Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 2.3: Wisata ing Gembiraloka


Bagian 4 dari 4 Bagian

 

Wisata ing Gembiraloka

Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.

Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.

Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.

Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.

Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.

Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.

Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan ingkang sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngunjuk.

 

Saka crita pengalaman ing dhuwur bisa dijupuk piwulang, yaiku :

  1. Tansah munjukaken rasa syukur dhumateng Gusti Alloh.
  2. Nuwuhaken rasa tresna asih marang pepadhaning titah.
  3. Nuwuhaken kekendelan kanggo micara
  4. Nuwuhaken kreativitas berbahasa Jawa.
  5. Nuwuhaken sikap disiplin

Tata Tembung

  1. Tembung Aran

Tembung aran yaiku tembung-tembung kang nelakake barang. Bab barang utawa aran bisa maujud bisa uga ora maujud. Ing basa Indonesia diarani kata benda. Tuladha Tembung aran: kathok, bokong, pancing, gunting, clana, tas, kursi, meja, buku, kertas, lan liya-liyane.

  1. Tembung Kriya

Tembung kriya yaiku tembung-tembung kang mratelakake gawean, solah bawa utawa mobah mosike awak. Ing basa Indonesia diarani kata kerja. Tuladha tembung kriya: mulang, matur, nggawe, njupuki, kandha, dakdhawuhi, dipikir, dijahit, digunting, lan liya-liyane.

  1. Tembung Kaanan

Tembung kaanan yaiku tembung kang mratelakake sifat utawa kaanane barang. Tuladha Tembung Kaanan: gedhe, cilik, cendhek, dhuwur, akeh, sethithik, ayu, sedhih, susah, seneng, anyar, lan liya-liyane.

  1. Tembung Pangiket

Tembung Pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nyambungake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha Tembung Pangiket: karo, lan, sarta, kaliyan, tuwin, mula,  sanajan, amargi, awit, sebab, jalaran, sareng, bareng, nanging, menawi, yen, ewadene lan liya-liyane.

Nulis Crita Pengalaman

Wong urip lumrahe duwe lelakon kang tau dialami embuh kuwi lelakon nyenengake lelakon sedhih, nrenyuhake, lelakon kang lucu kepara lelakon kang gawe isin. Lelakon-lelakon kang dialami iku bisa ditulis ana ing sajrone crita. Sajrone nulis crita pengalaman awake dhewe lumrahe nggatekake bab :

  1. Eling-elingan prastawa kang tau dilakoni
  2. Prastawa sik endi kang arep dicritakake
  3. Tulisen pokok-pokok ceritane:
  4. Paraga utawa tokoh lumrahe kanthi tembung ‘aku’ minangka penulis.
  5. Watake paraga
  6. Kedadeyan kang dumadi dialami dening paraga.
  7. Papan lan wektune prastawa/kedadeyan
  8. Refleksi/ umpan balik saka prastawa kasebut

 

Apes

Jaman SMP, aku duwe kanca jenenge Lupik. Nalika bel sekolah muni, aku karo kanca-kanca padha langsung cepak-cepak ngukuti buku. Sawise donga bali, kabeh kancaku padha cepet-cepetan absen bali nganggo kartu elektronik sing dikirim neng Jakarta.

Sawise absen, aku njupuk pit neng kandhang pit. Sadurunge bali aku kudu ngenteni kanca-kancaku sing baline dipethuk wong tuwane. Sawise ngenteni rada suwi, mung garek Lupik sing durung dipethuk. Ujug-ujug simboke Lupik nelpon, “Pik, kowe nandi?”. Lupik njawab, “Aku nang ngarep mbok. Lha simbok ten pundi?”

“Lha simbok kawit mau neng buri”. Simboke Lupik langsung nutup telpune. Aku karo Lupik langsung memburi nusul simboke Lupik. Sawise tekan malah ra ana uwong. Ujug-ujug simboke Lupik nelpon maneh. “Pik kowe malah nandi?. Simbok wis nang ngarep”. Lupik njawab, “Aku neng buri nyusul simbok”. Simboke Lupik kesusu nutup telpon. Aku karo Lupik cepet-cepet mengarep. Sawise tekan ngarep maneh, simboke Lupik ra ana maneh. Ujug-ujug simboke Lupik nelpon maneh sing ping telu. “Pik kowe ki nandi maneh?” Simbok nganti kesel bolak-balik. “Lha aku nyusul simbok mangarep, “ jawabe Lupik. “Ya wis simbok tak sing rana. Kowe menenga nang kana. “ Simboke Lupik langsung nge-gas montore buanter mengarep.

Sawise mboke Lupik tekan, Lupik meneng wae kawit mau. Wis dijak bali mboke meneng wae. Tak takoni meneng wae, ngadeg njegegeg. Oalah, aku kelingan ngendikane mbokne Lupik mau.  “Ya wis simbok tak sing rana. Kowe menenga nang kana. “ Gara-gara kuwi mau Lupik meneng wae. Aku langsung ngomong marang simboke Lupik, yen Lupik meneng wae amarga saka ngendikane simbok mau. “Oalah Pik, mung gara-gara simbok muni kaya mau kowe banjur meneng wae. Kowe jenenge DDR (Daya Dhong Rendah)yen ngono kuwi. Akhire Lupik bali karo simboke. Aku langsung bali neng omah dhewe numpak pit. Yen kelingan Lupik aku kudu ngguyu dhewe.

Gara-gara kelingan Lupik banjur ngguyu dhewe, dikira uwong-uwong aku edan. Aku dadi isin amarga ngguya-ngguyu dhewe. Aku malah ora ngematke dalan, dadi kepleset kulit gedhang. Pitku ngegol-ngegol njegur sawah. Awakku adus lumut sawah. Aku tambah isin nalika diawasake uwong tandur pari ing sawah. Aku cepet-cepet bali neng omah. Sawise tekan, aku malah digeguyu kakangku. Aku langsung tumuju kamar mandhi. Neng jero aku isih kelingan mau, malah dadine sampho taknggo nyabuni rai. Mak bedunduk mati listrik. Banyu PAM omahku daddi mati. Mripatku kepedhesen ra bisa melek. Aku kepeksa raup banyu asah-asahan. Dina kuwi dadi dina paling apes sing tak alami. (Nimas Wahyu Timur, Djaka Lodang No 51: 20 Mei 2017)

 

Bagian 2.3.1.

Kanthi adhedhasar wacan crita pengalaman “Apes” wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi bener!!

  1. Crita pengalaman ing dhuwur dialami dening sapa?
  2. Kapan kedadeyane crita kasebut?
  3. Kepriye lelakon kang dialami dening penulis nalika bubar sekolah?
  4. Apa sebabe penulis rumangsa isin?
  5. Apa sebabe dina iku penulis rumangsa ngalami dina kang paling apes?
  6. Saka crita pengalaman ing kasebut andharna pitutur kang becik dituladha!

 

Bagian 2.3.2.

Tembung-tembung saka crita pengalaman kasebut terangna tegese!

  1. apes tegese …..
  2. ujug-ujug tegese …..
  3. pemut tegese …..
  4. mak bedunduk tegese …..
  5. raup tegese …..
  6. asah-asah tegese …..
  7. kepleset tegese …..
  8. nyusul tegese …..
  9. ngukuti tegese …..
  10. ngematake dalan tegese …..

 

Bagian 2.3.3.

Gawea ukara kang isine duwe teges kosok balen tumrap ukara-ukara ngisor iki!

  1. Sawise absen, aku njupuk pit.
  2. Anggone ngenteni pethukan suwe.
  3. Simboke Lupik mengarep.
  4. Mak bedunduk listrike mati.
  5. Aku mlebu menyang jero kamar mandhi.

 

Bagian 2.3.4.
  1. Golekana tuladha tembung-tembung aran kang ana ing crita pengalaman ing dhuwur kasebut!
  2. Golekana tuladha tembung kriya saka crita pengalaman ing ndhuwur kasebut!

 


Bagian 4 dari 4 Bagian


 

2 comments
Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *