Loading...
Bahasa Jawa - Kelas X

Wulangan 1: Aksara Jawa

  1. Memahami wacana beraksara Jawa
  2. Mengarang wacana beraksara Jawa

Sakdurunge mulai pelajaran, ayo kenalna awakmu sik!

 


 

 


 

Pratinjau:

 

 


Download/Unduh:

Amarga sistem internet durung support font kanggo aksara Jawa, mangka materi wulangan iki iso diunduh nang kene:

 


 

Bagian 1.1.

Aksara Jawa punika kaserata latinipun!

 

Bagian 1.2.
Aksara Latin punika kaserata aksara Jawanipun!

Kumbakarna

Radèn Kumbakarna iku sawijining raseksa kang duwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Radèn Kumbakarna dhéwé mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Kumbakarna olèh jodho widadari Dèwi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbélani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka.

Kumbakarna banjur tapa turu, ora pèngin weruh negara Alengka bumi klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn dumadi, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi sénopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil nggugah Kumbakarna nanging Kumbakarna ora gelem mèlu perang, nyalahaké Rahwana kang tegel ngorbanaké rakyat Alengka kanggo kepentingané dhéwé, ing atasé ratugung binathara kok ngrampas garwané wong liya. Kanggo gawé nesuné Kumbakarna, Indrajit matur yèn putrané sakloron Kumba Kinumba lan Aswani Kumba diperjaya déning Sri Rama. Krungu aturé Indrajit, Kumbakarna duka yayah sinipi lan prasapa bakal mbélani negara bumi klairané saka rabasane mungsuh. Kumbakarna maju ing palagan perang lan ndadèkaké bala kethèk padha mlayu amarga Narpati Sugriwa dhéwé minangka senopatining perang ora kuwawa ngadhepi Kumbakarna.

Gunawan Wibisana kang ora sarujuk marang panemuné Dasamuka uga metu saka kraton Alengka lan nyawiji marang Sri Rama. Wibisana matur yèn Kumbakarna bakal kasor kalamun Sri Rama lan Leksmana bareng anggoné nglepasaké panah. Kanthi mangkono apa kang dadi supatané Jambumangli bakal katekan. Kumbakarna gugur ndhepani bumi Alengka, minangka pahlawan kang setya béla nusa bangsané.

(Kajarwakaké saka Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya)

 

Bagian 1.3.

Kawangsulana pitakènan ing andhap punika. Lajeng siswa sanès kasuwun paring tanggapanipun!

  1. Punapa bédanipun paugeran aksara Jawa jaman rumiyin kaliyan sapunika?
  2. Punapa bédanipun aksara Jawa jaman rumiyin kaliyan sapunika?
  3. Kacariyosna kanthi basa panjenengan kados pundi anggèn panjenengan badhé ngleluri saha nglestantunaken aksara Jawa!

 

Bagian 1.4.

Kadamela wacan ingkang dipunserat mawi Aksara Jawa kanthi undering perkawis ” Nama-namaning tiyang Jawi” !

 

10 Menit Mahir Mengetik Aksara Jawa ANSI

 

10 Menit Mahir Mengetik Aksara Jawa UNICODE

 

Aksara Jawa yang Sesungguhnya

 

Instal Aksara Jawa Ansi pada PC/Laptop dengan Mudah

 

Instal Font Aksara Jawa Unicode Bawaan Windows 10 dengan Mudah

 

Instal Aksara Jawa pada Android dengan Mudah

 

Ridha Mashudi Wibowo.2001. Nama Diri Etnik Jawa. Jurnal Humaniora Volume XIII  No. 1 Februari 2001. Yogyakarta

Sahid Teguh Widodo, Dkk. 2010. Nama Orang Jawa: Kepelbagaian Unsur Dan Maknanya. Sari – International Journal Of The Malay World And Civilisation 28(2) (2010): 259 – 277

Wiwit Setiyani. 2012. Analisis Morfo-Semantis  Jeneng Tuwa Di Desa Watuagung Kecamatan Tambak Kabupaten Banyumas. Skripsi Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta.

Setya Amrih Prasaja. 2018. Pembelajaran Aksara Jawa. Makalah seminar MGMP Bahasa Jawa SMA dan SMK DIY.

Tim. 1926. Wawaton Panyeratipun Tembug Jawi Mawi Sastra Jawa Dalasan Angka. Landsdrukkrij Weltevreden: Surakarta.

15 comments
  1. Triwik Damarjati

    Manawi saged dipun purwakani ringkes ngengingi sujarah aksarajawa (ilmiah) minangka pandam-pandoming panyeratan supados boten gidhuh kaliyan dongeng ing serat Ajisaka.Maturnuwun

  2. XMM2 DWI HANDIKA YULIANTO

    1. Rajimin kuwi adigang adigung lan adiguna
    2. Wangsa guno kuwi urip pekaya dene aji godong garing.
    3.Sakwisse ditinggal wong tuwo ne truna krama kata wayang ilang gapitte
    4.Sukesih Kuwi wong bidhung api rowang?
    5.rukmini kuwi wong sing seneng carang canthel
    6.dadi bocah aja kaya sigit mulyana,durung pecus keselak besusa
    7. Mesakke nasibe rusta mbebasane gayuk-gayuk tuna, anggayuh-anggayuh luput
    8. Urip kuwi aja ketapang ngrangsang gunung, mundhak kaya sugiyanta
    9. Beja tenan suraji kae, ambrojol sela ning garu

  3. Andhika Rahma putra

    Radèn Kumbakarna iku sawijining raseksa kang duwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané

  4. RANGGA ANANTA PUTRA

    1.aksara jawi ing masa menikah dipunsusun kaliyan fonetis, adhedhasar pengaturan panini, lan dados basis lebeting penyusunan aksara jawi lebet unicode

    2.aksara jawi jaman saiki mboten benten kaliyan jaman semanten namung[naming] benten ing bentuk seratanipun mawon

    benten ingkang paling ketawis lebet pedoman ingkang enggal menikah inggih menikah pangageman aksara murda sampun dipunanggep kados layakipun aksara kapital kados ing pangageman aksara kapital lebet aksara latin, tanpa ngindahaken tradisi dangu inggih menika rawuhipun aksara murda dados pendamping penyeratan tembung jawi kina — pertengahan.

    3.mewujudkan basa lan sastra jawa dadi piranti pergaulan sing efektif uga sumber aji-aji kutaman manusia. piwulang basa jawa kudu luwih fungsional, adaptif, fleksibel lan nggeret.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *