Loading...
Bahasa Jawa - Kelas V

Wulangan 2: Patemon 1


Bagian 1 dari 4 Bagian

 

  1. Memahami tembang macapat Kinanthi, dan geguritan.
  2. Melantunkan tembang macapat Kinanthi, dan menyampaikan geguritan.

Melalui ceramah, diskusi, latihan, dan Tanya jawab, siswa dapat:

  • menemukan kata-kata sulit dalam naskah tembang Kinanthi
  • menyusun parafrase dari sebuah naskah sebait tembang Kinanthi
  • menemukan pesan dari sebuah teks tembang kinanthi.
  • menjawab pertanyan isi bacaan yang berkaitan dengan tembang.
  • menjelaskan pauegarn tembang macapat.
  • menjelaskan arti tembung entar
  • menjelaskan hal-hal yang harus diperhatikan dalam belajar nembang.
  • melagukan tembang sebait Kinanthi.

 

Tembang Kinanthi iku kalebu tembang macapat. Tembang macapat iku kawengku dening paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

  • Guru gatra yaiku cacahe larik ing saben tembang.
  • Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben larik.
  • Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning larik.

Bab-bab kang kudu digatekake utawa disinau nalika arep ajar nembang yaiku:

  1. Laras utawa nada, ana loro: pelog lan slendro
  2. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
  3. Pedhotan yaiku wektu pangasoning napas nalika nglagokake tembang.
  4. Andhegan yaiku wektu mandheg utawa ngaso ing gatra utawa larikan tartamtu nalika nembang.
  5. Luk yaiku pangeluing swara ing wanda-wanda sajroning tembang
  6. Gregel utawa Embat yaiku membat mentuling swara.

 

 

 

Rungokna tembang iki!

Kinanthi Lipur Swara; Pelog Pathet Barang; Cakepan: Serat Wulangreh (Pakubuwono IV)

  1. Gulangen = ngasah, nglatih, nggladhi
  2. Kalbu = ati
  3. Sasmita = pratandha (Ind: isyarat)
  4. Amrih = supaya
  5. Lantip = landhep pikire, gathekan
  6. Nendra = turu
  7. Kaprawiran = kekedelan (Ind: kepahlawanan)
  8. Pesunen = ketogna, gladhinen
  9. Sariranira = awakmu
  10. Guling = turu
  11. Asukan-sukan = seneng-seneng (ind: foya-foya)
  12. Sawatawis = sawetara.
  13. Prayitnaning = pangati-atining, kawaspadaan

 

Bagian 2.1.1.

Gawenen parafrase!

  • Tembang: Padha gulangen ing kalbu

Parafrase: …..

  • Tembang: ing sasmita amrih lantip

Parafrase: …..

  • Tembang: aja pijer mangan nendra

Parafrase: …..

  • Tembang: kaprawiran den kaesthi

Parafrase: …..

  • Tembang: pesunen sariranira

Parafrase: …..

  • Tembang: cegah dhahar lawan guling

Parafrase: …..

  • Tembang: Dadiya lakunireku

Parafrase: …..

  • Tembang: cegah dhahar lawan guling

Parafrase: …..

  • Tembang: lawan aja asukan-sukan

Parafrase: …..

  • Tembang: anganggoa sawatawis

Parafrase: …..

  • Tembang: ala watake wong suka

Parafrase: …..

  • Tembang: suda prayitnaning batin

Parafrase: …..

 

Cakepan tembang Kinanthi ing dhuwur kapethik saka Serat Wulangreh anggitane Pakubuwana IV. Asma Pakubuwana tegese pakuning jagat.

 

Bagian 2.1.2.

Golekana tegese asma-asma ing ngisor iki!

  • Mangkunegara: …..
  • Padmasusastra: …..
  • Ranggawarsita: …..
  • Wasitadipura: …..
  • Sapta Raharja: …..
  • Wardaya: …..
  • Arintaka: …..
  • Lejar Subrata: …..
  • Ajar Panular: …..
  • Ratna Ayu: …..

 

Klik nang kene nggo ngerteni kang luwih lengkap

 

Goleka cakepan tembang Kinanthi liyane! Tembangna lan tulisen piwulang sing tinemu ing isine tembang! Rembugen karo bapak lan ibumu!


Bagian 1 dari 4 Bagian

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *