Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 2: Patemon 2


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

Ngarang Tembang


Palupi:

“Pakdhe, kula nyuwun tulung dipuntuturi damel tembang macapat Kinanthi!”

Pakdhe Danu:

“Apa kowe durung bisa, Ndhuk?”

Palupi:

“Dereng, Pakdhe.”

Pakdhe Danu:

“Pathokane ngarang tembang macapat kuwi padha, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.”

Palupi:

“Ngendikanipun Bu Guru Wara, tembang Kinanthi menika gungunging guru gatra utawi larik wonten 6, guru wilangan saben larik sami 8 sedaya, lan guru lagunipun u, i, a, i, a, i.”

Pakdhe Danu:

“Lha, gene wasis! Coba gatekna tembang Kinanthi iki! Asma kang becik puniku, kang darbe pangajab ugi, upama asma Utama, pangajabe mrih utami, upami nama Santosa, mrih kuwat lair lan batin.”

Palupi:

“Menika temanipun menapa, Pakdhe?”

Pakdhe Danu:

“Coba bedheken temane apa!”

Palupi:

“Menawi boten klentu temanipun asma.”

Pakdhe Danu:

“Bener. Lha gene pinter.”

Palupi:

“Inggih Pakdhe! Kula sampun ragi dhong. Kula badhe nyobi.”

Pakdhe Danu:

“Iya, nyobaa! Aja wedi kleru! Yen kleru dakbenerne.”

Palupi:

“Inggih Pakdhe, matur nuwun.”

 

Bagian 2.2.1.

Wangsulana pitakon iki nganggo basa krama!


Pitakon: Apa judhule wacan iku!

Wangsulan: Wacan menika judhulipun Ngarang Tembang.


  • Sapa sing omong-omongan?
  • Bab apa sing diomongake?
  • Tembang apa sing ditakokake Palupi?
  • Kepriye pathokane ngarang tembang?
  • Pira gunggunge guru gatra tembang Kinanthi?
  • Tembang sing dicontokake Pakdhe Danu temane apa?

 

Bagian 2.2.2.

Golekana tegese! Rembugen karo kancamu!

  1. asma: …..
  2. darbe: …..
  3. pangajab: …..
  4. utama: …..
  5. utami: …..
  6. santosa: …..
  7. tema: …..

 

Sing omong-omong ing pacelathon kasebut yaiku Palupi lan Pakdhe Danu. Tembung palupi iku tegese conto, mbok menawa bapak ibune Palupi duwe pangajab supaya putrane besuk bisa dadi conto kang becik.

 

Bagian 2.2.3.

Jeneng-jeneng ing ngisor iki uga ngemu pangajab. Golenana pangajabe manut tegese tembung!


Teguh Widada

Pangajabe: …..

Pangayoman

Pangajabe: …..

Anteng Jatmika

Pangajabe: …..

Asih Sesami

Pangajabe: …..

Puspa Arum

Pangajabe: …..

 

Klik nang kene nggo ngerteni kang luwih lengkap

 

Bagian 2.2.4.

Rembugen karo kancamu!

  1. Guru guru gatra iku apa?
  2. Guru wilangan iku apa?
  3. Guru lagu iku apa?
  4. Cengkok iku apa?
  5. Watake tembang Kinanthi iku kepriye?

 

Crita

Wacan ing dhuwur critakna maneh, lan paragakna liwat video, banjur sebarke marang kanca-kancamu!

 


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

One comment
  1. Amanda Murti W

    2.2.1
    1. Pakdhe Danu LAN palupi
    2. Ngdakakake macapat
    3. Kinanthi
    4. Padha guru Gatra , guru wilangan , LAN guru lagu
    5. U,i,a,i,a,i.
    6.kinanthi

    2.2.2
    1. Neneng
    2. Nduwe
    3. Gegayuhan
    4. Pokok
    5. Pokok
    6. Sejahtera
    7. Reng rengan

    2.2.3
    1. Keselamatan
    2. Pitulungan
    3. Kelakuan kang Alus
    4. Tresno sakpodo Podo
    5. Kembang wangi

    2.2.4
    1. Larik tembang
    2. Cacahe wondo
    3. Tibaning suara
    4. Lakuning suara
    5. Kasenengan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *