Loading...
Bahasa Jawa - Kelas X

Wulangan 2: Unggah-Ungguh Basa Jawa

  1. Memahami simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat
  2. Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat.

 



 

Ing satunggalipun dinten wonten mahasiswa ingkang nembé kémawon damel skripsi. Bab ingkang dipunrembag ngèngingi nama tiyang Jawa.

 

Sri Tanjung:

“Piyé Pus, piranti wawancarané wis cumepak apa durung”

Dyah Puspita:

“Uwis, arep mangkat neng dalemé pak Arga Séla Setiaji saiki apa piyé?”

Sri tanjung:

“Ya, ayo. Nganggo motormu waé ya?”

Dyah Purpita:

“Bèrès. Ayo mangkat saiki”.

 

Boten dangu sampun dumugi wonten dalemipun bapak Arga Séla Setiaji. Dyah Puspita lan Sri Tanjung gagé uluk salam

 

Dyah Puspita:

“Kula nuwun.”

Sri Tanjung:

“Kayané sepi Pus?”

Dyah Puspita:

“Jajal kula nuwun menèh, sapa ngerti ana ing pekiwan”.

Sri Tanjung:

“Kula Nuwun”.

Klik nang kene kanggo mangerteni informasi kang luwih lengkap!

 

Ibu Kartika garwanipun pak Arga Séla Setiaji medal saking wingking lan gupuh-gupuh mapag tamunipn

 

Ibu Kartika:

“Inggih, Mangga ndhuk. Wé lha … ndhuk Tanjung. Njanur gunung soré-soré tekan kéné, padha nampa karahayon ta?”

Sri Tanjung:

“Inggih Bu, alhamdulillah pinaringan karahayon. Mugi-mugi ibu saha bapak ugi pinaringan berkah saking Gusti.”

Ibu kartika:

“Amin … mangga Ndhuk, lungguh kéné. Iki ana perlu apa? lan mbak sing rupané ayu iki sapa?”

Sri Tanujng:

“Mekaten bu, ingkang sepisan kula badhé silaturahmi. Ingkang kaping kalihipun kula ndhèrèkaken kanca kula, saperlu kepanggih kaliyan bapak.”

Ibu kartika:

“Ana perlu apa Ndhuk?”

Sri Tanjung:

“Mbak Puspita kajengipun matur piyambak, mangga mbak Puspita.”

Dyah Puspita:

“Inggih bu, ndhèrèk nepangaken. Nama kula Dyah Puspita, kula mahasiswa jurusaan basa Jawa ing Universitas Negeri Yogyakarta. Sapunika kula saweg damel skripsi, ancas kula badhé kepanggih bapak saperlu wawancara pados data kanggé skripsi kula.”

Ibu Kartika:

“Oooh.. ya, kebeneran bapak lagi waé siram. Nembé kondur saka kantor.”

Dyah Puspita:

“Nuwun sèwu bu, kula sampun ngrépoti.”

Ibu kartika:

“Ora apa-apa, bapak malah rena yèn ana sing ngangsu kawruh bab kabudayan Jawa.”

Dyah Puspita:

“Inggih bu, matur nuwun.”

Ibu Kartika:

“Dikepénakaké ya mbak. Bapak takaturané priksa.”

Dyah Puspita lan Sri Tanjung:

“Inggih bu, Matur nuwun,” (anggènipun wangsulan kanthi sesarengan)

Klik nang kene kanggo mangerteni informasi kang luwih lengkap!

 

Boten dangu bapak Arga Séla Setiaji medal tumuju ruwang tamu lan bagé-binagé nyalami tamunipun

 

Arga Séla Setiaji:

“Mangga mbak, wah.. njanur gunung tenan Ndhuk Tanjung soré-soré wis tekan kéné. Piyé? Bapak Ibu tansah pinaringan karahayon toh Ndhuk?”

Sri Tanjung:

“Awit saking pangèstunipun, bapak saha ibu pinaringan sugeng widada.”

Arga Séla Setiaji:

“Alhamdulillah, piyé? Ana perlu apa iki?”

Sri Tanjung:

“Nuwun sèwu pak, sampun nggempil wekdalipun bapak.”

Arga Séla Setiaji:

“Ora apa-apa Ndhuk, bapak malah seneng yèn ana bocah nom gelem sinau bab kabudayan Jawa.”

Sri Tanjung:

“Punika pak, kanca kula mbetahaken data kanggé skripsinipun, badhé wawancara kaliyan bapak, mangga mbak Puspita matur piyambak.

Dyah Puspita:

“Inggih pak, ndhèrèk nepangaken. Nama kula Dyah Puspita, kula mahasiswa jurusaan basa Jawa ing Universitas Negeri Yogyakarta. Sapunika kula saweg damel skripsi, bab werdinipun nama kanggé tiyang Jawa.”

Arga Sela Setiaji:

“Oooh. Iya, apa sing arep ditakokaké?”

Dyah Puspita:

“Inggih pak, nuwun sèwu pak. Kula badhé nyuwun pirsa bab nama tiyang Jawa.”

Arga Sela Setiaji:

“Kaya ngéné Ndhuk, kanggo wong Jawa jeneng kuwi bab sing wigati. Jeneng kanggo wong Jawa ora mung waton peparab nanging uga donga utawa pangarep-arep wong tuwa marang anaké. Wong Jawa kuwi wong sing titèn lan tansah ngregani alam. Mula wong Jawa njenengi anaké nganggo unsur alam utawa dasa namane, umpamane sing nganggo tembung Bumi Bantala, Siti Maizaroh, Bumi, Buwana, Rahajeng Putri Pertiwi, Sitta Devi Putri. Upamané sing nganggo tembung banyu, Tunjung Wahadi Sutirto, Warih Padmantya, Tirta Wiguna, Mayekti Luh Kinasih, Sumani. Upamané sing nganggo tembung geni, Haruni Agni Cahyani, Januar Latu Pinilih, Anindita Dahana Putra, Kikis Brama Murti, Satya Guna Hurip, Puja Setyawan Anala, pawaka, Apyu. Upamané sing nganggo tembung angin, Siti Hawa, Bayu Indrayanta, Bayu Setiaji. Upamané sing nganggo tembung Langit Surya Wicaksana, Ayu Lintang Timoer, Candrarini, Jaka Purnama, Ichwan Daruaji, Kundaru Prasetya, Kondhang Putra Dirgantara. Upamané sing nganggo tembung Gunung Agung Gunung Prakosa, Much. Ardhi Nugraha, Arga Séla Putra. Upamané sing nganggo tembung watu Permata, Kartika, Intan, Berlian, Hani Permatasari, Anting Manikam. Upamané sing nganggo tembung Logam Mulia Valentine Platina Mukti. Upamané sing nganggo tembung cahya, Cahya Sumunar, Bagus Dipa Buwana.”

Dyah Puspita:

“Oh ngaten nggih pak. Kajawi punika punapa malih pak?”

Arga Séla Setiaji:

“Ana menèh sing ngaggo jeneng kembang, tuladhané Kusuma Tanaya, Kusuma Hapsari, Nindya Kusuma. Ana menèh saka kembang widuri tuladhané Nisrina Dhiya Rosyada Widuri. Ana uga sing saka jeneng  kembang tanjung umpamané Tunjung Wahadi Sutirta, Tunjung Sri Wisnu. Jeneng kembang liyané tuladhané Dewi Melati Suksma, Mawar Ayu Mudhingsari, Wijaya Santosa, Eric Wijaya Hartana, Anggraini Menur Aninditya, Mayang Fristamega Audia, Cempaka Nur Indahsari, Sekar Adita, Weni Sekar Jagad, Sri Puspita Dyah Pitaloka, Sari Pamungkas, Padma Dyah Padmaningsih.”

Dyah Puspita:

“Oooh. Inggih..

Arga Sela Setiaji:

“Kabèh jeneng kuwi mau wujud pandonga wong tuwa marang putrané.”

Dyah Puspita:

“Nuwun sèwu pak, kula ugi naté gadhah kanca ingkang namanipun saking nama wayang pak.”

Arga Sela Setiaji:

“Ana, tuladhané jeneng sing nganggo jeneng wayang upamané sing dijupuk saka jeneng déwa Nanda Brahmaji, Wisnu Wardhana, Waridi Hendra Saputro, Hendriningsih, Bayu Cahyanto, Surya Sumpeno, Sis Wahono Basuki, Dwi Kumajaya, Guntur Baruna, Barunawati Laksmi, Ismayawati Chriatiani putri, Indra Lesmana, Indrayati Maisaroh.”

Dyah Puspita:

“Wah.. namanipun saé-saé nggih pak.”

Arga Sela Setiaji:

“Ana menèh sing saka jeneng tokoh satriya umpamané Yudhistira, Bima Putranta, Suséna, Séna Satriatama, Warséna, Sénawati Malik, Sri Harjuna, Danang Surya Putra, Dian Rukmarata Subrata, Andang Sri Basudéwa, Kunthiboja, Arya Setyaki, Indra Lesmana, Bambang Angka Wijaya, Dhimas Adhi Wisanggeni, Bambang Irawan, Permadi Jalu Jawi, Pandhu Bagus Dewanata, Tejanata Hendrajit.”

Dyah Puspitasari:

“Ingkang saking tokoh wayang ingkang èstri wonten boten pak?”

Arga Séla Setiaji:

“Ana, upamané jeneng Dèwi Utari, Sri Utari Putri, Dian Laksmi Puspitasari, Dèwi Rukmini, Rukmini, Kasijati, Rukmini, Anastasya Intan Anjani lan isih akeh liyane.”

Dyah Puspitasari:

“Nuwun sèwu pak, Kejawi punika wonten malih pak?”

Arga Séla Setiaji:

“Ana Ndhuk, upamanè sing wujudé pangarep-arep, supaya anaké duwé solah bawa, nasib nduweni karakter kaya jenengé. upamané Teguh Santosa, Jaka Santosa, Prawirao Hadi Nugraha, Tatag Samekta, Wasis Tri Prakasa, Widya. Ama Widya Ningrum, Berliandi Mutu Manikam, Subagya, Moh. Suka Basuki, Cindy Happy Aurawatie, Vikky Ria Risty, Beja Riyanta, Beja Dasuki, Asih Kurnia Basuki, Widada Trisna Hadi, Slamet Mulyana, Sugeng Suhartanta, Milla Ayu Kartika Dewi, Endah Lestari, Sri Endah, Nurelily Manis, Arif Hartarta, Darma Budya Sinunggraha, Bandara Ardhi Sulistya, Anggitasari Gustiningsih.”

Dyah Puspitasari:

“Wah.. namanipun sedaya saé sanget nggih pak.

Klik nang kene kanggo mangerteni informasi kang luwih lengkap!

 

Rikala saweg sekéca pirembagan bab nama, Ibu Kartika medal saking wingking sinambi ngasta nyamikan saha unjukan.

 

Ibu Kartika:

“Wah.. ketingalipun gayeng anggènipun sami ngedikan. Nanging mangga punika dipununjuk lan dipundhahar rumiyin.” (Sinambi maringaken unjukan lan pacitan)

Sri Tanjung lan Dyah Puspita:

“Inggih matur nuwun.” (Kanthi bebarengan)

Sri Tanjung:

“Malah ngrépoti bu.”

Ibu Kartika:

“Ora repot, wong ya wis ana. Ayo diunjuk”.

Sri Tanjung lan Dyah Puspita:

“Inggih matur nuwun.” (Kanthi bebarengan)

Klik nang kene kanggo mangerteni informasi kang luwih lengkap!

 

Sasampunipun rinaos cekap, kekalihipun lajeng nyuwun pamit.

 

Sri Tanjung :

“Nuwun sèwu bapak saha Ibu, gandheng sampun cekap. Kula kaliyan mbak Dyah Puspita nyuwun pamit.”

Arga Séla Setiaji:

“Oooh.. inggih, bapak lan ibu mung bisa mèlu ndedonga, muga-muga slamet tekan omah.

Sri Tanjung:

“Inggih bapak saha ibu, matur nuwun. Nyuwun pamit.”

Arga Séla Setiaji:

“Iya Ndhuk.”

Sri Tanjung lan Dyah Puspita:

“Nyuwun pamit Bapak ibu, pareng.”

Arga Séla Setiaji lan Ibu Kartika:

“Iya ndhuk, sing ngati-ngati.”

 

Bagian 2.1.
  1. Pacelathon wonten inggil punika ngrembag bab punapa?
  2. Undha usuking basa ingkang dipunginakaken ing pacelathon kasebat ngginakaken ragam punapa kémawon?
  3. Punapa titikan undha usuking basa jawa miturut ragamipun?
  4. Kadospundi kahananipun basa Jawa ing jaman sapunika?
  5. Kacariyosna kanthi tetembungan panjenengan piyambak punapa ingkang dados panyaruwé ngèngingi pacelathon ing inggil!

 

Basa Jawa Rumiyin lan Jaman Sapunika

Raos remen ngurmati tiyang sanès punika dados kodrating tiyang gesang, pramila basa ingkang wonten donya punika gadhah unggah–ungguh. Sanadyan mekaten, boten sadaya basa gadhah undha–usuk kados ingkang wonten ing basa Jawi.

Unggah–ungguh ing basa Jawi dipunwujudi mawi undha-usuk basa, inggih punika ngoko saha krama. Undha-usuk basa mengku pangertosan urut–urutan béda–béda saking sekedhik. Minangka gegambaran menawi wonten tiyang rembagan, ingkang satunggal mawi basa ngoko, satunggalipun mawi basa krama. Basa krama ngemu pakurmatan ingkang langkung inggil tinimbang basa ngoko. Basa krama kados–kados nglenggahi ing sanginggiling basa ngoko. Murih kekalihipun langkung wijang, wontenipun basa kalih warni punika lajeng dipunwastani undha–usuk basa. (Suliyanta, S.Pd. 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa hlm. 122–124)

Jati dhirinipun tiyang jawi punika tansah nengenaken rukun tuwin kurmat. Karukunan punapa déné pakurmatan kaudi lumantar subasita. Ing rèh tata krama, tiyang Jawi tansah remen migunakaken tetembungan ingkang boten ngunggul–unggulaken dhirinipun. Ngendikanipun para winasis “Sing sapa ngunggul-ngunggulaké dhiriné bakal diasoraké, nanging sing sapa ngasoraké dhiriné bakal diunggulaké.”

Cak-cakipun pakurmatan lajeng nuwuhaken basa ingkang tansah asung pakurmatan dhumateng tiyang sanès. Basa ingkang dipunkajengaken basa ngoko tuwin krama. Basa ngoko mangun swasana raket rumaket, déné basa krama mangun swasana kurmat.

Ing jaman rumiyin unggah-ungguhing basa kapantha kados ing ngandhap punika:

A. Basa Ngoko:
  1. Ngoko lugu
  2. Ngoko andhap:
    • Antya basa
    • Basa antya
B. Basa Madya:
  1. Madya ngoko
  2. Madyantara
  3. Madya krama
C. Basa Krama
  1. Kramantara
  2. Mudhakrama
  3. Wredhakrama
  4. Krama Inggil
  5. Krama Desa
D. Basa Bagongan lan Basa Kedhaton.

(basa ingkang dipunginakaken ing salebeting beteng kraton)

E. Basa Kasar

Bab ingkang Kadah dipungatosaken inggih punika bab kados pundi cak-cakan péranganing basa punika. Sedaya tataran undha usuking basa punika temtunipun béda-béda. Tuladha cak-cakan peraangan basa Jawa kasebut inggih punika:

 

A. Basa Ngoko

  • Ngoko Lugu

Basanipun Ngoko Lugu punika wujud tembungipun ngoko, boten wonten tembung kramanipun. Wondéné bilih wonten tembung kramanipun, mung kanggé tiyang ingkang dipunginem mawon. Kanggénipun basa ngoko Lugu inggih punika

    • Maring sapepadha-padha ingkang sampun kulina sanget,
    • Maring tiyang ingkang kaprenah nèm utawi sor-soranipun,
    • Maring laré ingkang langkung alit ingkang déréng saged gineman ganep.
    • Bilih saweg ngenandika piyambak (nguda rasa).

Tuladhanipun:

Anjani: ”Pus, aku bok kok ajari garapan matematika wingi kaé. Aku wingi kuwi durung dhong”.

Puspa: ”Ya  géné  kok  bisa  ora  dhong, aja-aja wingi kowé ora nggatèkaké”.

  • Ngoko Andhap

Basanipun Ngoko Andhap punika wujud tembungipun ngoko ananging marang tiyang ingkang dipunajak gineman (bilih dipunraos kirang ngaosi) basanipun kadhang kala dipuncampur nganggé tembung saking basa Krama Inggil/Krama. Kanggénipun basa ngoko Lugu inggih punika:

    • Sedhèrèk sepuh dhateng sedhèrèk anèm ingkang langkung inggil derajadipun.
    • Garwanipun priyayi dhateng garwanipun.
    • Priyayi dhateng priyayi bilih sampun kulina Ngoko-ngokonan

 

      • Antya Basa

Wujudé tembung mung Ngoko lan Krama Inggil.

Tuladhanipun: Mas, aku nyuwun ngampil kagungané buku sawengi waé

      • Basa Antya

Wujud tembungé Ngoko, Krama Inggil, lan Krama

Tuladhanipun: Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kajaba mung bisa ndhèrèk muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen lan saged ngangsu kawruh ingkang migunani tumrap bangsa lan negari.

 

B. Basa Madya

Basa Madya punika basa ingkang wonten ing antawisipun basa Ngoko lan basa Krama. Wujudipun basa Madya inggih punika tembung Madya dipuncampur tembung Ngoko utawi tembung Krama.

  • Madya ngoko

Titikan saking basa madya ngoko ingih punika

    • Madya (ater-ater saha panambangipun Ngoko).
    • Tembung-tembungipun Ngoko.
    • Wonten tembung ndika, mang, samang

Basa ngoko madya punika limrahipun dipunagem bakul sami bakul lan priyayi dhateng sor-soranipun.

Tuladhanipun:

Ndika niku klebu beja, olèhé panèn pari boten ènten sing gabug, samang napaké ta ?

  • Madyantara

Titikan saking basa madyantara ingih punika

    • Madya (ater-ater saha panambangipun ngoko).
    • Tembung-tembungipun Ngoko.
    • Wonten tembung Kang slira (sampeyan), ningali pangkatipun, sesebutan (paprenahan).

Basa madyantara punika limrahipun dipunagem sesami priyayi ingkang sampun kulina, garwanipun priyayi dhateng ingkang kakung (menawi déréng kelajeng Ngoko), priyayi dhateng sanakipun sepuh ingkang langkung asor.

Tuladhanipun: Sampéyan niku pripun ta mas, Seprika-sepriki kok boten ènten sudané.

  • Madya krama

Titikan saking basa madya krama ingih punika:

    • Madya (ater-ater lan panambangipun ngoko ).
    • Tembungipun Krama lan Krama Inggil.
    • Wonten tembung Kang slira (sampeyan), ningali pangkatipun, sesebutan (paprenahan).

Basa madya krama punika limrahipun dipunagem dening sesami priyayi ingkang sampun kulina, garwanipun priyayi dhateng kakungipun (bilih déréng kelajeng Ngoko).

Tuladhanipun: Mas, timbangane sampéyan nggresula ngoten niku, bok luwung ngénggar-énggar penggalih lan nyeyuwun teng Pangéran, mugi-mugi pinaringan gesang mulya, tentrem boten wonten sambikala.

 

C. Basa Krama

  • Kramantara

Basa Kramantara punika wujud tembungipun Krama Lugu tanpa nganggé Krama Inggil. Kanggonipun Tumrap sapadha-padha, utawi priyayi ingkang rumaos menang drajadipun kalihan ingkang dipunajak gineman.

Tuladhanipun: Mangga sami dipunmanah, punapa sebabipun déné wonten bangsa kita, ingkang déréng saged nata gesangipun piyambak.

  • Mudhakrama

Wujudipun basa Mudha Krama inggih punika tembungipun Krama (ater-ater lan Panambangipun Krama) lan Krama Inggil (tumrap tiyang ingkang dipunajak gineman).

Ingkang  nganggem basa Mudha Krama inggih punika:

    • Tiyang anèm dhateng tiyang sepuh.
    • Batur dhateng bendaranipun (ingkang sanès trah ngaluhur).
    • Kanca kalihan kanca ingkang dèrèng kulina.
    • Rèh-rèhan dhateng pimpinanipun (ingkang sanès trah ngaluhur).

Tuladhanipun: Kala wingi anggèn kula ngentosi panjenengan ngantos dangu, nanging boten rawuh-rawuh.

  • Wredhakrama

Basa Wredha Krama punika wujud tembungipun :

    • Krama (ater-ater saha panambangipun Ngoko).
    • Tanpa Krama Inggil (tumrap tiyang ingkang dipunajak gineman).

Ingkang  nganggem basa Wredhakrama inggih punika tiyang sepuh maring tiyang anem lan tiyang sepuh maring sapepadhanipun.

Tuladhanipun: Prayogane nak, sampeyan kedah gadhah gegayuhan ingkang luhur, supados benjinge boten kacuwan, amargi tiyang sepuh boten kènging dijagegaken selami-lamine.

  • Krama Inggil

Basa Krama Inggil punika basa ingkang ngajeni sanget (kados déné basa Mudha Krama). Wujud tembungipun :

    • Panambang -mu, éwah dados dalem utawi kagungan dalem.
    • Tembung aku, éwah dados abdi dalem kawula, abdi dalem, adalem, dalem, kawula, utawa ingkang abdi.
    • Kowé éwah dados panjenengan dalem (sampeyan dalem namung kanggo para nata/ratu).

Tuladhanipun: Abdi dalem keparenga munjuk atur, mugi wontena karsa dalem tindak nitih montor miyos dhusun Nglaba kémawon, amargi kreteg Kaliwingan nembé rusak.

  • Krama Desa

Krama Desa punika sanès basa ingkang alus. Wujud tembungipun wonten ingkang mèh sami kalihan  basa Krama (tembung Krama dikramakaken malih), wonten ingkang nganggem tembung Krama Inggil utawi tembung Kawi.

Tuladhanipun: Pasitèn kula, kula dhawuhi watesan nanging boten nyekap amargi kekhatahen jawahé, boten kados mangsa ketigen.

 

D. Basa Kedaton

Basa Kedhaton inggih basanipun para sentana utawi abdining nata, menawi saweg sami gineman wonten ing salebetipun cepuri utawi wonten ing ngarsanipun Sang Nata/Ratu (Pangéran Adipati Anom).

 

E. Basa Kasar

Inggih punika basanipun tiyang ingkang saweg sami srengen, padu, utawi basanipun tiyang ingkang saweg nesu.

Tuladhanipun: Kowé kuwi kok goblog kaya kebo, nggarap ngono waé ora jegos, utekmu kuwi kebuntel lèthong apa piyé?.

Ananging jaman sapunika basa jawa namung kapérang dados kalih inggih punika basa ngoko  lan  basa  krama.  Ngoko  kapérang  dados  basa  ngoko  lugu  saha  ngoko  alus, wondéné basa krama kapérang dados krama lugu saha krama alus. Cethanipun kadosdéné wonten ing andhap punika:

A. Basa Ngoko: (1) Ngoko Lugu; (2) Ngoko Alus

B. Basa Krama: (1) Krama Lugu (Andhap); (2) Krama Alus (Inggil)

 

Tuladha cak-cakan pèrangan basa Jawa kasebut inggih punika:

 

A. Ngoko Lugu

Titikanipun ngoko lugu inggih punika

  • Basa ngoko lugu  punika  wujud tembungipun  ngoko,  boten  wonten tembung kramanipun.
  • Bilih wonten tembung krama punika namung kanggé tiyang ingkang dipunginem mawon.
  • Tembung aku, kowé saha ater-ater – é, dak-, ko-, di- punapadéné panambang -ku, -mu, -é, -aké boten éwah

Panganggénipun basa ngoko lugu inggih punika:

  • Pacelathon antawispun sapepadhanipun ingkang sampun raket sanget
  • Pacelathon kaliyan tiyang ingkang drajatipun langkung andhap/asor
  • Pacelathon tiyang sepuh kaliyan  laré nèm utawi tiyang ingkang langkung nèm
  • Rikala ngunandika utawi gineman piyambak
  • Tumrap laré ingkang déréng saged gineman jangkep.

Tuladhanipun:

Anjani: “Pus, aku bok kokajari garapan matematika wingi kaé. Aku wingi kuwi durung dhong”.

Puspa: “Ya géné kok bisa ora dhong, aja-aja wingi kowé ora nggatèkaké”.

 

B. Ngoko Alus

Titikanipun ngoko alus inggih punika:

  • Tembungipun ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunjak gineman, amratélakaken ngaosi.
  • Tembung aku tetep boten owah, bilih tembung kowé tumrap tiyang ingkang kaprenah sepuh dipungantos Panjenengan, panjenenganmu, kiraka, kangmas, déné tembung   Kowé tumrap tiyang ingkang kaprenah nèm dipungantos sliramu, kengslira, adhi, dhimas.
  • Tembung  kriya  ingkang  kadamel  karma inggil tumrap tiyang ingkang dipungunem utawi dipunajak  gineman,  wondéné bilih tiyang  gineman  nganggé   ngoko  utawi krama andhap.
  • Ater-ater dak-, ko-, di- saha panambang -ku, -mu, -é, -aké panggah kémawon

Tuladhanipun:

Pak Imam: “Pak Panjang, nuwun sèwu. Panjenengan mau wis dhahar apa durung?”

Pak Panjang: “Aku ta, lha yèn aku ya durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku jajan nèng warung”.

 

C. Krama Lugu (Andhap)

Titikanipun krama lugu inggih punika:

  • Tembungipun Krama sedaya boten kacampur kaliyan tembung Krama Inggil
  • Ater-ater di dados dipun, panambang –aké dados –aken,
  • tembung aku, kowé saha Ater-ater dak-, ko- dados kula, sampeyan.

Panganggénipun basa krama lugu inggih punika

  • Dhateng sesamining kanca ingkang dèrèng raket supeket (akrab).
  • Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enèm, ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enèm nanging wajib kinurmatan.
  • Tiyang ingkang gadhah kalenggahan (drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
  • Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.

Tuladhanipun: Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampéyan sadaya déné sampun purun dugi ing pepanggihan punika.

 

D. Krama Alus (Inggil)

Titikanipun krama alus inggih punika:

  • Basa Krama Inggil punika tembungipun krama sedaya kacampur Krama Inggil tumrap tiyang ingkang dipunjak gineman.
  • Boten pareng ngramakaken dhiri sarira.
  • Aku kagantos kula, abdidalem kula utawi  adalem  kemawon, Kowé kagantos panjenengan, panjenengan dalem utawi cekakipun nandalem.
  • Ater-ater dak kagantos kula, adalem utawi sampeyan dalem,  ko- kagantos panjengan dalem utawi sampeyan dalem, di- kagantos dipun-.
  • Panambang ku kagantos kula, -mu kagantos  panjenengan, dalem, -e  kagantos  -ipun, -ake kagantos –aken

Tuladhanipun:

Wisnu: “Kados   pundi   Mbah   gerahipun, sampun dhangan punapa déréng?” (Krama Inggil)

Eyang: “Rasané kok durung  iki. Miturut kowé kepriye Lé, supayané simbah cepet mari?” (Ngoko Lugu)

Wisnu: “Makaten  kemawon  Mbah,  ing mangké  simbah  kula  dhèrèkaken tindak dhateng Puskesmas, kersanipun dipunpriksa déning Pak Dhokter”. (Krama Inggil)

(Kasariaken saking pinten-pinten sumber)

 

Bagian 2.2.
  1. Kasebatna jinising undha usuking basa ing jaman rumiyin lan ing jaman sapunika?
  2. Punapa titikanipun saben undha usuking basa?
  3. Punapa bédanipun basa ngoko, basa madya saha basa krama?
  4. Punapa ingkang dipunwatani basa krama desa?
  5. Punapa ingkang dipunwastani basa bagongan lan sinten ingkang ngagem?

 

Ing salah sawijining dinten, Adanu Adhinatha saweg lenggah wonten tamu kaliyan ingkang rama. Dumadakan simbahipun nimbali ramanipun.

 

Simbah Putri:

“Min, Kimin. Simbok njaluk tulung lé.”

Edi Waluya:

“Inggih mbok, sekedhap.”

 

Boten watawis dangu ingkang rama sampun medal saking pawon lenggah wonten ruwang tamu

 

Adanu Adhinatha:

“Nuwun sèwu Pak, kula punika nggumun.”

Edi Waluya:

“Ngumun bab apa lé.”

Adanu Adhinatha:

“Punika loh pak, simbah putri menawi nimbali bapak kok kanthi asma Kimin.”

Edi Waluya:

“Oooh.. bab kuwi toh lé, ngéné ya lé. Jaman biyèn kuwi wis lumrah yèn wong Jawa kuwi duwé jeneng cilik lan jeneng tuwa.”

Adanu Adhinatha:

“Nama alit saha nama sepuh punika maknanipun kados pundi pak.”

Edi Waluya:

“Ngéné lé, jeneng cilik kuwi jeneng si diduwèni bocah rikala lair, adaté jeneng iki diwènèhké rikala sepasaran utawa puputan. Jeneng iki dinggo nganti diwasa rikala arep omah-omah. Rikala wis omah-omah banjur jenengé diganti. Upamané ya kaya bapakmu iki. Rikala cilik bapak jenengé Kimin ning rikala bapak omah-omah jeneng bapak diganti Edi Waluya.”

Adanu Adhinatha:

“Jalaraipun punapa pak?”

Edi Waluya:

“Jalarané werna-werna lé. Jeneng kuwi wujud pandongané wong tuwa marang anaké, dadi ana jeneng tuwa merga wong tuwa supaya anaké dadi wong utawa duwé watek utawa nasibé kaya jeneng sing wènèhke kuwi.”

Adanu Adhinatha:

“Tuladhanipun kados pundi pak?”

Edi Waluya:

“Contoné ya bapak iki lé, jeneng bapak rikala isih bocah Kimin déné jeneng tuwané bapak Edi Waluya. Edi tegesi sarwa becik. Déné Waluya kuwi tegese bali, pulih, mari, waras. Simbahmu njenengi bapak Dadi Edi Waluya kanthi pangajab supaya bapak dadi wong sing sarwa becik tumindaké saha tansah pinaringan keslametan.

Adanu Adhinatha:

“Oooh.. kados punika nggih pak.”

Edi Waluya:

“Yèn gigatèkaké jeneng bocah kuwi umumé mung satembung sing dumadi saka loro apa telung wanda. Lumrahé mburiné ana wanda -in, -an, -un-, -min, -man, -mun, -wan, –na , –ta tuladhané jeneng bocah kuwi Kardan, Saman, Ramin, Rasmin, Kasrun, Wasman, Wasimun, Turasmin, Narta, Suprianta, Rasina.”

Adanu Adhinatha:

“Menawi jeneng sepuh punika kadospundi pak?”

Edi Waluya:

“Yèn jeneng tuwa lumrahé jenengé luwih saka rong tembung lan dumadi luwih saka telung wanda. Umumé mburiné ana wanda  –a, –i, –an, -in, -un. Tuladhane jeneng tuwa umpamane Yasa Dimeja, Sanwikarta, Jaya Sugiarta, Wirya Sumarta, Ahmad Sunarta, Sudaryanta, Samsudin, Bahrudin, Kalisan.”

Adanu Adhinatha:

“Wah.. bapak punika kados déné dhosèn ingkang saweg presentasi disertasi, gamblang lan cetha. Héhéhé.”

Edi Waluya:

“Wèh.. aja salah. Bapakmu iki skripsine biyen ngrembug bab jeneng jé, dadi ya isih apal.”

Adanu Adhinatha:

“Oalah…”

 

Bagian 2.3.

Kadamela pacelathon kanthi tema “Jeneng Wong Jawa”.

 

Ing wayah sonten Hardiyata Estiawan ningali ingkang rama saweg lenggah wonten teras griya. Hardiyata Estiawan gage lenggah ing jejeripun ingkang rama. Wonten bab ingkang bade dipunsuwunaken pirsa kaliyan ingkang rama

 

Bambang Prasetya:

“Ana apa lé, kok kaya ana sing gawé bingung.”

Hardiyanta Estiawan:

“Bapak pirsa kemawon, menawi kula badhé nyuwun pirsa dhateng bapak.”

Bambang Prasetya:

“Arep takon apa, kok kayane wigati banget?”

Hardiyanta Estiawan:

“Punika pak, kula badhé nyuwun pirsa teges saking nama kula.”

Bambang Prasetya:

“Oalah.. bab kuwi ta. Tak kira ana apa. Jenengmu kuwi Hardiyanta Estiawan. Hardiyanta kuwi tegese manggala sing tansah mènèhi pituduh marang kawulané, déné Estiawan nduwé teges wong lanang sing duwé gegayuhan. Dadi Hardiyanta Estiawan kuwi tegesé manggala sing nduwèni panggayuh lan tansah mènèhi pepadhang utawa pituduh kanggo sapa waé.”

Hardiyata Estiawan:

“Oooh.. kados punika nggih pak. Jebul teges nama kula punika saé sanget nggih Pak.”

Bambang Prasetya:

“Kanggo wong Jawa jeneng kuwi dudu mung sesebutan, ning pandonga kanggo anaké utawa pangarep-ngarep wong tuwang marang anaké, supaya anaké bisa dadi wong sing duwé watek, nasib utawa bisa dadi wong sing kaya jeneng sing diduwèni.”

Hardiyata Estiawan:

“Tuladhanipun punapa pak?”

Bambang Prasetya:

“Contoné akeh banget lé, contoné jeneng Tamiarja. Tamiarja saka tembung tama lan arja. Tama tegese utama, wondéné arja tegese reja, slamet. Dadi Tamiarja kuwi tegesé wong utama sing tansah pikantuk keslametan. Upamané menèh Wirya Sumarta. Wir tegese nata kanthi rata. ya tegesé iya, sum tegesé awèh, lan arta tegesé dhuwit. Dadi Wirya Sumarta mengku pangarep-arep bisa dadi wong sing seneng wéwéh utawa loma.”

Hardiyata Estiawan:

“Bilih asamanipun bapak mengku teges punapa nggih?”

Bambang Prasetya:

“Ooo.. yèn jenengé bapak mengku pangarep-arep supaya bapak dadi wong lanang sing tansah setya. Bambang kuwi tegese satriya utawa nomnoman wondéné  presêtya nduwèni teges saguh utawa bakal setya tuhu.”

Hardiyata Estiawan:

“Oooh.. kados punika nggih pak. Matur nuwun pak, kula dados mangertos teges jeneng kula.”

Bambang Prasetya:

“Iya, padha-padha lé.”

 

Bagian 2.4.

Kadamela pacelathon kanthi undering perkawis ”Tegesing nama dhiri” !

One comment
  1. Triwik Damarjati

    Sumangga manawi kepareng kaparingana tuladha umpaminipun unggah-ungguh mertamu, unggah-ungguh pamitan, unggah-ungguh ngaturi uleman, unggah-ungguh adab nalika nedha lsp.Maturnuwun

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *