Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 3: Patemon 3


Bagian 3 dari 4 Bagian

 

Dasamuka

Dasamuka iku putrane Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi. Nalika Dasamuka arep lair ana ngalamat warna-warna. Ana udan getih, srengenge surem, siluman padha ngaton lan jejogedan, gludhug guntur mawurahan, gunung njeblug, lindhu makaping-kaping. Iki kabeh pratandha yen bakal lair bayi kang sekti madraguna nanging duwe watak angkara. Pranyata tenan, Dewi Sukesi nglairake bayi nganeh-anehi. Raine sepuluh, rupane medeni, rai abang, siyunge mingis-mingis, lan pakulitane biru erem.

Resi Wisrawa sungkawa ing penggalih. Panjenengane banjur nyuwun eguh pratikel marang Prabu Sumali. Prabu Sumali kersa ngupakara bayi iku. Bayi buta iku kaparingan asma Dasamuka utawa Rahwana. Dasamuka kadhawuhan tapa dening eyange. Anggone tapa ana ing Gunung Gohkarna suwene seket taun.

Sajrone tapa Dasamuka duwe panuwun bisa sekti mandraguna, ora bisa kalah dening titah lan dewa. Dasamuka uga nyuwun diparingi umur kang dawa. Bathara Guru ngabulake panyuwune Dasamuka. Bathara Guru weling aja pisan-pisan ngina lan nganiaya marang kethek putih. Sebab iku dadi jalaran patine. Dasamuka uga meguru marang Resi Subali. Dasamuka diparingi aji pancasona dening Resi Subali. Dayane aji pancasona yaiku ora bisa mati yen jisime isih ngambah lemah.

(Kapethik saking Mutyara Rinonce kanthi ewah-ewahan sawetawis)

 

Bagian 3.3.1.
  1. Sapa asmane bapa lan ibune Dasamuka?
  2. Apa wae tandha-tandhane nalika Dasamuka arep lair?
  3. Kepriye kahanane Dasamuka nalika lair?
  4. Prabu Sumali iku sapa?
  5. Dasamuka didhawuhi tapa ana ing ngendi?
  6. Apa panuwune Dasamuka nalika tapa?
  7. Pira suwene Dasamuka anggone tapa?
  8. Apa pengapesane Dasamuka manut welinge Bathara Guru?
  9. Sapa sing maringi aji pancasona marang Dasamuka?
  10. Apa dayane aji pancasona?

 

Bagian 3.3.2.

Tembung-tembung sing kacithak kandhel (werna biru) iki terangna tegese!

  1. Dasamuka iku putrane Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi.
  2. Siluman padha ngaton lan jejogedan.
  3. Bayi sekti nanging duwe watak angkara.
  4. Resi Wisrawa sungkawa ing penggalih.
  5. Dasamuka kadhawuhan tapa dening eyange.
  6. Bathara Guru weling aja pisan-pisan ngina lan nganiaya marang kethek putih..
  7. Dasamuka ora bisa mati yen jisime isih ngambah lemah.
  8. Sajrone tapa Dasamuka duwe panuwun bisa sekti mandraguna.
  9. Dasamuka ora bisa kalah dening titah lan dewa.
  10. Dayane aji pancasona yaiku ora bisa mati yen jisime isih ngambah lemah.

 

Bagian 3.3.3.

Sebutna tokoh-tokoh wayang ning crita kasebut. Terangna kepriye watake!

 

Klik nang kene nggo mangerteni kang luwih lengkap!

Bagian 3 dari 4 Bagian

 

One comment
  1. Amanda Murti W

    3.3.1
    1. Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi
    2.Ana udan getih, srengenge surem, siluman padha ngaton lan jejogedan, gludhug guntur mawurahan, gunung njeblug, lindhu makaping-kaping.
    3.Raine sepuluh, rupane medeni, rai abang, siyunge mingis-mingis, lan pakulitane biru erem.
    4. Kang disuwuni eguh pratikel
    5.tapa dening eyange. Anggone tapa ana ing Gunung Gohkarna
    6.Sajrone tapa Dasamuka duwe panuwun bisa sekti mandraguna
    7. Deket tahun
    8.Sebab iku dadi jalaran patine
    9.Dasamuka diparingi aji pancasona dening Resi Subali
    10.Dayane aji pancasona yaiku ora bisa mati yen jisime isih ngambah lemah.

    3.3.2
    1.Anak.
    2.Ngenalke.
    3.Elek bebudene.
    4.sengsara
    5.Di Kon.
    6.Ngece.
    7.Mayet.
    8.Ampuh.
    9.Printah.
    10.Kekuatane.
    3.3.3
    1. Dewi sukesi = sabar
    2. Dasamuka = patuh
    3. Resi wisrawa = sungkawa
    4. Prabu Subali = apikan
    5. Batara guru = apikan
    6. Resi subari = ampuh

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *