Bagian 2 dari 4 Bagian
Nyuwun Pirsa
Bayu:
“Mbak, aku didhawuhi Bu Guru takon asmane lengkape Pak Dhukuh. Olehe matur kepriye ya? Aku wedi yen basane kleru.”
Arum:
“Percaya dhiri wae, Dhik. Matur marang Pak Dhukuh iku kudu alon, tangan ngapurancang, basane krama.”
Bayu:
“Ya nggon basa krama kuwi Mbak aku sing wedi kleru”.
Arum:
“Ya saiki matur bapak, ben diwarahi!”
Pak Teguh:
“Lho, jare arep sowan Pak Dhukuh kok durung mangkat Bim?”
Arum:
“Dhik Bima ajrih boten saged matur.”
Pak Teguh:
“Lha, mung matur kok wedi. Sing penting unggah-ungguhe bener.”
Bayu:
“Anggenipun matur kados pundi, Pak?”
Pak Teguh:
“Matur mengkene, Pak, kula badhe nyuwun pirsa asma lengkap panjenengan menika sinten? Ngono wae!”
Bayu:
“Ingkang leres nyuwun pirsa menapa mundhut pirsa, Pak?”
Pak Teguh:
“Tumprap kanggo awake dhewe kuwi nyuwun pirsa. Nanging yen kanggo ngandhakake wong liya sing dikurmati kuwi mundhut pirsa.
Bayu:
“Wo, nggih matur nuwun. Mangke badhe kula cobi.”
- Sapa sing didhawuhi takon asmane lengkape Pak Dhukuh?
- Apa sebabe Bayu wedi?
- Manut Arum, wong matur marang Pak Dhukuh iku kepriye?
- Kepriye kudune Bayu anggone matur Pak Dhukuh?
- Apa bedane nyuwun pirsa karo mundhut pirsa?
Pacelathon iki tindakna karo kancamu!
Bayu:
“Kula nuwun.”
Pak Dhukuh:
“Mangga, mangga Mas. Iki yen ora kleru kaya Mas Bayu?”
Bayu:
“Leres Pak. Kula Bayu Samodra.”
Pak Dhukuh:
“Wah, apik jenengmu. Bayu Samodra iku tegese angin segara.”
Bayu:
“Inggih, Pak, leres.”
Pak Dhukuh:
“Kok kadingaren, sore-sore mrene apa perlu apa?”
Bayu:
“Pak, kula badhe nyuwun pirsa asma lengkap panjenengan menika sinten?”
Pak Dhukuh:
“Takon jenengku arep kanggo apa, Yu?”
Bayu:
“Pikantuk tugas saking Bu Guru Arina, Pak.”
Pak Dhukuh:
“Wo ngono. Yoh catheten. Jeneng lengkapku Mardi Raharja?”
Bayu:
“Menapa wonten tegesipun, Pak?”
Pak Dhukuh:
“Ana. Mardi tegese golek. Raharja tegese slamet. Mardi Raharja tegese golek keslametan”
Bayu:
“Inggih sae, Pak. Nyuwun pamit matur nuwun.”
Ukara iki owahana dadi krama alus!
Niki napa omah samang? – Menika menapa dalem panjenengan?
- Nami samang niku jane sinten?
- Benjing samang saged dugi boten?
- Samang ajeng tumbas napa?
- Napa samang purun takkei pelem?
- Kepripun kabare ibu samang?
Gawea ukara pitakon nganggo tembung-tembung iki!
- Jeneng: Sapa jenengmu, Dhik?
- Asma: Sinten asma panjenengan?
- Mangan: …..
- Dhahar: …..
- Mulih: …..
- Kondur: …..
- Omong: …..
- Ngendika: …..
- Turu: …..
- Sare: …..
Rembugen
Apa kowe wis bisa guneman nganggo basa Jawa sing cocog karo unggah-ungguh basa Jawa? Rembugen karo bapak lan ibumu supaya kowe bisa basa Jawa sing becik lan bener!
Bagian 2 dari 4 Bagian