Loading...
Bahasa Jawa - Kelas X

Wulangan 4: Sekar Macapat

  1. Memahami ajaran moral dan menganalisis sturktur sekar macapat megatruh dan asmaradana
  2. Melagukan sekar macapat megatruh dan asmaradana

  1. Selama dan setelah proses pembelajaran siswa dapat menanalisis nama-nama sekar macapat.
  2. Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menanalisis struktur sekar macapat megatruh dan asmaradana (guru gatra, guru lagu, guru wilangan).
  3. Setelah memahami struktur sekar macapat (megatruh dan asmaradana) siswa dapat melagukan sekar macapat (megatruh dan asmaradana).
  4. Setelah proses pembelajaran, siswa dapat menjelaskan ajaran moral yang terkandung dalam sekar macapat megatruh dan asmarandana.

 



 

Namaning Sekar Macapat

               Wonten satunggaling pamanggih, tumrapipun tiyang Jawi  sekar macapat punika kanggé pêngéling-éling kadidéné nggambarakên cakramanggilingan gesangipun tiyang (daur hidup), saking lair ngantos dumugi pêjah.

 

Tembang Mijil

Bayi ingkang nembé mawon lair nama tembangipun mijil utawi metu, miyos, wijil (medal). Watakipun tembang asih, prihatin, pangajab. Ginanipun kagem mulang muruk tiyang ingkang nembe prihatin kanthi kebak rasa tresna asih.

 

Tembang Kinanthi

Bayi saya ageng prelu dipunlatih mlampah utawi ditétah nama tembangipun kinanthi tegesipun digandhéng, kekanthen utawi dikanthi. Isinipun tembang mituturi, pratelan kastresnan, gandrung.

 

Tembang Sinom

Sasampunipun tuwuh dados rêmaja nama têmbangipun sinom utawi enom saking namanipun ron asem ingkang gadhah sipat seger, kenès, èthès. Ginanipun kagem mulang, kanggé nggambaraken kawasisan.

 

Tembang Asmaradana

Mênawi anèm biasanipun sampun tuwuh raos suka, tresna, sengsem dhateng tiyang sanès saged ugi kawastanan nandhang asmara, pramila nama tembangipun asmaradana saking tembung asmara lan dahana (geni). Limrahipun tembang punika kagem mahyakaken raos tresna/ kasmaran.

 

Tembang Dhandhanggula

Tiyang ingkang nembé ketaman asmara punika limrahipun sarwa èndah, manis, luwes, gumbira pramila nama tembangipun dhandhanggula, saking tembung dhandhang (gagak/ireng/langking/sarkara) lan gula ingkang tegesipun manis, legi. Sekar punika cocog kagem miwiti sekar/serat.

 

Tembang Gambuh

Raos tresna ingkang tuwuh sampun nyawiji ateges sampun jumbuh/trep utawi gathuk nama tembangipun gambuh. Isinipun tembang mituturi, mulang amargi sipatipun sumanak lan sumadulur.

 

Tembang Maskumambang

Tiyang gesang tansaya dangu tansaya sepuh, penggalihanipun dèrèng menep antawisipun nepsu kadonyan lan akhérat, taksih ngambang, nama tembangipun maskumambang. Saking tembung emas lan kumambang (kembang-kembang, kèli, kèntir). Isinipun sekar mahyakaken raos panalangsa utawi sedhih amargi suraos sekaripun ngeres-eresi, nelangsa, sedhih.

 

Tembang Durma

Manunggsa penggalihipun wiwit condhong dhateng akhérat, nama tembangipun durma. Sasmita tembangipun nganggé tembung mundur, déné watakipun keras, nepsu, lan semangat. Ginanipun kagem nyandra perang lan tiyang duka/nesu.

 

Tembang Pangkur

Paribasan yuswa, manungsa sampun tansaya sêpuh, pênggalihipun sampun boten malih mikiraken babagan kadonyan, sedaya sampun dipunungkurakên, sampun mungkur. Pramila tembangipun pangkur, amargi nelakaken raos sereng, srengen, lan nepsu.

 

Tembang Megatruh

Tiyang séda punika bakal nemahi sakaratul maut utawi pisah ing antawisipun raga kalih suksmanipun, pegat/pedhot ruh/nyawanipun tembangipun megatruh. Nelakaken raos getun, keduwung. Biasanipun sekaripun kapurwan kanthi tembung pegat, uwal ingkang ngemu suraos nelangsa, sedhih, lan prihatin.

 

Tembang Pocung

Sasampunipun manungsa séda lajeng dipunbuntel mori/dikafani dados pocong nembé dipunkubur, pramila tembanipun pocung. Watakipun tembang sembrana parikena ingkang didamel cangkriman ingkang sipatipun guyon.

 


 

Paugeran Sekar Macapat

Sekar Macapat gadhah paugeran tiga, inggih punika :

  • Guru gatra: cacahipun larik/gatra saben sapada (setunggal bait)
  • Guru wilangan: cacahipun wanda (suku kata) saben gatra
  • Guru lagu: dhawahipun suwanten vokal ing pungkasaning gatra.

 

Tembang Mijil
  • Guru gatra: 5 gatra
  • Guru wilangan: 10 – 6 – 10 – 8 – 6
  • Guru lagu: i, o, e, i, u

 

Tembang Kinanthi
  • Guru gatra: 6 gatra
  • Guru wilangan: 8 – 8 – 8 – 8 – 8 – 8
  • Guru lagu: u, i, a, i a, i

 

Tembang Asmaradana
  • Guru gatra: 9 gatra
  • Guru wilangan: 8 – 8 – 8 – 8 – 7 – 8 – 7 – 8 – 12
  • Guru lagu: a, i, a, i, i, u, a, i, a

 

Tembang Dhandhanggula
  • Guru gatra: 10 gatra
  • Guru wilangan: 10 – 10 – 8 – 7 – 9 – 7 – 6 – 8 – 12 – 7
  • Guru lagu: i, a, e , u , i , a , u, a, i, a

 

Tembang Gambuh
  • Guru gatra: 5 gatra
  • Guru wilangan: 7 – 10 – 12 – 8 – 8
  • Guru lagu: u, u, i, u, o

 

Tembang Maskumambang
  • Guru gatra: 4 gatra
  • Guru wilangan: 12 – 6 – 8 – 8
  • Guru lagu: i, a, i, a

 

Tembang Durma
  • Guru gatra: 7 gatra
  • Guru wilangan: 12 – 7 – 6 – 7 – 8 – 5 – 7
  • Guru lagu: a, i, a, a, i, a, i

 

Tembang Pangkur
  • Guru gatra: 7 gatra
  • Guru wilangan: 8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 8 – 8
  • Guru lagu: a, i, u, a, u, a, i

 

Tembang Megatruh
  • Guru gatra: 5 gatra
  • Guru wilangan: 12 – 8 – 8 – 8 – 8
  • Guru lagu: u, i, u, i,o

 

Tembang Pocung
  • Guru gatra: 4 gatra
  • Guru wilangan: 12 – 6 – 8 – 12
  • Guru lagu: u, a, i, a

 

Asma Kinarya Japa

Nama, asma, peparab utawi tetenger punika tegesipun sami kaliyan jeneng.  Jeneng punika wigatos. Pramila tiyang sepuh maringi asma utawi jeneng kagem putra-putrinipun boten sembrana ananging mawi waton. Amargi asma kinarya japa tegesipun wonten ing asma punika sinartan donga pamuji tiyang sepuh kagem putra-putrinipun kanthi pangajab supados dados tiyang ingkang tinanggenah jumbuh kaliyan asmanipun.

Nut jaman kelakoné ndadosaken éwah-éwahan tumrapipun tiyang sepuh paring asma dhateng putra-putrinipun. Kalebet asma ingkang wonten gayutipun kaliyan araning kembang/sekar. Wonten ing wulangan babagan sekar macapat punika, mligi ngrembag prekawis asma ingkang wonten gandhèng-cènèngipun kaliyan kembang/sekar.

 

Miturut cakepan sekar macapat megatruh ing inggil, kathah sanget nama-nama sekar ingkang dipun-ginakaken dados nama panggenan utawi nama tiyang mliginipun tiyang estri, kadosta:

  • Puspitaningrum: sekar ingkang arum gandanipun
  • Cempaka: sekar kanthil ageng kang arum gandanipun
  • Dhahlia: arum lan edi kados dene sekar dahlia (jawa: daliyah)
  • Seruni: sekar ingkang kadosdene suling
  • Melathi: sekar ing gandanipun arum sanget
  • Gambir: sekar gambir ingkang gandanipun wangi sanget.
  • Tluki: araning kembang lan cakrik tenunan
  • Menur: slaka; bangsane kembang mlathi; pepethan kembang (diagem rerenggan, pepasren); putih, pucet tumrap slaka

 

Sekar Asmarandana ing inggil kapethik saking cariyos Babad Majapahit, pramila wonten ing sekar macapat asmaradana ing inggil kapanggihake namaning paraganing cariys, inggih punika:

  • Anjasmara: Namanipun satunggalipun putri, putranipun Patih Logendèr pepatih Majapahit ingkang dados garwanipun Radèn Damarwulan.
  • Uru Bisma, nama sanès saking Adipati Minak Jingga, Adipati Blambangan.
  • Prabalingga: praba: sorot, cahya: gambar pepethaning sorot ingkang ngupengi sirah; rerenggan wayang ing saburining geger (saèmper suwiwi) Lingga: tetenger, reca; tugu; planangan; pepundhèn; bleger. tembung Prabalingga ing sekar kasebat inggih punika nyebataken nama papan anggènipun Radèn Damarwulan kasoran yuda kaliyan Adipati Minak Jingga.

 

Bagian 4.1.

Cobi kapadosana namaning sekar macapat ing andhap punika!

  1. Bayi ingkang nembé lair nama tembangipun punapa?
  2. Bayi saya ageng prelu dipunlatih mlampah nama tembangipun punapa?
  3. Sasampunipun tuwuh dados remaja utawi enom saking namanipun ron asem ingkang gadhah sipat seger, kenès, èthès. Ginanipun kagem mulang, kanggé nggambaraken kawasisan, nama tembangipun punapa?
  4. Menawi anèm limrahipunipun sampun tuwuh raos suka, tresna, sengsem dhateng tiyang sanès saged ugi kawastanan nandhang asmara, pramila nama tembangipun punapa?
  5. Tiyang ingkang nembé ketaman asmara punika biasanipun sarwa èndah, manis, luwes, gumbira. Sekar punika cocog kagem miwiti sekar/serat. Pramila nama tembangipun punapa?
  6. Tiyang séda punika bakal nemahi sakaratul maut utawi pisah ing antawisipun raga kalih suksmanipun, pegat/pedhot ruh/nyawanipun Nélakaken raos getun, keduwung. Limrahipun sekaripun kapurwan kanthi tembung pegat, uwal ingkang ngemu suraos nelangsa, sedhih, lan prihatin. Nama tembangipun inggih punika?
  7. Sasampunipun manungsa séda lajeng dipunbuntel mori/dipunkafani dados pocong nembé dipunkubur, Watakipun tembang sembrana parikena ingkang dipundamel cangkriman ingkang sipatipun guyon. Nama tembangipun punapa?
  8. Paribasan yuswa, manungsa sampun sangsaya sepuh, penggalihipun sampun boten malih mikiraken babagan kadonyan, sedaya sampun dipunungkuraken, sampun mungkur. Pramila tembangipun inggih punika?
  9. Raos tresna ingkang tuwuh sampun nyawiji ateges sampun jumbuh/trep utawi gathuk nama tembangipun inggih punika?
  10. Tiyang gesang tansaya dangu tansaya sepuh, penggalihanipun dèrèng menep antawisipun nepsu kadonyan lan akhérat, taksih ngambang. Isinipun sekar mahyakaken raos panalangsa utawi sedhih amargi suraos sekaripun ngeres-eresi, nelangsa, sedhih. Nama tembangipun inggih punika?

 

Bagian 4.2.

Kagatosna video punika!

  1. Miturut cakepan sekar macapat megatruh wonten ing video, araning sekar punapa kémawon ingkang saged dipundamel nama/asma tiyang?

 

2. Miturut cakepan sekar macapat asmaradana wonten ing video, tembung punapa kemawon ingkang saged dipundamel nama/asma tiyang utawi panggenan?

 

4 comments
  1. Triwik Damarjati

    Sumangga kajangkepana:
    1.Sujarah Macapat
    2.Dhendha Kerata
    3.Ajaran moral/pitutur/suraos ing setunggal pada menapa langkung sekar macapat anggitanipun para ratu/pujangga/winasis pangripta macapat utawi satunggal pada macapat ingkang ngembak bab asma/nama(saged conto sandiasma) trep kaliyan naming.id

  2. Noorsita Samsi Sukma

    1. Rajimin kuwi adigang adigung lan adiguna
    2. Wangsa guno kuwi urip pekaya dene aji godong garing.
    3.Sakwisse ditinggal wong tuwo ne truna krama kata wayang ilang gapitte
    4.Sukesih Kuwi wong bidhung api rowang?
    5.rukmini kuwi wong sing seneng carang canthel
    6.dadi bocah aja kaya sigit mulyana,durung pecus keselak besusa
    7. Mesakke nasibe rusta mbebasane gayuk-gayuk tuna, anggayuh-anggayuh luput
    8. Urip kuwi aja ketapang ngrangsang gunung, mundhak kaya sugiyanta
    9. Beja tenan suraji kae, ambrojol sela ning garu

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *