwa marang wong enom sing perlu dikurmati, kanca kenthel sing perlu dikurmati, lan liya-liyane.

Basa krama biasane digunakake kanggo guneman marang kanca sing durung kulina (akrab). Dene basa krama alus digunakake kanggo guneman wong enom marang wong tuwa, anak marang wong tuwa, murid marang guru, lan liya-liyane.

Wong guneman becike nganggo unggah-ungguh basa sing bener. Wong sing ngerti unggah-ungguh bakal diajeni dening wong liya. Suwalike, wong sing ora ngerti unggah-unggah bakal disendhu dening wong liya. Wong sing basane becik lan bener bakal diajeni dening wong liya. Bebasane, ajining dhiri dumunung ing lathi.

 

Bagian 4.1.1.

Tembung-tembung iki golekana tegese!

  1. Cacahe: gunggunge, akehe
  2. Guneman: …
  3. Kaperang: …
  4. Ater-ater: …
  5. Panambang: …
  6. Kanca kenthel: …
  7. Diajeni: …
  8. Disendhu: …
  9. Dumunung: …
  10. Lathi: …

 

Bagian 4.1.2.
  1. Wong guneman iku kudu ngerti apa?
  2. Unggah-ungguh basa iku apa?
  3. Unggah-ungguh basa Jawa iku ana pira? Apa wae?
  4. Wong sing ngerti unggah-ungguh iku bakal kepriye ?
  5. Wong sing ora ngerti unggah-ungguh iku bakal kepriye ?

 

Ing wacan ana paribasan ajining dhiri dumunung ing lathi, tegese wong iku diajeni utawa ora diajeni iku amarga saka gunemane.

 

Bagian 4.1.3.

Paribasan iki terangna tegese!

  1. Ana catur mungkur.
  2. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang.
  3. Kocak tandha lokak.
  4. Kakehan gludhug kurang udan.
  5. Undhaking pawarta sudaning kiriman.

 

Bagian 4.1.4.

Ganepana supaya bener!


Ungguh-Ungguh Basa:

Ngoko

Tembung-Tembunge

Ngoko

Ater-ater lan Panambange

Ngoko

Kanggo Guneman:
  1. wong tuwa marang putrane
  2. wong tuwa marang wong enom
  3. guru marang muride
  4. lan liya-liyene

  • Ungguh-Ungguh Basa: ngoko alus

Tembung-Tembunge: …..

Ater-ater lan Panambange: …..

Kanggo Guneman: …..

  • Ungguh-Ungguh Basa: krama

Tembung-Tembunge: …..

Ater-ater lan Panambange: …..

Kanggo Guneman: …..

  • Ungguh-Ungguh Basa: krama alus

Tembung-Tembunge: …..

Ater-ater lan Panambange: …..

Kanggo Guneman: …..

 

Bagian 4.1.5.

Gawea ukara pitakon nganggo tembung-tembung pitakon ngisor iki!

  1. Sinten: Sinten asma panjenengan?
  2. Pinten: …..
  3. Kapan: …..
  4. Menapa: …..
  5. Wonten pundi: …..
  6. Kados pundi: …..

 

Bagian 4.1.6.

Nyuwuna pirsa marang bapak ibumu! Gunakna basa krama sing becik lan bener!

  1. Sapa asmane ibumu?
  2. Apa tegese asmane ibumu iku?
  3. Sapa asmane bapakmu?
  4. Apa tesese asmane bapakmu iku?

 

Klik nang kene nggo mangerteni kang luwih lengkap

 


Bagian 1 dari 4 Bagian

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *