Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 1: Patemon 2


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

Tirokna Pacelathon iki!

Agung:

“Wingi sore ana lindhu, kowe padha krasa ora?”

Bayu:

“Iya, aku wedi banget. Aku lagi sinau ana jero omah.”

Gilang :

“Yen aku lagi turu awan, dadi ora krasa. Aku mung kaged nalika krungu wong-wong padha mbengok ana lindhu.”

Siti :

“Iki ana wartane ing koran. Pusate lindhu ing Selat Sunda gedhene 5,2 skala Richter, jarene amarga lempeng tektonik.”

Bayu:

“Nanging  ora nganti tsunami, ta?”

Agung:

“Untunge ora.”

Siti:

“Yen  ora salah, minggu kepungkur uga ana lemah longsor, ta?”

Agung:

“Iya, Masarakate ora gelem njaga lingkungan.”

Bayu:

“Dhuh, peristiwa alam kok ya akeh men ya? Awake dhewe kudu waspada lan ngati-ati.”

Siti:

“Iya bener kuwi.”

Gilang:

“Kejaba kuwi, supaya lingkungan tetep lestari, awake dhewe kudu gelem njaga resike lingkungan.”

Agung, Bayu, Siti:

“Iya bener.”

 

Bagian 1.2.1.

Pitakon ing ngisor iki wangsulana nganggo basa krama lesan wae!

  1. Apa sing dirembug ing pacelathon iku?
  2. Geneya Bayu wedi banget nalika ana lindhu?
  3. Geneya Gilang kaget nalika ana peristiwa kuwi?
  4. Pira gedhene lindhu kang dumadi ing Selat Sunda?
  5. Kepriye supaya lingkungan tetep lestari?

 

Ukara-ukara ing ngisor ucapna sing bener!

  1. Ora kena jajan saenggon-enggon, bisa lara weteng!
  2. Aja menyang pinggir kali, kaline lagi banjir!
  3. Jatmika bledhege nyamber-nyamber, kowe aja teka saiki!
  4. Sari ora susah mulih saiki, udane deres banget!
  5. Sugeng, welingku aja lali, kancane diajak gotong royong!
  6. Aja pati-pati mulih, yen banjire durung surut!
  7. Sapa wae ora kena ndumuk, mbebayani!
  8. Aja susah atimu, ibumu enggal kondur!
  9. Lestari, kowe ora susah mrene!
  10. Thukul ora kena mrene, sadurunge terang udane!

 

Bagian 1.2.2.

Apa tegese tembung-tembung mangsa ing ukara-ukara iki!

  1. Ing mangsa rendheng adate akeh banjir. Mangsa iki tegese …..
  2. Mangsa tekana dina iki, wong lagi mangkat wingi esuk. Mangsa iki tegese …..
  3. Ibu wingi maringi oleh-oleh madu mangsa. Mangsa iki tegese …..
  4. Macan kae lagi mangsa daging sapi. Mangsa iki tegese …..
  5. Tun iki akeh udan salah mangsa. Mangsa iki tegese …..
  6. Sekolahe adhimu dakpasrahake kowe, mangsa bodhoa anggonmu ngajari. Mangsa iki tegese …..

 

Pacelathon ing dhuwur iku wacanen batin bola-bali! Sabanjure saben bocah papat majua ana ngarep kelas, nirokna pacelathon iku kanthi lagu lan solah bawa kang luwes!


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

2 comments
Tinggalkan Balasan ke Hack Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *