Bagian 2 dari 4 Bagian
Ngarang Tembang
Palupi:
“Pakdhe, kula nyuwun tulung dipuntuturi damel tembang macapat Kinanthi!”
Pakdhe Danu:
“Apa kowe durung bisa, Ndhuk?”
Palupi:
“Dereng, Pakdhe.”
Pakdhe Danu:
“Pathokane ngarang tembang macapat kuwi padha, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.”
Palupi:
“Ngendikanipun Bu Guru Wara, tembang Kinanthi menika gungunging guru gatra utawi larik wonten 6, guru wilangan saben larik sami 8 sedaya, lan guru lagunipun u, i, a, i, a, i.”
Pakdhe Danu:
“Lha, gene wasis! Coba gatekna tembang Kinanthi iki! Asma kang becik puniku, kang darbe pangajab ugi, upama asma Utama, pangajabe mrih utami, upami nama Santosa, mrih kuwat lair lan batin.”
Palupi:
“Menika temanipun menapa, Pakdhe?”
Pakdhe Danu:
“Coba bedheken temane apa!”
Palupi:
“Menawi boten klentu temanipun asma.”
Pakdhe Danu:
“Bener. Lha gene pinter.”
Palupi:
“Inggih Pakdhe! Kula sampun ragi dhong. Kula badhe nyobi.”
Pakdhe Danu:
“Iya, nyobaa! Aja wedi kleru! Yen kleru dakbenerne.”
Palupi:
“Inggih Pakdhe, matur nuwun.”

Wangsulana pitakon iki nganggo basa krama!
Pitakon: Apa judhule wacan iku!
Wangsulan: Wacan menika judhulipun Ngarang Tembang.
- Sapa sing omong-omongan?
- Bab apa sing diomongake?
- Tembang apa sing ditakokake Palupi?
- Kepriye pathokane ngarang tembang?
- Pira gunggunge guru gatra tembang Kinanthi?
- Tembang sing dicontokake Pakdhe Danu temane apa?

Golekana tegese! Rembugen karo kancamu!
- asma: …..
- darbe: …..
- pangajab: …..
- utama: …..
- utami: …..
- santosa: …..
- tema: …..
Sing omong-omong ing pacelathon kasebut yaiku Palupi lan Pakdhe Danu. Tembung palupi iku tegese conto, mbok menawa bapak ibune Palupi duwe pangajab supaya putrane besuk bisa dadi conto kang becik.

Jeneng-jeneng ing ngisor iki uga ngemu pangajab. Golenana pangajabe manut tegese tembung!
Teguh Widada
Pangajabe: …..
Pangayoman
Pangajabe: …..
Anteng Jatmika
Pangajabe: …..
Asih Sesami
Pangajabe: …..
Puspa Arum
Pangajabe: …..


Rembugen karo kancamu!
- Guru guru gatra iku apa?
- Guru wilangan iku apa?
- Guru lagu iku apa?
- Cengkok iku apa?
- Watake tembang Kinanthi iku kepriye?
Crita
Wacan ing dhuwur critakna maneh, lan paragakna liwat video, banjur sebarke marang kanca-kancamu!
Bagian 2 dari 4 Bagian