Loading...
Bahasa Jawa - Kelas X

Wulangan 3: Pawartos

  • Memahami dan menganalisis berita yang dibacakan atau melalui berbagai media.
  • Menyajikan berita berbahasa Jawa dengan lisan maupun tulis.

  • Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menanalisis struktur berita (pawartos)
  • Setelah menganalis sturktur berita (pawartos) siswa dapat memahami isi berita (pawartos).
  • Selama dan setelah proses pembelajaran siswa dapat menanalisis latar belakang nama-nama tempat.

 



 

Pangretosan Pawartos

Pawartos inggih punika informasi énggal ingkang dipunandharaken kanthi lisan utawi tulisan wonten média cétak utawi èlèktronik kanthi jelas, aktual utawi énggal lan narik kawigatosanipun tiyang kathah.

Pawartos asipat faktual utawi adhedhasar fakta utawi kasunyatan. Isinipun pawartos awujud fakta-fakta ngéngingi manéka warna kadadosan. Kadosta politik, budaya, pendidikan, kesenian lan sapiturutipun. Pawartos ingkang boten dipunkanthèni fakta-fakta saged dipunwastani kabar angin utawi gosip. Ing wekdal sapunika kathah sanget média cétak punapa déné èlèktronik ingkang ngemot pawartos lan dipunwahyakaken kanthi basa saha ilustrasi ingkang sanget narik kawigatosan. Ananging kita kedah saged mbédakaken pundi pawartos ingkang saé saha ingkang leres. Supados kita boten gampil dipundamel kemba kaliyan pawartos ingkang mboten saged dipuntanggeljawabaken. Menawi sapunika asring dipunwastani hoax.

Pawartos ingkang saé punika nggadhahi titikan: aktual utawi énggal, faktual utawi adhedhasar kasunyatan, basanipun ringkes, padhet, lan saged dipunpitados.

 

Jinisipun Pawartos

 

1. Pawartos Dadakan

Pawartos dadakan inggih punika pawartos kang wekdal saha papan panggènan kadadosanipun mboten saged dipunpesthèkaken. Pawartos jinis punikatuladhanipun : pawartos kacilakan montor mabur, banjir, kabesmen lan sanès-sanèsipun.

 

2. Pawartos Dinan

Pawartos dinan inggih punika pawartos ingkang wekdal saha papan panggènan kadadosanipun sampun dipunmangertosi saderengipun. Tuladhanipun: Rawuhipun  présidèn ing Ngayogyakarta, Peresmian gedhung sekolah dening Gubernur, lan sanès-sanèsipun.

 

3. Pawartos Cariyos

Pawartos cariyos inggih punikasatunggalipun pawartos ingkan mboten dipunwatesi déning wekdal saha papanipun. Limrahipun ngandharaken objèk ingkang nengsemaken (human interest). Pawartos punika dipunwedharaken  namung mligi kanggé panglipur utawi selingan kémawon. Tuladhanipun  pawartos kanthi téma objek wisata, karemenan (hobby), kulinèr lan sanès-sanèsipun.

 

Peranganipun Pawartos

 

1. Sesirah (Headline)

Sesirah (judul) inggih punika pérangan pawartos ingkang sepisanan, limrahipun kaserat mawi tetembungan kanggé nuwuhaken minat supados tiyang sanès kersa maos isinipunpawartos.

 

2. Ringkesan (Lead)

Lead inggih punika ukara nggambaraken ringkesanipun pawartos, limrahipun kacithak kandel ing sangandhapipun sesirah.

 

3. Isi Pawartos (body)

Isi pawartos inggih punika ukara ingkang-ukara ingkang njlèntrèhaken kadadosan ngèngingi punapa, wonten ing pundi papanipun saha wekdal kadadosanipun. Supados pawartos akurat  lan kalebet standar, pramila tèknis jurnalistik inggih punika berita gampil dipunsusun kanthi pola ingkang baku, prasaja lan gampil dipuntampi isinipun.

  • what : kedadosan punapa ingkang dipunwartakaken.
  • who : sinten ingkang wonten ing salebetipun kadadosan punika.
  • when : kapan kadadosanipun.
  • where : wonten ing pundi papan kadadosanipun.
  • why : kénging punapa saged kadadosan
  • how : kadospundi kadadosanipun

Isinipun pawartos kedah:

  • Aktual : tansah wonten pawartosénggal
  • Faktual : pawartos ingkang trep kaliyan ka
  • Objektif : pawartos ingkang kaaturaken kanthi seimbang boten
  • Publisitas: katujokaken kagem masyarakat umum

 

4. Gambar

Gambar mujudaken pérangan pawartos kanggé nedahaken kados pundi kadadosanipun kanthi  kasat mata. Wonten ing media cétak awujud foto, déné ing média èlèktronika wujud  vidéo.

 

5. Sumber

Sumber punika tiyang ingkang maringi katrangan utawi komentar dhateng dumadosipun berita punika. Sumber ugi saged dados seksi tumrap satunggalipun kadadosan, utawi pihak ingkang nggadhahi kuwajiban kanggé nuntasaken kadadosan punika.

 

Tata Rakiting Wewangunan Kraton

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat mujudaken pusat pamarèntahan ugi panggènanipun raja saha kulawarganipun. Kagem mujudaken fungsi kasebat, dipunbetahaken sumber daya manusia ingkang jumbuh lan trep. Awit saking punika Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat nggadhahi Abdi Dalem ingkang gadhah kuwajiban lan kuwajiban tartamtu. Saben kelompok Abdi Dalem pinaringan papan kalenggahan piyambak-piyambak ingkang papanipun boten tebih saking kraton, kalebet wonten ing sajawinipun bètèng kraton. Wiwit saking Tugu Pal Putih iring lèr ngantos dumugi Panggung Krapyak ing sisih kidul. Wonten ing brang wétan winates Kali Winongo, déné Kali Code minangka wates ing iring kilen.

Sapunika papan panggenan para Abdi Dalem sampun boten dados palenggahan mligi kagem Abdi Dalem Kraton, nanging sampun kathah masyarakat umum ingkang nglenggahi.papan palenggahan Abdi Dalem taksih saged kalacak saking nama kampungipun.

Nama-nama kampung ing sajawinipun bètèng nggadhahi nama miturut kuwajiban lan kawasisanipun abdi dalem kasebat, kadosta:

 

Suranatan

Kampung Suranatan mujudaken papan panggènanipun Abdi Dalem Suranata,  Abdi Dalem ingkang kuwajibanipun minangka ulama keraton. Kajawi kuwajibanipun minangka kesatuan prajurit, Abdi Dalem Suranata uga gadhah tanggel jawab ing babagan agama kadosta: nyepakaken sujudan (sajadah), tesbeh (tasbih), lan pasalatan (tempat untuk sholat). kampung punika wonten ing  wilayah Kelurahan Notoprajan, Kecamatan Ngampilan.

 

Gerjèn

Kampung Gerjèn punika palenggahanipun Abdi Dalem Gerji, tukang jahit kraton. Kampung punika mlebet wilayah Kelurahan Ngupasan, Kecamatan Gondomanan.

 

Gendhingan

Kampung Gendhingan punika kampungipun Abdi Dalem Wiyaga, ahli gendhing gamelan kraton. punika mlebet wilayah Kelurahan Notoprajan, Kecamatan Ngampilan.

 

Ngampilan

Kampung Ngampilan punika panggènanipun Abdi Dalem Ampilan ingkang kuwajibanipun mbekta  Ampilan Dalem (uba rampe upacara ingkang dados pendhèrèkipun Sultan nalikanipun nindakaken resmi kerajaan). kampung punika mlebet wilayah Kelurahan Ngampilan, Kecamatan Ngampilan.

 

Gedongtengen

Kampung Gedongtengen punika panggènanipun  Abdi Dalem Gedhong Tengen ingkang kuwajibanipun nandangi maneka warna prekawis, upaminipun urusan prajurit, pajek, kemasan (tukang emas), dan sayang (pembuat peralatan dari tembaga). Abdi Dalem Gedong minangka Abdi Dalem  bendahara kraton. Gedongtengen madeg minangka kecamatan piyambak, inggih punika Kecamatan Gedongtengen.

 

Gedongkiwo

Kampung Gedongkiwo punika papan panggènanipun Abdi Dalem Gedong Kiwa kuwajibanipun nandangi prekawis, upaminipun urusan srati (pawang gajah), pelatih kuda, tukang ukir, juru sungging (tukang gambar wayang), gendhingniyagapesindhèn, juru kunci pesanggrahan, kenèk lan kusir krèta. Kampung Gedongkiwo mlebet wilayah Kelurahan Gedongkiwo, Kecamatan Mantrijeron.

 

Pajeksan

Kampung Pajeksan papan panggènanipun Abdi Dalem Jeksa, utawi jaksa. Kampung Pajeksan mlebet wilayah Kelurahan Sosromenduran, Kecamatan Gedongtengen.

 

Dagèn

Kampung Dagèn papan panggènanipun Abdi Dalem Undhagi, inggih punika ahli bangunan kayu. Kampung Dagèn mlebet ing wilayah Kelurahan Sosromenduran, Kecamatan Gedongtengen.

 

Mertolulutan

Kampung Mertolulutan panggènanipun Abdi Dalem Mertolulut, inggih punika algojo ingkang nindakaken ukuman gantung. Kajawi Mertolulut, wonten malih Abdi Dalem algojo sanèsipun ingkang ugi nindakaken ukuman pancung inggih punika Singonegoro. Emanipun kampung  Abdi Dalem Singonegoro boten saged kalacak malih. kampung Mertolulutan mlebet wonten ing wilayah Kecamatan Ngampilan.

 

Kemetiran

Kampung Kemetiran, utawi Kumitiran, punika papan palenggahan Abdi Dalem Kumitir ingkang kuwajibanipun nglantaraken nawala. Kampung wonten ing wilayah Kelurahan Pringgokusuman, Kecamatan Gedongtengen.

 

Gandekan

Kampung Gandekan punika papanipun Abdi Dalem Gandhek ingkang kuwajibanipun minangka utusan pambyawara. Kampung Gandekan mlebet wonten ing wilayah Kecamatan Gedongtengen.

 

Ketandhan

Kampung Ketandhan punika papan dunungipun Abdi Dalem Tandha ingkang kuwajibanipun ngurusi babagan prekawis pasar (peken). kampung ketandan mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Ngupasan, Kecamatan Gondomanan.

 

Kauman

Kampung Kauman punika papan lenggahipun Abdi Dalem Pengulon utawi Kaum, Rois  kagem ngupakara (merbot) Masjid Kagungan Dalem (milik Kasultanan) lan ugi mimpin upacara keagamaan. Kampung Kauman mlebet wonten ing wilayah Ngupasan, Kecamatan Gondomanan.

 

Jlagran

Kampung Jlagran punika papanipun Abdi Dalem Jlagra utawi tukang batu. Kampung Jlagran mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Pringgokusuman, Kecamatan Gedongtengen.

 

Gowongan

Kampung Gowongan punika papanipun Abdi Dalem Gowong  ingkang kuwajiban pokokipun tukang nggraji kayu. Kampung Gowongan mlebet wonten ing Kelurahan Gowongan, Kecamatan Jetis.

 

Bumijo

Kampung Bumijo punika papan panggènanipun  Abdi Dalem ingkang ngurusi prekawis tetanèn lan taman. Bumijo berasal dari kata bumi sing reja, utawi lemah (siti) ingkang paring kemakmuran. Kampung Bumijo mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Bumijo, Kecamatan Jetis.

 

Sitisèwu

Kampung Sitisèwu punika papan panggènanipun Abdi Dalem kuwajibanipun nata lan ngatur prekawis bau suku (tenaga kerja) ingkang dipunbetahaken kraton. Kampung Sitisèwu mapan wonten ing wilayah Kelurahan Sosrowijayan, Kecamatan Jetis.

 

Panumping

Kampung Panumping punika papan panggènanipun Abdi Dalem Panumping. Kuwajibanipun ngupakara prekawis administratif wilayah Negaragung. Kampung Penumping mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Gowongan, Kecamatan Jetis.

 

Gemblakan

Kampung Gemblakan punika papan panggènanipun Abdi Dalem pengrajin perak.

 

Keparakan

Kampung Keparakan kaperang dados Keparakan Tengen lan Keparakan Kiwa, papan panggènanipun Abdi Dalem Keparak utawi Abdi Dalem wanita. Abdi Dalem Keparak Tengen kuwajibanipun dados pangesuhing Abdi Dalem.

Abdi Dalem Keparak Kiwa kuwajibanipun kupiya sadhengah werni sanjata, nglatih perang, nggegulang prajurit, lan damel kesatuan teliksandi.

 

Mergangsan

Kampung Mergangsan papan panggènanipun Abdi Dalem Mergangsa ingkang kuwajibanipun negor uwit kanggé damel griya. Padamelan punika kasebat blandhong.

 

Numbakanyar

Kampung Numbakanyar papan panggènanipun Abdi Dalem Numbakanyar kuwajibanipun nata lan ngatur bau suku (tenaga kerja) kagem prelon kraton saben dintenipun.

 

Karang Kajen

Kampung Karang Kajen papan panggènanipun Abdi Dalem Kanca Kaji ingkang jejibahanipun ngurusi prekawis gayut kalihan agama.

 

Maosan

Kampung Maosan papan panggènanipun Abdi Dalem paosan ingkang kuwajibanipun ngurusi tupi pajek. Sapunika kaprah kasebat kampung Jageran utawi Mangkuyudan.

 

Gebayanan

Kampung Gebayanan punika papan panggènanipun Abdi Dalem Carik Kanayakan (Gebayan). Nalika jaman Jepang, kampung gebayanan mapan wonten ing sisih lèr Kampung Minggiran punika dipungusur dados lapangan olah raga ngantos sapunika.

 

Minggiran

Kampung Minggiran punika papan panggènanipun Abdi Dalem yang kuwajibanipun wonten ing keputrèn kraton. Sapunika Kampung Minggiran kadadosan saking gabungan antawisipun Kampung Mijèn, Kampung Keradenan, lan Kampung Keparakan Kiwa.

 

Mijèn

Kampung Mijèn punika papan panggènanipun Abdi Dalem Miji utawi abdi dalem ingkang boten kalebet wonten ing struktur  kepegawaian kraton (abdi dalem ingkang sampun purna karya). Ananging jaman rumiyin Abdi Dalem Miji minangka Abdi Dalem ingkang kuwajibanipun ngupakara wilayah Kuthanegara (ibu kota).

 

 

Bagian 3.1.

Kapadosna tegesipun nama kampung ing andhap punika:

  1. Jlagran
  2. Pajeksan
  3. Ketandan
  4. Sitisèwu
  5. Gedongkiwo
  6. Mertolulutan
  7. Karangkajen
  8. Musikanan
  9. Patehan
  10. Gamelan
13 comments
  1. Triwik Damarjati

    Nyuwun gungan inggih punika kaserat tuladha pawartos ingkang ringkes ing televisi utawi radio, supados siswa saged damel tuladha ringkes pawartos…manawi saged contonipun sampun dipunonceki analisis kados teori-teori ingkang sampun kaserat ing naming.id.Maturnuwun

  2. Viennaagustine rachmawatie

    Pengertian tentang berita apa itu berita, menjelaskan rangkaian urutan isi sampai inti

  3. Dinda Wita Roswita

    1.Kampung Jlagran punika papanipun Abdi Dalem Jlagra utawi tukang batu
    2.Kampung Pajeksan papan panggènanipun Abdi Dalem Jeksa, utawi jaksa
    3.Kampung Ketandhan punika papan dunungipun Abdi Dalem Tandha ingkang kuwajibanipun ngurusi babagan prekawis pasar (peken)
    4.Kampung Sitisèwu punika papan panggènanipun Abdi Dalem kuwajibanipun nata lan ngatur prekawis bau suku (tenaga kerja) ingkang dipunbetahaken kraton.
    5.Kampung Gedongkiwo punika papan panggènanipun Abdi Dalem Gedong Kiwa kuwajibanipun nandangi prekawis, upaminipun urusan srati (pawang gajah), pelatih kuda, tukang ukir, juru sungging (tukang gambar wayang), gendhing, niyaga, pesindhèn, juru kunci pesanggrahan, kenèk lan kusir krèta.
    6.Kampung Mertolulutan panggènanipun Abdi Dalem Mertolulut, inggih punika algojo ingkang nindakaken ukuman gantung
    7.Kampung Karang Kajen papan panggènanipun Abdi Dalem Kanca Kaji ingkang jejibahanipun ngurusi prekawis gayut kalihan agama.
    8.Kampung Nelayan merupakan tempat tinggal Abdi Dalem Musikan
    9. Kampung Patehan merupakan tempat tinggal Abdi Dalem yang membutuhkan minuman.
    10. Kampung Gamelan merupakan tempat tinggal Abdi Dalem Gamel yang mengatur kuda milik Sultan.

  4. Ilham Royan nasir

    Kampung Mertolulutan panggènanipun Abdi Dalem Mertolulut, inggih punika algojo ingkang nindakaken ukuman gantung. Kajawi Mertolulut, wonten malih Abdi Dalem algojo sanèsipun ingkang ugi nindakaken ukuman pancung inggih punika Singonegoro. Emanipun kampung Abdi Dalem Singonegoro boten saged kalacak malih. kampung Mertolulutan mlebet wonten ing wilayah Kecamatan Ngampilan. Kampung Gedongkiwo punika papan panggènanipun Abdi Dalem Gedong Kiwa kuwajibanipun nandangi prekawis, upaminipun urusan srati (pawang gajah), pelatih kuda, tukang ukir, juru sungging (tukang gambar wayang), gendhing, niyaga, pesindhèn, juru kunci pesanggrahan, kenèk lan kusir krèta. Kampung Gedongkiwo mlebet wilayah Kelurahan Gedongkiwo, Kecamatan Mantrijeron.Kampung Sitisèwu punika papan panggènanipun Abdi Dalem kuwajibanipun nata lan ngatur prekawis bau suku (tenaga kerja) ingkang dipunbetahaken kraton. Kampung Sitisèwu mapan wonten ing wilayah Kelurahan Sosrowijayan, Kecamatan Jetis. Kampung Ketandhan punika papan dunungipun Abdi Dalem Tandha ingkang kuwajibanipun ngurusi babagan prekawis pasar (peken). kampung ketandan mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Ngupasan, Kecamatan Gondomanan.Kampung Pajeksan papan panggènanipun Abdi Dalem Jeksa, utawi jaksa. Kampung Pajeksan mlebet wilayah Kelurahan Sosromenduran, Kecamatan Gedongtengen Kampung Jlagran punika papanipun Abdi Dalem Jlagra utawi tukang batu. Kampung Jlagran mlebet wonten ing wilayah Kelurahan Pringgokusuman, Kecamatan Gedongtengen.
    Kampung Karang Kajen papan panggènanipun Abdi Dalem Kanca Kaji ingkang jejibahanipun ngurusi prekawis gayut kalihan agama.

Tinggalkan Balasan ke Galah Rizqi ridho pramudya Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *