Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 3.3: Gladhen Cangkriman lan Parikan


Bagian 4 dari 4 Bagian

 

Nalika istirahat  Gagah sowan marang bu Warih ing kantor guru saperlu nyuwun pirsa babagan cangkriman wancahan tembung kang ana gegayutane karo jeneng Jawa.

 

Gagah:

“Bu, badhe nyuwun pirsa babagan wancahan tembung wonten gayutanipun kaliyan jeneng menapa kepareng?”

Bu Warih:

“Wo lha ya kepareng wae. Kowe arep nyuwun pirsa bab kuwi?”

Gagah:

“Inggih Bu, kala wau kula boten nggatosaken dados kirang cetha”

Bu Warih:

“Oh ngono. Dadi cethane, cangkriman iku ana kang awujud wancahan utawa basa Indonesiane singkatan saka tembung loro utawa luwih. Umpamane wancahan saka jeneng Jawa kayata Mantri iku wancahan saka Darman lan Lastri, Tiwi iku Wanti lan Duwi”

Gagah:

“Oh ngaten nggih Bu. Wah sae nggih Bu? Kados ibu kula asmanipun Tiya niku jebul saking asmanipun simbah kula Suti kaliyan Surya”

Bu Warih:

“Bener. Gene kowe yap inter ngentha-entha jeneng”

Gagah:

“Nggih Bu, gandheng sampun cekap kula matur nuwun lan kepareng nyuwun pamit wangsul dhateng kelas”

Bu Warih:

“Iya mas, kana ndang bali menyang kelas”

Gagah:

“Nggih Bu, matur nuwun. Pareng Bu”

 

Dina Selasa jam kaping pisan lan kapindho wulangan ing kelas pitu B yaiku basa Jawa. Bu Warih, kang ngasta wulangan basa Jawa wis mbiwarakake  marang para siswa menawa dina Selasa iki bakal maringi wulangan babagan cangkriman lan parikan mula para siswa didhawuhi nyawisake bab-bab kang ana gegayutane karo materi piwulangan. Jam pitu pas bu Warih wis ana jero kelas semono uga siswa-siswane kabeh wis lungguh ing kursine dhewe-dhewe siap nampa wulangan saka guru.

Sawise kabeh tumata, bu Warih nuli miwiti wulangan kanthi salam diterusake ndonga bebarengan banjur ngecek siswa kang melu wulangan dina iku.

Bu Warih:

“Para siswa, dina iki ibu arep paring wulangan bab cangkriman. Kanggo njajagi kawruhmu bab cangkriman mula ibu arep ngajak para  siswa dolanan bedhekan. Mula ayo nggatekake aturane dolanan iki!”

Para  siswa:

“Siap Bu Guru”

Bu Warih:

“Nah sadurunge para siswa kudu gawe klompok papat-papat. Saben klompok nganggo jeneng tokoh wayang umpamane Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa, Arimbi, Subadra, Larasati lan liya-liyane. Yen wis ngumpul ing klompoke dhewe-dhewe ibu arep maringi kuis kang kudu kok jawab. Saben klompok kepareng njawab kanthi aweh tandha ngacungake tangan. Mengko kang bisa njawab  ibu paringi bintang. Sapa kang paling akeh bintange bakal ibu paringi hadiah!”

Bondhan:

“Wah..mathuk iki. Hadhiahipun menapa Bu?”

Bu Warih:

“Ya mengko rak ya ngerti, yen saiki isih rahasia” Sawise para siswa ngumpul ing kelompoke bu Warih nuli miwiti paring pitakon marang para siswa.

Bu Warih:

“Bocah-bocah wis tau mangan sup buah?”

Para siswa:

“Sampun Bu!”

Bu Warih:

“Nah, sup apa kang ora enak nanging bisa sekolah, bisa masak, bisa nuli lan bisa werna- werna?”

Bagas:

“Wah bu guru ki aneh, ndhagel!”

Kingkin:

“Kula ngertos Bu!. Niku Si Suparmi”

Bu Warih:

“Wah pinter kowe Kingkin! Iki bintangmu!. Saiki pitakon nomer loro wangsulana. Duwe gulu, duwe lengen, duwe awak ora duwe sikil?”

Palupi:

“Yen boten klentu niku klambi Bu”

Bu Warih:

“Wah kok pinter kowe Pi?”

Arum:

“Wah ya cetha Bu, karang ya ibune penjahit je”

Bu Warih:

“Oh ngono. Nanging jawabane pancen bener. Iki bintange Palupi. Saiki pitakon nomer telu, kewan apa kang mung sakhuruf?”

Kingkin:

“Ah paling niku ‘z’ Bu!”

Bu Warih:

“Pinter kowe Kingkin. Iki bintangmu maneh!. Saiki pitakon nomer papat yaiku lem, lem apa kang rasane enaaak banget?”

Kingkin:

“Niku lemper kalih lemet Bu”

Bu Warih:

“We lha pinter tenan kowe Kingkin, wis oleh bintang telu je!. Saiki pitakon nomer lima, apa yen dipisah ora enak, yen digandheng dadi enak banget?”

Arum:

“Tongseng!”

Bu Warih:

“Bener! Arum bintange wis loro. Saiki kudu digarap bareng klompokmu ya! Sebutna jeneng uwong Jawa kang diwiwiti nganggo  huruf ‘P’ rongpuluh, wektune limang menit! Sapa paling cepet oleh bintang”

 

Para siswa nuli padha nggarap kuis kang diparingake bu Warih nganti bates wektu kang ditemtokake. Sawise limang menit nuli salah siji kelompok ngacung tandha kepingin mangsuli pitakone

 

Bu Warih:

“Ya ayo Bagas diwangsuli”

Bagas:

“Paijem, Paija, Paini, Painem, Partini, niku sedhereke simbah kula Bu. Putri, Palupi, Puntadewa, Prita, Permadi, Pramana, Pratama, Purwanta, Purnama, Pramudani, Priambada, Prasetya, Pratiwi, Prastawa, Purnami. Leres boten Bu?”

Bu Warih:

“Iya bener. Bagas oleh bintang. Nah bocah-bocah bintange  diklumpukake, sing paling akeh bintange bakal ibu paringi hadhiah  iki”

 

Sawise kabeh kelompok ngaturake jawaban lan bu Warih banjur paring hadhiah marang salah siji kelompok kang antuk bintang paling akeh. Bu Wraih lan para siswa rumangsa seneng dene dina iku wis bisa nindakake kegiatan pembelajaran babagan cangkriman kanthi rancag, mula sawise wektu  kurang limang menit bu Warih nuli paring pangandikan lan mungkasi kegiatan dina iku.

 

Bagian 3.3.1
  1. Wacan kasebut wose ngandharake babagan apa?
  2. Kang ngasta basa Jawa ing wacan kasebut asmane sapa?
  3. Sapa wae siswa kang bisa mangsuli cangkrimane bu guru ing wacan kasebut?
  4. Sapa arane siswa kang bintange paling akeh?
  5. Sapa wae jeneng Jawa modhel anyar kang diwiwiti nganggo huruf ‘P’ miturut wacan kasebut?

 

Dina iku bu Warih paring wulangan basa Jawa ing kelas 7C kanthi modhel klompok pasangan. Kabeh siswa dipara dadi rong kelompok yaiku kelompok Hastina lan kelompok Amarta. Kelompok Hastina duwe anggota patbelas siswa mapan ing sisih kiwa, dene kelompok Amarta cacah nembelas siswa mapan ing sisih tengen. Bu Warih paring kertu kang isine ukara-ukara minangka woding parikan kanggo kelompok Hastina cacahe patbelas kang kudu digujengi saben siswa siji kertu, semono uga kanggo kelompok Amarta uga oleh kertu saka bu Warih cacah patbelas saben kertu kang isine  ukara wangsulan saka parikan kang digawa dening klompok Hastina. Sakliyane iku ana papat siswa minangka tim pambiji diparingi amplop cacah patbelas. Sawise kabeh tata jejer kanthi nyekel kertune dhewe-dhewe, bu Warih nuli paring pangandikan babagan aturan dolanan kertu pasangan kasebut.

Bu Warih:

“Para siswa, apa isih ana kang durung oleh kertu?”

Para siswa:

“Boten Bu, sedaya sampun pikantuk”

Bu Warih:

“Yen ngono saiki ibu terangake carane dolanan. Mengko saben  siswa ing kelompok Hastina urut macakake ukara kang ana ing  kertune, dene siswa ing klompok Amarta kudu bisa nuduhake  wangsulan kang trep karo ukara kang diwaca kancamu saka  Hastina kasebut!”

Bondhan:

“Yen salah pripun Bu?”

Bu Warih:

“Nah, yen wis ketemu utawa cocok mula banjur digawa maju  diwadhahake ing amplop kang wis dicawisake, sabanjure ditliti  tim pambiji. Yen ora cocok wangsulane mengko diukum”

Palupi:

“Hah…diukum? Gek mangke ukumane menapa Bu?”

Bu Warih:

“Ukumane apa bocah-bocah?”

Angger:

“Nraktir kancane nggih Bu?”

Sekar:

“Wuu… ya aja ngono kuwi. Sangune ora cukup no yen kudu  nraktir kancane. Kuwi jenenge ngrekasakke”

Bu Warih:

“Iya Sekar pancen bener. Ukumane sik entheng wae lan ora  ngebot-boti kanca. Piye yen sik ora nemokake pasangane  utawa ketemu pasangane nanging salah diukum kanthi  nembang utawa njoged?”

Gagah:

“Lha  ngaten niku mawon Bu, kula sarujuk”

Bu Warih:

“Piye para siswa?”

Para siswa:

“Sarujuk Bu”

 

Sawise kabeh nyarujuki aturan main,  dolanan banjur diwiwiti. Bocah-bocah rumangsa seneng nalika padha nggoleki pasangane, dene jumbuh karo aturan kang wis disarujuki, ana saperangan bocah kang ora bisa nemokake pasangane banjur diukum kanthi nembang.

 

Bagian 3.3.2.
  1. Wosing wacan dina iku ngandharake babagan apa?”
  2. Kepriye carane bu guru maringi wulangan dina iku?
  3. Tim apa wae kang digawe dening bu guru ing kegiatan kasebut?
  4. Geneya Sekar ora sarujuk marang panemune Angger?
  5. Kepriye aturane dolanan kertu pasangan ing kegiatan kasebut?

 

Bagian 3.3.3.

Penugasan kelompok

  • Bebarengan karo kelompokmu, semaken tuladha cangkriman ing ngisor iki banjur wangsulana pitakon adhedhasar cangkriman kasebut!

Nyata kowe wasis, sis
Batangen sing gelis, lis, lis, lis..
Cangkriman telu iki …
Jangkrik sungut slawe, batangane apa,
Manuk ndhase telu batangane apa,
Bapak demang, mang klambi abang, bang, bang
Disuduk manthuk-manthuk …

Sakwise kok semak, golekana:

    • batangane cangkriman,
    • isine tembang
    • pitutur saka tembang!

 

  • Tuladha parikan ing lagu Numpak Sepur iki tembangna banjur wangsulana pitakon adhedhasar tembang kasebut!

Numpak Sepur

(Cakepan dening Suyati)

Sinten numpak sepur, sareng mbak Purwanti; Yen kepingin makmur, kudu sing taberi
Sinten numpak sepur, sareng mas Purwanta; Yen kepingin makmur, ja wedi rekasa
Sinten numpak sepur, jejer karo Wisnu; Yen kepingin makmur, sregepa sinau
Sinten numpak sepur, karo pak Waluya; Yen kepingin makmur, sregepa makarya

Sakwise kok semak, golekana:

    • isine parikan kasebut!
    • pitutur saka parikan kasebut!

 

  • Cangkriman iki wangsulana!
    • Gawea jeneng Jawa kawiwitan ater-ater Su- kang tegese kabar kang becik (7 huruf)!
    • Gawea jeneng Jawa kawiwitan ater-ater Su- kang tegese cahya kang becik (7 huruf)!
    • Gawea jeneng Jawa kang tegese wong wadon kang setya (7 huruf )!
    • Gawea jeneng Jawa kang tegese wong lanang kang becik (7 huruf)!

 

  • Gawea parikan kanthi migunakake jeneng Jawa ing salah siji ukarane 4 wae!
  • Parikan ing ngisor iki (antarane kang nganggo angka lan nganggo huruf) pasangna kanthi trep!

1. Tuku pangsit dijaluk Pandhu
2. Nandur nangka digawa Tegar
3. Numpak andhong jejer Bagas
4. Numpak dhokar jejer Ratri
5. Tuku pangsit karo Enggar
6. Klapa sawit dipangan kadhal
7. Ana gethuk dipangan Reksa
8. Ana pitik diidak Anggara
9. Ana kadhal diidak Jatmika
10. Ana kaleng diidak Asmara

——————————————-
A. Dadi siswa kudu sabar
B. Dadi murid sregepa sinau
C. Watak sabar dipepetri
D. Gotongroyong kanthi iklas
E. Dadi murid aja nakal
F. Dadi murid kudu sabar
G. Aja serik mundhak sengsara
H. Aja umuk mundhak sengsara
I. Aja nakal mundhak cilaka
J. Aja nggleleng mundhak sengsara

 

Bagian 3.3.4.

Penugasan Individu

  • Cangkriman wancahan tembung kang ana gayutane karo pangan iki golekana batangane!
    • Celle mbelsi
    • Gara mbeldhes
    • Toyam soreng
    • Leyam ledhus lepi lelung
  • Cangkriman wujud ukara pitakon iki wangsulana!
    • Golekana jeneng uwong Jawa kang diwiwiti kanthi aksara (B) sepuluh wae!
    • Golekana jeneng wong Jawa kang diwiwiti aksara (S) sepuluh wae!
    • Perangane omah bisa pecah lamun ketiban cecak enak dipangan, apa ta kuwi?
    • Prabotan omah duwe sikil yen disingkur dadi kebak isine, apa ta kuwi?
  • Cangkriman pepindhan iki golekana batangane!
    • Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh
    • Anake gelungan simboke ngrembyang
    • Diketok malah dhuwur
    • Dikethok dadi dawa disambung dadi cendhak
  • Cangkriman plesedan iki terangna karepe!
    • Wong lara wudunen iku sugih pari.
    • Aja tuku dhawet ing prapatan kae wong olehe meresi santen nganggo kathok!
    • Ana gajah ngidak endhog ora pecah!
    • Ana wong mati ditunggoni uwong thethenguk!
  • Cangkriman awujud tembang iki golekana batangane!
    • Bapak Pocung dudu watu dudu gunung; Sangkamu king Plembang; Ngon-ingone Sang Bupati; Yen lumampah si pocung lambeyan grana
    • Bapak Pocung renteng-renteng kadya kalung; Dawa kaya ula; Pencokanmu wesi miring; Lunga teka si pocung ngumbar suwara
    • Bapak Pocung amung sirah lawan gembung; Padha dikunjara; Mati sajroning ngaurip; Lamun mijil si pocung dadi dahana
    • Bapak Pocung amung alit wujudipun; Mapan ing talingan; Agemane para putri; Angrenggani jangkepe ngadi busana
  • Parikan (kanthi pola 4+4 x 2) iki ganepana nganggo larik isi kang trep!
    • Menyang kutha karo Wahyu; …..
    • Menyang Mrisi bareng Narya; …..
    • Pakdhe Anggit tindak Jogja; …..
    • Bu Ponijah bakul bubur; …..
  • Parikan (kanthi pola 3 + 5 x 2 ) iki ganepana nganggo larik isi kang trep!
    • Kembange, dipethik Rukmi; …..
    • Klapane, diparut Putri; …..
    • Nangkane, diimbu Setya; …..
    • Jambune, dipangan Rini; …..
  • Parikan (kanthi pola 4+6 x 2 ) iki ganepana nganggo larik isi kang trep!
    • Numpak andhong, kusire kang Mardi
    • Numpak andhong, kusire kang Sarju
    • Numpak andhong, kusire kang Warta
    • Numpak andhong, kusire kang Ganjar
  • Parikan (kanthi pola 4 + 8 x 2 ) iki ganepana nganggo larik isi kang trep!
    • Iwak wader, diseseri karo Bayu
    • Iwak wader, diseseri karo Bogi
    • Iwak wader, diseseri karo Jarwa
    • Iwak wader, diseseri karo Enggar
  • Parikan (kanthi pola 8 + 8 x 2) iki ganepana nganggo larik isi kang trep!
    • Kembang mlathi ja dipepe, Disiram banyu karo Yogi; ….., …..
    • Kembang waru celak griya, Dipethik Daru lan Ratri; ….., …..
    • Kembang mawar dipuguti, Dironce ditumpuk telu; ….., …..
    • Ana putri jenenge Sekar, Duwe adhi jenenge Puspa; ….., …..

Bagian 4 dari 4 Bagian


 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *