Loading...
Bahasa Jawa - Kelas VII

Wulangan 2.1: Jeneng Minangka Japa


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

Crita pengalaman yaiku crita kang isine ngandharake kedadean kang wis tau dideleng/ ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane. Crita pengalaman bisa arupa crita kang sedhih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang diduweni wong liya.

 

Pigunane Crita Pengalaman:

  1. Minangka sarana ngudhar reruweting pikir
  2. Nambahi kawruh
  3. Minangka piwulang/ guru kang utama/“experience is the best teacher”
  4. Minangka panglipur

 

Jeneng Minangka Japa

Dhek dina sabtu aku, bapak, ibu lan adhiku sowan daleme simbah ing Kulon progo.  Bapak ibuku meh saben sesasi sepisan tindak ing daleme simbah amarga simbahku ora ana kang ngancani. Aku seneng bisa ketemu simbah amarga mesthi diparingi sangu lan kerep dicritani werna-werna, kaya dhek dina Minggu simbah ngendika:

 

Simbah:

“Kepriye anggonmu sekolah ing SMP rak ya seneng ta?”

Bagus:

”Inggih mbah remen kancanipun kathah”.

Simbah:

“Mbok simbah dicritani pengalamanmu nalika mlebu sepisanan wingi.”

Bagus:

”Sepisanan kula dheg-dhegan ajrih, soale dereng dha kenal, sareng sampun kenal nggih remen.”

Simbah:

“Kepriye critane Gus?”

Bagus:

“Sadangunipun tigang dinten dipunwontenaken kegiatan PLS (Pengenalan Lingkungan Sekolah) siswa dipandu OSIS dikenalake papan-papan ingkang wonten ing sekolahan kados ta laboratorium, mushola, ruang TI, lsp. kalebet kenalan kaliyan kanca-kanca lan bapak ibu guru, Kula dheg-dhegan pas didhawuhi kenalan majeng setunggal mbaka setunggal.”

Simbah:

“Lha kok dheg-dhegan ngapa?”

Bagus:

“Saben siswa didhawuhi majeng lan nepangaken naminipun piyambak-piyambak lajeng didangu tegesipun menapa, kathah kathah ingkang mbotensaged amargi naminipun aneh-aneh”.

Simbah:

“Lha awakmu bisa ora negesi jenengmu?”

Bagus (mangsuli karo ngguyu):

“Saged mbah Bagus Wicaksana tegesipun” gantheng dan bijaksana,” Gagus mangsuli karo ngguyu.

Simbah (melu gumujeng, mirsani putune sajak nggleleng):

“Ya bener kandhamu. Mula ta mula jeneng kuwi gunane ora mung kanggo sebutan thok. Nanging ana ancase. Wong jaman biyen ngarani jeneng minangka japa.”

Bagus:

“Menapa tegesipun mbah?

Simbah:

“Kejaba kanggo sebutan, peparab jeneng iku uga mujudake donga pangarep-arep, mula becike yen menehi jeneng marang anakke ya sing becik.”. Contone: Basuki, slamet, widada, raharja, rahayu, wilujeng  tegese bisaa uripe  slamet terus ya slamet neng donya lan akherate. Anindita tegese sempurna, unggul, Puspa tegese kembang, sekar , tuladha liyane Wulandari tegese duwe pangarep-arep  bisaa dadi putri kang ayu apik sulistya kaya endahe rembulan. Ana maneh sebutan Kyai, Nyai, Ki, den, ndara sebutan kanggo menehi kurmatan. Jeneng kang nuduhake nom tuwane utawa urutan anggone lahir kayata eko, Dwi, Tri, Catur lst.

Bagus:

Wo ngaten nggih mbah saweg mangertos kula. Pranyata tembung-tembung jawi tegesipun sae-sae, nanging lare samenika naminipun kathah ingkang saking tembung-tembung manca.”

Simbah:

“Iya kaya mengkono iku, mula sapa maneh sik nguri-uri yen ora awake dhewe, mula ayo padha dilestarekake.”

Ora krasa mirengake ngendikane simbah ngerti-ngerti wis sore, mula ibu ndhawuhi aku kon tata-tata gek bali ndhak ketinggalan bis. Bareng pamitan bali aku diparingi sangu karo simbahku.

 

Bagian 2.1.
Sawise maca lan nyemak pacelathon ing dhuwur wangsulana pitakonan iki!
  1. Sapa wae kang sowan ing daleme simbah?
  2. Ana ing ngendi daleme simbah?
  3. Apa sebabe atine Bagus dheg-dhegan nalika kon maju kenalan?
  4. Apa karepe unen-unen “jeneng kuwi minangka japa”?
  5. Wenehana tuladhane jeneng-jeneng kang nggunakake tembung-tembung jawa!

 

Kawruh Tembung

Ana ing crita pengalamane Bagus ing dhuwur ana tembung Basuki, slamet, widada, raharja, rahayu, wilujeng, tembung-tembung iki duwe teges kang padha, tembung kang duwe teges pirang-pirang kaya mangkene iki diarani dasanama utawa sinonim.

Tuladha tembung-tembung lan dasanamane tembung:

  1. Lintang: wintang, Kartika, sudama, taranggana, sasadara
  2. Bulan: candra, wulan, sasadara
  3. Anak: atmaja, putra, sunu, siwi, suta, yoga
  4. Angin: bayu, bajra, maruta, pawana, samirana, erawati
  5. Kembang: puspa, puspita, sekar, sari, kusuma, padma
  6. Banyu: warih, tirta, her, sindu, we, arjuna
  7. Jeneng: peparab,jejuluk, asma, wewangi, tengeran
  8. Gunung: wukir, aldaka, giri, ardi, meru, arga, ancala
  9. Inten: galuh, nila, retna, kumala, manik, kumala,
  10. Pinter: wasis, wignya, widigda, guna, budiman, wicaksana, limpad, lebda, sentika

 

Budi Pekerti

Saka crita pengalaman ing dhuwur bisa dijupuk piwulang budi pekertine yaiku:

  1. Tansah munjukaken rasa syukur dhumateng Gusti Alloh.
  2. Nuwuhaken rasa tresna asih marang pepadhaning titah.
  3. Nuwuhake rasa bekti marang wong tuwa
  4. Nuwuhaken kekendelan kanggo micara
  5. Nuwuhaken kreativitas berbahasa Jawa.
  6. Nuwuhaken rasa tresna barang kabudayan jawa

 


 


Bagian 2 dari 4 Bagian

 

4 comments
  1. Frika Amalia Putri

    1. Bagus, bapak, ibu, lan adhine.

    2. Kulon progo.

    3. Soale dhurong kenal.

    4. Iya kaya mengkono iku, mula sapa maneh sik nguri-uri yen ora awake dhewe, mula ayo padha dilestarekake.

    5. Jeneng kang nuduhake nom tuwane utawa urutan anggone lahir.

  2. Axsel daniswara

    Jawab
    1.kulo,bapak kalihan ibu
    2.kulon progo
    3.amargi dereng kenal
    4.kejaba kanggo sebutan peprab jeneng iki uga mujudake donga arep arep
    5.eko raharja
    Dwi puspa
    Anindita catur

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *