Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 3: Patemon 2


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

Gatekna Pacelathon iki!

 

Pak Guna:

“Kowe lagi sinau apa, Ndhuk?”

Ambar:

“Menika Pak, saweg nggarap tugas ringkesan cariyos Ramayana.”

Bu Pas:

“Wis kokwaca apa durung critane?”

Ambar:

“Dereng Bu, menika badhe kula waos.”

Bu Pas:

“Ya, saiki wacanen dhisik.”

Ambar:

“Nggih Bu.”

Trisna:

“Cariyos  Ramayana menika menapa ta Pak?”

Pak Guna:

“Crita Ramayana kuwi, nyritakake lelakone Raden Rama lan Dewi Sinta.”

Trisna:

“Rama menika asmane tiyang nggih, Pak?”

Pak Guna:

“Iya, Le. Ganepe Ramawijaya”

Ambar:

“Pak, asmanipun sae nggih? Rama menika tegesipun menapa Pak?”

Pak Guna:

“Rama kuwi tegese bapa utawa bapak lan wijaya kang  tegese menang. Dadi Rama iku tegese Bapak kang bisa nggayuh kamenangan. Mbok menawa Prabu Dasarata yaiku ramane Raden Rama kagungan pangajab amrih Raden Rama dadi raja utawa pemimpin kang bisa nggayuh kamenangan.”

Ambar:

“O, mekaten nggih Pak? Dados nama menika minangka donga saking tiyang sepuh kagem putranipun nggih Pak?”

Pak Guna:

“Bener, Ndhuk.”

Klik nang kene nggo ngerteni kang luwih lengkap
Bu Pas:

“Ndhuk, jenengmu jangkep Ambar Puspitasari. Kuwi ya nduweni teges. Ambar tegese ganda wangi, Puspita tegese kembang, Sari tegese endah. Ambar Puspitasari tegese kembang endah kang ngganda wangi. Pangajabe bapak lan ibu supaya kowe bisa dadi wanita kang ayu tindak tanduke lan bisa njaga martabate kulawarga.”

Trisna:

“Lha menawi nama kula kados pundi?”

Pak Guna:

“Jenengmu jangkep Sutrisna Raharja. Sutrisna tegese seneng tetulung marang liyan. Raharja tegese tansah slamet lan beja uripe. Sutrisna Raharja tegese seneng tetulung marang liyan supaya tansah slamet lan beja uripe.”

Trisna:

“Nggih Pak. “

Pak Guna:

“Simbah maringi asma bapak lan ibumu uga kagungan pangajab sing becik. Panut Gunawan pangajabe supaya bapakmu iki bisa dadi panutan lan tuladha sarta bisa migunani kanggo kulawarga mligine lan masyarakat umume.”

Ambar:

“Menawi Ibu, kados pundi Pak?”

Pak Guna:

“Semana uga asmane Ibumu. Pas Hartin. Ibumu lair nalika ngepasi Hari Kartini. Dadi simbahmu maringi jeneng kuwi kanggo pêpeling.”

Ambar:

“Dados tiyang sepuh maringi nama menika wujud pandonga nggih, Pak? Menapa malih nama saking basa Jawa kathah sanget tegesipun.”

Pak Guna:

“Iya, Ndhuk. Bener.”

 

Tindakna pacelathon iku ing ngarep kelas!

 

Bagian 3.2.1.

Pitakon ing ngisor iki wangsulana nganggo basa krama lesan wae!

  1. Menapa ingkang dipunrembag ing pacelathon menika?
  2. Prabu Dasarata maringi ingkang putra kanthi asma Rama. Temtu nggadhahi pangajab. Menapa pangajabipun?
  3. Menapa pangajabipun Pak Guna maringi ingkang putra nama Sutrisna Raharja ?
  4. Geneya tiyang sepuhipun Bu Pas maringi nama putranipun Pas Hartin?
  5. Nama ingkang dipunparingaken tiyang sepuh dhumateng lare menika saged wujud menapa?

 

Bagian 3.2.2.

Tembung-tembung kang kandel panulisane iki golekana dasanamane ing ngisor iki!

  1. Adhine Dasamuka ana kang awujud raseksa.
  2. Prabu Dasamuka asor bebudene.
  3. Prabu Dasamuka daksiya marang sapadhaning titah.
  4. Prabu Dasamuka wani ndhustha Dewi Sinta.
  5. Prabu Dasamuka bandayuda mungsuh Prabu Rama..
  6. Wadyabala Ngalengka kocar-kacir.
  7. Prajurit buta akeh sing palastra.
  8. Kumbakarna maju ana ing tengahing palagan.
  9. Dasamuka bisa nggayuh kamenangan.
  10. Kumbakarna tansah ora kendhat ngelingake Prabu Dasamuka.

Pilihan dasanama: nyolong, mati, paprangan, perang, buta, prajurit, watake, leren, umat, oleh


 

Bagian 3.2.3.

Goleka jeneng tokoh wayang Ramayana, banjur golekana tegese!


Rama: bapak; Sinta: kasetyan


 

Klik nang kene nggo mangerteni kang luwih lengkap

Bagian 2 dari 4 Bagian

 

One comment
  1. Amanda Murti Wijaya

    3.2.1
    1. Ramayana.
    2. bapa utawa bapak lan wijaya kang tegese menang.
    3. Seneng tetulung marang lian.
    4. Ngepasi hari Kartini.
    5. Wujud pandonga

    3.2.2
    1. Buta.
    2. Tingkah laku.
    3. Perintah.
    4. Ngapusi.
    5. Perang.
    6. prajurit.
    7. Mati.
    8. Peperangan.
    9. Oleh.
    10. Luput.

    3.3.3
    1. Rama = bapak
    2. Rahwono = dusta.
    3. Anoman = ketek.
    4.

Tinggalkan Balasan ke Amanda Murti Wijaya Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *