Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 2: Patemon 4


Bagian 4 dari 4 Bagian

 

Carane Nembang

Yen kepengin bisa nembang sing becik kudu ngerti carane nembang. Ana bab-bab kang kudu digatekake utawa disinau nalika arep ajar nembang.

  1. Laras utawa Nada

Laras yaiku thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. Laras iku tatanan swara sing ajeg endhek dhuwure. Laras uga diarani nada. Ing tembang macapat laras sing baku iku ana loro: laras slendro lan laras pelog.

  1. Pathet

Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. Pathet iku minangka pathokan nembangane sawijining tembang. Laras slendro ana telung pathet: pathet sanga, pathet nem, lan pathet manyura. Laras pelog uga ana telung pathet: pathet lima, pathet nem, lan pathet barang.

  1. Pedhotan

Pedhotan yaiku wektu pangasoning napas nalika nglagokake tembang. Pedhotan iku ana warna loro: Pedhotan kenceng yaiku pedhotan dumunung ing satengahing tembung. Pedhotan kendho yaiku pedhotan kang dumunung ing pungkasaning tembung.

  1. Andhegan

Andhegan yaiku wektu mandheg utawa ngaso ing gatra utawa larikan tartamtu nalika nembang. Andhegan alit yaiku wektu mandheg utawa ngaso ing gatra utawa larikan tartamtu, sagatra/salarik rong gatra/larik. Andhegan ageng yaiku wektu mandheg ing punkasaning pada tembang kanggo ancang-ancang arep nembang pada sateruse.

  1. Luk

Luk yaiku pangeluing swara ing wanda-wanda sajroning tembang. Luk uga diarani munggah mudhun utawa ombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi). Luk kadadean saka s 2-3 titi laras. Luk kaperang dadi papat: luk nduduk (23; 56; 6i), luk niba (32; 65; !6), luk njujug (1!; 52; 13), luk nyeklek (235; 356; 56!).

  1. Gregel utawa Embat

Gregel utawa embat yaiku membat mentuling swara. Kanthi gregel utawa embat swara dadi dhekung lan ngungkung

 

Apalna banjur tembangna! Gatekna cara-carane nembang sing bener!

Bagian 2.4.1.

Golekana tegese tembung-tembung iki!

  1. Aran: …..
  2. Bebuden: …..
  3. Luhur: …..
  4. Ngelmi: …..
  5. Winasis: …..
  6. Suci: …..

 

Goleka tembang Kinanthi sing cakepan/syaire beda. Tembangna bareng bapak ibumu! Rekamen, banjur kirim marang gurumu lan sebarna nang kanca-kancamu!

 


Bagian 4 dari 4 Bagian


 

One comment
Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *